Fungi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Fungi
Kalamangsa: Awal Devonian-Saiki (nanging pirsani teks)
Fungi collage.jpg
Clockwise from top left: Amanita muscaria, a basidiomycete; Sarcoscypha coccinea, an ascomycete; black bread mold, a zygomycete; a chytrid; a Penicillium conidiophore.
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Eukaryota
Unranked: Opisthokonta
Karajan: Fungi
(L., 1753) R.T. Moore, 1980[1]
Subkrajan/Filum


Chytridiomycota
Blastocladiomycota
Neocallimastigomycota
Glomeromycota
Zygomycota

Dikarya (inc. Deuteromycota)

Ascomycota
Basidiomycota

Istilah Fungi ora padha karo jamur. Mangga pirsani artikel mau kanggo informasi sabanjuré.

Fungi iku jeneng regnum saka saklompok gedhé makluk urip eukariotik heterotrof sing ngejur panganané sanjabaning badan banjur nyerep molekul nutrisi mlebu sel-selé.

Èlmu sing nyinaoni fungi disebut mikologi (saka oyot tembung Yunani μυκες, "ilu", lan λογοσ, "kawruh", "lambang").

Wangun fungi[besut | besut sumber]

Fungi duwé manéka wangun. Awam ngenal sapérangan gedhé anggota Fungi minangka jamur, kapang, khamir, utawa ragi, sanadyan asring sing dikarepaké ya iku panampilan njaba sing katon, dudu spesiesé dhéwé. Kangèlan sajeroning nepungi fungi dijalari anané pagiliran keturunan sing duwé panampilan sing béda (èlinga metamorfosis ing srangga utawa kodhok).

Tangkar-tumangkar[besut | besut sumber]

Fungi tangkar-tumangkar kanthi sèksual lan aseksual. Tangkar-tumangkar sèksual kanthi cara: loro hifa saka jamur sing béda nglebur tumuli mbentuk zigot banjur zigot tuwuh dadi badan woh, éwadéné tangkar-tumangkar aseksual kanthi cara: mbentuk spora, mawa tunas utawa fragmentasi hifa. Jamur duwé kothak spora sing disebut sporangium. Ing njero sporangium ana spora. Conto jamur sing mbentuk spora ya iku Rhizopus. Conto jamur sing mbentuk tunas ya iku Saccharomyces. Hifa jamur bisa kapurus lan saben fragmen bisa tuwuh dadi badan woh.

Posisi fungi ing taksonomi[besut | besut sumber]

Fungi biyèn diklompokaké minangka tetanduran. Ing perkembangané, fungi dipisahaké saka tetanduran amarga akèh perkara sing béda. Fungi dudu autotrof kaya ta tetanduran nanging heterotrof saéngga luwih cerak marang kéwan. Upaya ndadèkaké siji fungi karo kéwan ing golongan sing padha uga gagal amarga fungi ngejur panganané ing sanjabaning badan (èksternal), ora kaya kéwan sing ngejur panganané kanthi internal. Saliyané iku, sel-sel fungi duwé dinding sel sing kasusun saka kitin, ora kaya sel kéwan.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ Moore RT. (1980). "Taxonomic proposals for the classification of marine yeasts and other yeast-like fungi including the smuts". Botanica Marine 23: 361–73.