Utek

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Utek (basa Inggris: encephalon) inggih punika punjer sistem saraf (basa Inggris: central nervous system, CNS) ing vertebrata saha kathah invertebrata sanèsipun. Ing anatomi kéwan, utek utawi encephalon, punika sentral supervisori saking sistem saraf. Senadyan utek sok dipunsebat minangka punjer supervisori saking sistem saraf sentral vertebrata, istilah ingkang sami ugi saged dipunginakaken kanggé sistem saraf sentral ing invertebrata. Ing kathah kéwan, utek wontenipun ing endhas utawi sirah.

Utek manungsa punika struktur punjer pangaturan ingkang kagungan volume ngantos 1.350cc saha kasusun saking 100 yuta sèl saraf utawi neutron. Utek ngatur saha ngendhalikaken sebagéan ageng gerakan, prilaku, saha fungsi salira homeostasis kados déné dhetak jantung, tekanan rah, kaseimbangan cuwèran badan saha suhu badan.

Utek kasusun saking kalih jinis inggih punika sèl: glia saha neuron. Glia fungsinipun kanggé njagi neuron, menawi neuron tugasipun mbekta informasi kanthi wujud pulsa listrik kang asring dipun sebat potensi aksi.

Bagéan utek manungsa[besut | besut sumber]

Ing anatomi utek vertebrata, utek ngajeng (basa Inggris: prosencephalon forebrain) inggih punika bagéan inggil saking utek. Ing tahap ngrembakanipun sistem saraf pusat (basa Inggris: five-vesicle stage), utek ngajeng ngrembaka saha misah dados utek ageng saha diensefalon.

Utek ageng[besut | besut sumber]

Utek ageng (basa Inggris: telencephalon, cerebrum) inggih punika bagéan paling pinunjul saking utek ngajeng. Utek ageng kapérang dados kalih wilahan inggih punika wilahan utek tengen saha utek kiwa. Saben wilahan kagungan fungsi piyambak. Saben wilahan utek ngajeng kagungan sekawan lobus inggih punika frontal, pariental, okspital, saha temporal. Antawisipun lobus frontal lan lobus pariental dipunpisahaken déning sulkus sentralis utawi celah Rolando.

Ganglia dhasar[besut | besut sumber]

Ganglia dhasar (basa Inggris: basal ganglia, white matter) minangka lapisan ingkang kagungan warna pethak, lapisan lebetipun kathah ngemot srabut saraf inggih punika dendrit saha neurit

Utek ageng minangka punjer saraf utami amargi kagungan fungsi ingkang wigatos sanget kanggé sadaya kagiyatan salira khususipun ingkang gegayutanipun kaliyan intelegensi, daya ènget (memori), kasadharan saha tetimbangan.

Diensefalon[besut | besut sumber]

Diensefalon (basa Inggris: diencephalon, interbrain) inggih punika bagéan utek ingkang kasusun saking:

  • mid-diencephalic territory
  • hipotalamus
  • epitalamus
  • pretektum

Utek tengah[besut | besut sumber]

Utek tengah (basa Inggris: mesencephalon) inggih punika bagéan utek ingkang kagungan struktur:

  • tektum, kasusun saking kalih pasang colliculi ingkang dipunsebat corpora quadrigemina:
    • inferior colliculi tumut ing prosès pamirengan.
    • superior colliculi minangka wiwitanipun prosès visual saha pangendhalian gerakan soca.
  • cerebral peduncle

Utek wingking[besut | besut sumber]

Utek wingking (Basa Inggris: myelencephalon, metencephalon, rhombencephalon) angliputi kreteg Varol (Basa Inggris: pons, pons Varolii), sumsum terasan (Basa Inggris: medulla oblongata), saha utek alit (Basa Inggris: cerebellum). Katiga bagéan punika mbentuk batang utek (Basa Inggris: brainstem).

Utek alit[besut | besut sumber]

Utek alit (Basa Inggris: cerebellum) punika bagéan ageng utek wingking. Utek alit punika dumunung ing andhapipun lobus oksipital serebrum. Utek alit kasusun saking kalih wilahan saha lumahanipun mawi lekuk-lekuk. Fungsi utek alit punika kanggé ngatur sikap utawi posisi salira, kaseimbangan, saha koordhinasi obahipun otot ingkang kadadosan sacara sadhar.[1]

Bèntenipun fungsi utek tengen saha utek kiwa[besut | besut sumber]

Utek tengen fungsinipun bab ngrembakanipun kacerdhasan émosi utawi Emotional Quotient (EQ), tuladhanipun sosialisasi, komunikasi, interaksi kaliyan manungsa sanès sarta pangendhalian émosi. Wonten ing utek tengen ugi ngemot kamampuan intuitif, kamampuan ngraosaken, mbangingaken, saha èksprèsi badan, kados déné nyekar, mbeksa, nggambar, lsp. Menawi utek kiwa fungsinipun wonten ing bab ingkang wonten gegayutanipun kaliyan logika, rasio, kamampuan nyerat saha maos, sarta punjer matématika. Para pakar ngandharaken menawi utek kiwa minangka punjer Intelligence Quotient (IQ).[2]

Nyeimbangaken utek tengen saha utek kiwa[besut | besut sumber]

Ned Hermann, ahli dominasi utek nyaranaken menawi kita tiyang pamikir kanthi utek tengen, pramila kita saged nglatih nyeimbangaken utek kiwa kanthi cara:

  • gladhèn cara kerja mesin ingkang asring dipunginakaken
  • mglebetaken poto kita ing album poto
  • disiplin
  • ngatasi pinten-pinten perkawis sarta analisis

Menawi kita tiyang pamikir kanthi utek kiwa, pramila kita saged nglatih nyeimbangaken utek tengen kanthi cara:

  • mahami rumaosipun kéwan ingonan
  • dolanan lemah lempung saha nemokaken hakikatipun
  • ndamel 500 poto tanpa mikiraken béyanipun
  • ndamel logo pribadi
  • asring dolanan kaliyan tiyang alit
  • ngunikaken musik karemenan kang jumbuh suasaning manah[3]

Penyakit ingkang gegayutan kaliyan utek[besut | besut sumber]

Dolanan kanggé ngasah utek[besut | besut sumber]

  • dham-dhaman
  • aspal
  • tarik-tiba
  • sudoku
  • solitaire
  • dhuwit-mars
  • mahakarya
  • kartu-master
  • catur
  • tebak warna[5]

Cathethan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ (id)(en)pangertosan lan bagéan (dipununduh 20 oktober 2012)
  2. ^ (id)béda fungsi otak kanan saha otak kiri (dipununduh 20 oktober 2012)
  3. ^ (id)nyeimbangaken utek tengen saha utek kiwa (dipununduh 20 oktober 2012)
  4. ^ (id)penyakit ingkang gegayutan kaliyan utek (dipununduh 20 oktober 2012)
  5. ^ (id)dolanan kanggé ngasah utek(dipununduh 20 oktober 2012)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Utek&oldid=1075946"