Metamorfosis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Disambig variants icon.svg
Sawijining semprang lagi nglakoni ekdisis pungkasané, metamorfosis saka wangun nimfaé

Metamorfosis iku siji prosès biologi ing ngendi kéwan kanthi fisik ngalami perkembangan biologis sawisé dilairaké utawa netes, nglibataké owah-owahan wujud utawa struktur liwat tuwuhing sel lan differensiasi sel.

Sapérangan gegremet, amfibi, mollusca, crustacea, echinodermata, lan tunicata ngalami prosès metamorfosis, kang racaké (nanging ora mesthi) dibarengi owahing habitat utawa kelakuan.

Metamorfosis gegremet[besut | besut sumber]

Metamorfosis ora sampurna ing walang

Metamorfosis racaké dumadi ing fase kang béda-béda, diwiwiti saka larva utawa nimfa, sok-sok ngliwati fase pupa, lan pungkasané minangka spésies diwasa. Ana rong macem metamorfosis utama ing gegremet,ya iku hemimetabolisme lan holometabolisme.

Fase spésies kang durung diwasa ing metamorfosis racaké karan larva. Nanging ing metamorfosis komplèks ing akèh-akèhé spésies gegremet, mung fase pisanan kang karan larva lan sok-sok duwé jeneng kang béda.

Ing hemimetabolisme, perkembangan larva dumadi ing fase pertumbuhan berulang lan ekdisis (panggantian kulit), fase iki karan instar. Hemimetabolisme uga ditepungi mawa metamorfosis ora sampurna.

Ing holometabolisme, larva béda banget karo diwasané. Gegremet kang nglakoni holometabolisme liwat fase larva, tumuli mlebu fase ora aktif kang karan pupa, utawa chrysalis, lan akiré dadi diwasa. Holometabolisme uga ditepungi mawa metamorfosis sampurna. Sauntara ing njero pupa, gegremet bakal ngetokaké cuwèran pancernaan, kanggop ngejur badan larva, nyisakaké sapérangan sel waé. Sapérangan sel iku banjur bakal tuwuh dadi diwasa migunakaké nutrisi saka jur-juran badan larva. Prosès patiné sel diarani histolisis, lan tuwuhing sel manèh diarani histogenesis.

Suwéné gegremet ngentèkaké wektuné ing fase diwasa utawa ing fase remajané gumantung ing spésies gegremet iku. Contoné mayfly kang urip ing fase diwasa mung sadina, lan cicada, kang fase remajané urip ing ngisor lemah suwéné 13 tekan 17 taun. Loro spésies iki nglakoni metamorfosis ora sampurna.

Pabandhingan suwéné metamorfosis
Spesies Endhog Larva/Nimfa Pupa Diwasa
Laler omah 1 dina 2 minggu 1 minggu 2 minggu
Kepik 4 dina 2 minggu 2 minggu 3-9 sasi
Monarch Butterfly 4 dina 2 minggu 10 dina 2-6 minggu
Periodical Cicada 1 sasi 13/17 taun ora ngliwati tahapan iki 2 sasi
Mayfly 1 sasi 3 taun 1 dina
Coro 1 sasi 3 sasi 9 sasi

Metamorfosis amfibi[besut | besut sumber]

Tahapan metamorfosis kodhok.

Metamorfosis amfibi diwiwiti saka owah-owahan larva, kang diarani cébong, dadi diwasa. Sajeroning dhaur amfibi lumrahé, endhog disèlèhaké ing banyu. Cébong bakal metu saka endhong, lan mbluru bébas ing banyu nglakoni metamorfosis. Metamorfosis diwiwiti saka perkembangan sikil mburi, banjur sikil ngarep. Paru-paru tumuwuh, lan cébong wiwit mbluru ing lumah banyu kanggo ambegan. Usus saya cendhak kanggo nuruti dhièt karnivora. Ing kodhok, buntut kaserep déning badan, minangka fase akir saka metamorfosis.

Ana sapérangan prakara kang béda saka dhaur amfibi lumrahé. Sapérangan spésies salamander ora perlu nglakoni metamorfosis kanggo dadi diwasa sapenuhé kanthi sèksual, lan mung bakal nglakoni metamorfosis sajeroning tekanan kondhisi lingkungan tinentu. Akèh spésies kodhok tropis nyèlèhaké endhogé ing dharat, ing ngendi cébong nglakoni metamorfosis sajeroning endhog. Nalika netes, kodhok mau dadi diwasa kang during mateng bener-bener, sok-sok isih duwé buntut kang ing pirang-pirang dina banjur diserep manèh.

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Davies, R.G., Outlines of Entomology, Chapman and Hall: chapter 3

Williamson D I (2003). "The Origins of Larvae", xviii + 261 pp, ISBN 1-4020-1514-3. Kluwer. Dordrecht.

Pranala njaba[besut | besut sumber]