Menyang kontèn

Manuk unta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Manuk unta
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Struthioniformes
Famili: Struthionidae
Vigors, 1825
Génus: Struthio
Spésies: S. camelus
Jeneng binomial
Struthio camelus
Linnaeus, 1758

Manuk unta (Struthio camelus) kalebu manuk kang ukurané gedhé dhéwé kang isih urip.[1] Manuk unta duwé dhuwur 2,5 méter.[1] Manuk unta uga kena ditumpaki wong diwasa nanging awaké cilik.[1] Manuk unta kang ditunganggi dadi kéwan kang dilombakaké.[1] Lumrahé iki dianakaké ing Afrika Utara lan Arab.[1] Sanajan kalebu jinising manuk nanging manuk unta ora bisa mabur.[1] Manuk unta kalebu kumpulan primitif kang kurang dikenal ya iku ratit (Palaeognaths).[butuh sitiran]

Manuk unta asalé saka sabana lan pérangan ara-ara Afrika ing zona alas khatulistiwa.[1] Spesies kang ana ing Timur Tengah, ya iku S. c. syriacus,nanging spesiés jinis iki wis cures.[1] Manuk unta diingoni lan dadi sumber daging ing kawasan kang sejuk kaya ta Swèdhen.[1] Manuk unta nduwé daging kang rasané kaya daging kang ora ana lemaké.[1] Miturut kapitayan para pandhudhuh, manuk unta dikenal awit ndhelikaké endhasé ing jero lemah nalika ana bebaya.[1] Manuk unta ndelikaké endhasé ing jero lemah nalika ndhéwéké rumangsa wedi, dadi ancasé kanggo njaga awaké nalika ana predhator kang nyeraki.[1] Nalika rumangsa keancem, manuk unta bisa nggawé predhator tatu kanthi nendhang lan nyadhuk nganggo sikilé kang kuwat.[1] Anggota liyané golongan Palaeognaths kalebu manuk rea, emu, kasuari lan manuk kang ukurané gedhé dhéwé ya iku Aepyornis, nanging manuk jinis iki saiki wis cures.[1]

Deskripsi

[besut | besut sumber]

Manuk unta kalebu kéwan kang getihe panas, nduwé elar lan awak kang ditutupi wulu.[2] Wuluné nduwé fungsi dadi krajang udara, Wulune manuk unta tau populér dadi topi kang dianggo wong wadon.[2] Cucuké ora ana untuné lan dhapuré lincip.[2] Manuk unta nduwé gulu kang dawa lan bisa lumayu nganti 65 km/jam.[2] Manuk unta duwé susoh kanggo angkrem.[2] Susoh dikenal kanthi jeneng susoh sarang masarakat.[2] Tegesé punjul siji manuk unta bakal ngendhog ing susoh kang padha.[2] Nalika awan manuk unta wadon kang angkrem déné nalika bengi manuk unta lanang kang angkrem.[2] Endhog manuk unta dadi endhog manuk kang gedhé dhéwé.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n animals.nationalgeographic.com(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i azcentral.com(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)