Endhog

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Endhog pitik lan endhog puyuh

Endhog iku zigot kang diasilaké liwat fèrtilisasi sèl endhog saka manuk lan reptilia lan fungsiné ngrumat lan njaga èmbriyo.[1] Endhog-endhog reptilia lan manuk kabuntel kulit (thothok), kang duwé pori kanggo ambegan.[1]

Sabeneré mèh kabèh jinis endhog bisa dipangan, nanging mung sawetara jinis endhog waé kang biyasa dipangan minangka lawuh utawa tamba.[1] Endhog kang biyasa dikonsumsi antarané endhog saka unggas kaya pitik, bèbèk, banyak lan sawetara jinis manuk kaya manuk unta lan manuk puyuh.[1] Minangka bahan panganan endhog duwé kandhungan gizi kang cukup pepak, antarané karbohidrat, protéin lan wolung warna asem amino saéngga migunani tumraping awak manungsa, mligi kanggo bocah cilik kang isih ana ing mangsa patuwuhan.[1]

Endhog dadi salah sawijining sumber protèin kéwani kang rasané énak, gampang dicerna, lan giziné akèh.[2] Endhog uga gampang tinemu lan regané murah.[2] Endhog bisa kagunakaké dadi lawuh, bahan campuran panganan, glepung endhog, lan tamba.[2] Endhog kang bisa kanggo tamba ya iku endhog pitik kampung.[2] Endhog ngandhut protèin 13 %, lemak 12 %, vitamin, lan mineral.[2] Gizi endhog kang paling akèh ana ing endhog kang rupané kuning.[2] Endhog kang rupané kuning ngandhut asem amino esensial kang dibutuhaké awak lan mineral kaya ta dat wesi, pospor, dat kapur, lan vitamin B komplèk.[2] 50 persèn protèin lan kabéh lemak ing endhog ana ing endhog kang rupané kuning.[2] Endhog kang rupané putih kang cacahé kurang luwih 60 persèn saka endhog ngandhut 5 jinis protèin lan karbohidrat.[2] Nanging endhog nduwéni sipat gampang rusak, embuh amarga karusakan alami, kimiyawi lan karusakan kang disebabaké mikroorganisme kang mlebu ing pori endhog.[2] Mulané usaha kanggo ngawètaké endhog wigati banget kanggo njaga kwalitas endhog.[2]

Endhog luwih apik digodhog setengah mateng tinimbang digodhog nganti mateng.[2] Endhog kang digorèng nganti garing uga kurang apik, awit protèin endhog ngalami denaturasi utawa rusak, tegesé protèin ing endhog rusak.[2] Jinisé endhog ya iku endhog pitik kampung utawa ras, endhog bèbèk, endhog puyuh.[2]

Netes[besut | besut sumber]

Lumrahé endhog bisa netes kanthi alami yèn diangremi.[1] Nanging endhog uga bisa ditetesaké kanthi gawéan.[1] Tuladhané nganggo mesin tetes.[1] Tingkat daya tetes mesin tetes pancèn ora kaya yèn diangremi babon.[1] Yèn diangremi baboné, endhog bisa netes kurang luwih 90 nganti 100 persèn, nanging yèn nganggo mesin tetes kurang luwih 75 persèn nganti 90 persèn.[1] Nanging uga ana faktor-faktor liyané kang gawé rikat orané endhog netes.[1]

Endhog Puyuh[besut | besut sumber]

Endhog puyuh nduwèni gizi kang apik kanggo janin lan wong sepuh. Puyuh kalebu manuk kang ora bisa mabur dhuwur.[3] Ukuran awaké cilik, sikilé cendhèk, lan bisa ditarungké.[3] Manuk puyuh ngasilaké endhog kang ukurané cilik lan wernané trotol-trotol biru, putih ireng.[3] Endhog puyuh lumrahé disenengi bocah cilik amarga dhapuré lucu lan wernané unik.[3]

Lumrahé endhog puyuh dimasak kanthi digodhog utawa kanggo campuran sayuran kaya ta hotplate kangkung, kimlo, dan sup,sambel kenthang, utawa kanggo isi bakso, tahu lan siomay.[3]

Giziné endhog puyuh uga ora kalah yèn dibandingaké karo endhog bèbèk utawa endhog pitik.[3] Endhog puyuh iku sumber protéin kang paling apik.[3] Saben 100 gram endhog puyuh ngandhut 13,05 gram protéin.[3] Ing ngisor iki bédané kandhungan protéin, lemak, karbohidrat, lan awu (kanthi itungan %) endhog puyuh yèn dibandhingaké karo endhog unggas liyané.[3]

  • Ayam ras: 12,7; 11,3; 0,9; 1,0
  • Ayam buras: 13,4; 10,3; 0,9; 1,0
  • Bébék: 13,3; 14,5; 0,7; 1,1
  • Banyak: 13,9; 13,3; 1,5; 1,1
  • Dara: 13,8; 12,0; 0,8; 0,9
  • Kalkun: 13,1; 11,8; 1,7; 0,8
  • Puyuh: 13,1; 11,1; 1,0; 1,1

Kang dadi kaunggulan protéin endhog puyuh yèn kabandhingaké karo protéin héwani liyané ya iku protéin saka endhog puyuh gampang dicerna.[3] Saben gram protéin bisa dicerna awak kanthi sampurna.[3]

Endhog lehoren

Saliyané protéin, lemak, vitamin, lan mineral, endhog puyuh uga ngandhut kolin.[3] Kolin nduwéni mupangat kang wigati kanggo awak, mligi kanggo ngrembakane fungsi utek.[3] Kolin nduwéni fungsi dadi komponén asétikolin kang bisa dadi pengantar sinyal saraf.[3] Kolin kang cukup bisa mbiyantu makarya sarap ing utek, saéngga bisa nambah daya éling ing bocah-bocah lan nyegah pikun ing wong sepuh.[3]

Dat lutein lan zeaksantin ing endhog puyuh bisa mbiyantu nglindungi mripat mligi ing bayi lan bocah.[3]

Endhog bèbèk[besut | besut sumber]

Endhog bèbèk ya iku endhog kang diasilaké bèbèk.[4] Endhog bèbèk soklat rupané biru enom utawa biru laut, déné endhog bèbèk ngos rupané putih.[4] Endhog bèbèk ukurané luwih gedhé tinimbang endhog pitik.[4] Endhog bébék lumrahé digawé endhog asin utawa martabak endhog.[4] Thothok endhog bébék luwih tipis tinimbang endhog liyané.[4] Cangkang kang tipis iki njalari baktéri gampang mlebu ing endhog. Tuladhané baktèri salmonéla.[4] Racun saka baktéri Salmonela iki mbebayani tumrap kuwarasan.[4] Kususé tumrap wong kang nduwéni kekebalan awak kang cendhèk kaya ta wong sepuh lan bayi.[4] Baktéri iki bisa njalari mriyang, kejang weteng, lan mèncrèt.[4]

Endhog asin[besut | besut sumber]

Endhog asin ya iku endhog bébék kang diasinké kanthi dilapisi bata abang karo uyah kanthi perbandingan kang pas.[2]

Endhog asin ya iku endhog wutuh kang diawetké nganggo uyah.[2] Ana telung cara kanggo nggawé endhog asin.[2]

  • Endhog asin kang diblebet nganggo adonan uyah kang dhapuré padat utawa garing.[2]
  • Endhog asin kang diblebet nganggo adonan uyah kang ditambah ékstrak godhong tèh.[2]
  • Godhong asin kang diblebet nganggo adonan uyah lan bata abang kang dialusaké.[2]

Asil Olahan[besut | besut sumber]

Martabak endhog[besut | besut sumber]

Martabak endhog ya iku jajanan kang digawé saka lembaran-lembaran martabak kang digawé saka kulit lumpya.[5] Banjur diisi karo onclang, daging, kang dicampur endhog.[5] Lumrahé endhog kang digawé martabak ya iku endhog bèbèk.[5] Isiné martabak uga bisa divariasi manut kasenengané kang nggawé martabak.[5] Adonan isi kang isiné daging, onclang lan endhog mau diisiké ing lembaran lumpya kang gedhé banjur diwangun pasagi papat.[5] Adonan lan kulit lumpya banjur dilim karo endhog pérangan putih kang isih mentah.[5] Martabak endhog uga diarani martabak asin.[5]

Endhog ceplok[besut | besut sumber]

Endhog ceplok ya iku endhog gorèng kang kuningé pas ning tengah.[6] Carané nggawé ya iku endhog kang putih digorèng dhisik, sawisé rada setengah mateng, endhog kang rupané kuning banjur digoréng.[6] Kanthi cara iku bakal éntuk endhog goréng kang kuningé pas ning tengah.[6]

Gladri[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k http://galeriukm.web.id/(dipunundhuh tanggal 6 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t http://www.warintek.ristek.go.id/(dipunundhuh tanggal 8 Mèi 2011) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p http://pinginsehat.info/(dipunundhuh tanggal 6 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g h i http://kesehatan.liputan6.com/(dipunundhuh tanggal 8 Mèi 2011)
  5. a b c d e f g http://forumnova.tabloidnova.com/(dipunundhuh tanggal 8 Mèi 2011)
  6. a b c http://www.tabloidnova.com/(dipunundhuh tanggal 8 Mèi 2011)