Kromosom

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Gambar 1: Kromosom. (1) Kromatid. Salah siji saka rong pérangan identik kromosom kang kawangun sawisé fase S ing panyigaran sel. (2) Sentromer. Papan sambungan kaloro kromatid, lan papan nempèlé mikrotubulus. (3) Lengen cendhak (4) Lengen dawa.

Kromosom wujud struktur makromolekul gedhé kang ngamot DNA lan nggawa informasi genetik sajeroning sel. DNA kabuntel sajeroning siji utawa luwih kromosom.

Sawijining kromosom (ing basa Yunani chroma = warna lan soma= awak) iku seberkas DNA kang dawa banget lan berkelanjutan, kang ana akèh gen unsur regulator lan sekuens nukleotida liyané.

Sajeroning kromosom eukariota, DNA kang ora kakondensasi ana sajeroning struktur order-quasi sajeroning nukleus, ing ngendi dhèknèné mbungkus histon (protéin struktural, Gambar 1), lan ing ngendi material komposit iki diarani chromatin. Sakwéné mitosis (panyigaran sel), kromosom kakondensasi lan diarani kromosom metafase. Babagan iki njalari saben kromosom bisa diamati liwat mikroskop optik.

Saben kromosom duwé rong lengen, kang cendhak diarani lengen p (saka basa Prancis petit kang tegesé cilik) lan lengen kang dawa lengan q (q sawisé p sajeroning alfabet).

Prokariota ora duwé histon utawa nukleus. Sajeroning kaanan santainé, DNA bisa diaksès kanggo transkripsi, regulasi, lan replikasi.

Kromosom pisanan diamati déning Karl Wilhelm von Nägeli nalika taun 1842 lan ciri-ciriné dijelasaké kanthi detil déning Walther Flemming taun 1882. Nalika taun 1910, Thomas Hunt Morgan mbuktèkaké yèn kromosom wujud panggawa gen.

Pirsani uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]