Sèl (biologi)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Gambar struktur sèl gabus tutup gendul kang didelok nganggo mikroskop déning Robert Hooke saka buku Micrographia kang dadi mula bukané tembung sèl dipigunaaké kanggo ndhèskripsikaké unit paling cilik organisme urip

Sèl iku unit organisasi paling cilik kang dadi dhasar kauripan ing pangertèn biologis. Kabèh fungsi kauripan diatur lan dumadi ing njeron sel|sèl. Amarga iku, sel bisa nduwé fungsi kanthi autonomAutonom yèh kabèh kabutuhan uripé||uripé kecukupan. Makluk urip (organisme) kasusun saka siji sèl tunggal (uniselular, umpamané baktèri, Archaea, sarta sapérangan fungi lan Protozoa) utawa saka sèl akèh (multiselular). Ing organisme multiselularMultiseluler dumadi pambagéan tugas marang sel-sel panyusuné, kang dadi dhasar kanggo hirarki urip.

Struktur sèl lan fungsi-fungsiné kanthi ngéramaké mèh sarupa kanggo kabèh organisme, nanging jalur évolusi kang ditempuh déning saben golongan gedhé organisme (Regnum) uga nduwé kakhususan dhéwé-dhéwé. Sèl-sèl prokariota adhaptasi karo kauripan unisèlularUniseluler éwadéné sèl-sèl eukariota adhaptasi kanggo urip silih kerja bebarengan ing organisasi kang tumata banget.

Sajarah panemon sèl[besut | besut sumber]

Wiwitané sèl digambaraké ing taun 1665|1665 déning sawijining èlmuwan Inggris|Inggris Robert Hooke kang wus nliti irisan tipis gabus nganggo mikroskop kang dirancang dhéwé. Tembung sèl asalé saka tembung Latin cellulae kang tegesé 'kamar-kamar cilik'. Anton van Leeuwenhoek nglakokaké akèh pangamatan marang benda-benda lan jisim-jisim renik lan nedahaké sepisanan marang donya yèn ana "kauripan ing donya liya" kang durung tau dideleng déning manungsa. Karyané dadi dhasar kanggo cawang biologi kang wigati saiki ya iku mikrobiologi.

Perkembangan mikroskop suwéné mèh 200200 taun sabanjuré wis mènèhi kasempatan marang para ahli kanggo nliti susunan awak makluk urip. Sarangkéyan panlitèn wis dilakokaké déning rong èlmuwan saka Jerman ya iku Matthias Schleiden (ahli tetenduran, 1804-1881) lan Theodor Schwann (ahli kéwan, 1810-1882). Loro èlmuwan mau nyimpulaké yèn saben makluk urip kasusun saka sèl. Sabanjuré ing taun 1885 sawijining èlmuwan Jerman, Rudolf Virchow, ngamati yèn sèl bisa milah dhiri lan mbentuk sèl-sèl anyar.

Struktur sèl[besut | besut sumber]

Diagram sel prokariota
Diagram sel eukariota, nedahake komponèn-komponèn subselular. Organel-organel: (1) nukleolus (2) nukleus (3) ribosom (4) vesikel (5) reticulum endoplama ER (6) badan Golgi (7) citoskeleton (8) smooth ER (9) mitokondria (10) vakuola (11) sitoplasma (12) lisosom (13) sentriol ing sentrosoma

Lumrahé saben sèl duwé

Sitoplasma|Sitoplasma lan nukleus|nukleus kanthi bebarengan nyusun protoplasma. Ing njero sitoplasmaSitoplasma ana manéka warna organel. Sel tetuwuhan, alga lan prokariota|prokariota ngembangaké dinding sel sauntara sèl kéwan ora. Sapérangan organisme nduwé flagella ing sèlé kanggo nggampangaké anggoné obah.

Membran sél[besut | besut sumber]

Pirsanana artikel mirunggan ngenani membran sèl.

Membran sèl kasusun déning lipoprotein. Membran Sèl matesi kabèh kagiyatan kang dumadi ing njero sèl saéngga ora gampang kaganggu déning prabawa saka njaba. Amarga fungsi iki, membran sèl duwé sipat 'selektif permeabel', bisa nemtokaké bahan-bahan tinentu waé kang bisa mlebu nuju lan metu saka sèl. Ing sèl tetuwuhan, membran sèl ing kaanan normal nèmpèl ing dinding sèl amarga tekanan turgor saka njeron sèl.

Sitoplasma[besut | besut sumber]

Fungsi utama kauripan dumadi ing sitoplasmaSitoplasma. Mèh kabèh kagiyatan metabolisme dumadi ing njeron ruangan kanthi isi cuwèran kenthel iki. Ing njero sitoplasma ana organel-organel kang mlayang-layang ing cuwéran kenthel (arupa koloid, nanging ora homogen) kang karan matriks. Organel iki kang nglakoni akèh fungsi kauripan: sintesis bahan, respirasi (pangrombakan), panyimpenan, sarta réaksi marang rangsang. Sapérangan gedhé prosès ing njero sitoplasma diatur kanthi enzimatik.

Saliyané organel, ana uga vakuolaVakuola, butir-butir glepung, butir silikat lan manéka warna prodhuk sékundhèr liya. Vakuola nduwé peran wigati minangka papan panampungan prodhuk sékundhèr kang wanguné cuwèr, saéngga karan uga 'cuwèran sèl'. Cuwèran kang ngisi vakuola béda-béda, gumantung papan lan fungsi sel.

Nukleus[besut | besut sumber]

NukleusNukleus tugasé ngontrol kagiyatan kang dumadi ing sitoplasma. Ing njero nukleus ana kromosomKromosom kang isiné DNA kang arupa cithak biru kanggo panggawéan manéka warna protéin (mligi enzim). Enzim diperlokaké kanggo nglakokaké manéka warna fungsi ing sitoplasma. Ing njero nukleus uga ana nukleolus.

Organel[besut | besut sumber]

Manungsa nduwé akèh organ kang béda-béda kaya jantung, paru-paru lan lambung, kang fungsiné uga béda-béda. Semana uga sel. Sèl nduwé organ kang karan organel (ateges 'organ cilik').

Ing ngisor iki manéka warna organel ing njero sèl (mligi sitoplasma):

Bédané sel tetuwuhan lan sèl kéwan[besut | besut sumber]

Sèl tetuwuhan lan sèl kéwan nduwé sapérangan béda ing antarané:

Sel tetuwuhan Sel kéwan
Sèl tetuwuhan luwih gedhé tinimbang sèl kéwan. Sèl kéwan luwih cilik tinimbang sèl tetuwuhan.
Wangun tetep. Wangun ora tetep.
Duwé dinding sèl. Ora duwé dinding sèl.
Duwé klorofil. Ora duwé klorofil.
Duwé vakuola utawa rongga sèl kang gedhé. Ora duwé vakuola, anajan sok-sok sèl sapérangan kéwan unisèluler duwé vakuola (nanging ora padha gedhéné karo kang diduwèni tetuwuhan).
Nyimpen tenaga ing wangin wiji (granul) kanji. Nyimpen panganan ing wangun wiji (granul) glikogen.
Ora duwé sentrosom. Duwé sentrosom.

Sèl-sèl mirunggan[besut | besut sumber]

  • Sèl ora nduwé inti, contoné sel getih abang / eritrosit
  • Sèl kanthi inti akèh, contoné Paramecium sp
  • Sèl kéwan kang ana klorofilé, contoné Euglena sp. (Euglena sp. iku kéwan uniseluler kang nduwé klorofil).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikibooks
Wikibooks nduwé informasi luwih akèh ngenani: