Kasuari
| Kasuari | |
|---|---|
| Casuarius casuarius | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Aves |
| Ordho: | Struthioniformes |
| Famili: | Casuariidae |
| Génus: | Casuarius Brisson, 1760 |
| spésies | |
|
pirsani tèks | |
Kasuari punika kalebet peksi saking ordho Casuariiformes.[1] Ordo punika gadhah kalih famili inggih punika famili casuaridae saha dromidae.[1] Wonten ing Indonésia namung kapanggih famili casuaridae.[1] Famili punika gadhah tigang jinis spésies inggih punika Casuarius casuarius, Casuarius benneti saha Casuarius unafendiculatus.[1]
Wonten ing nagara Indonésia, peksi punika namung kapanggih wonten ing Indonésia pérangan wétan kados ta wonten ing Irian Jaya, Maluku (Seram saha kapuloan Aru).[1] Jinis Casuarius casuarius kalebet kéwan ingkang dipunreksa, nanging kasuari sampun dados satwa ingkang dipunburu kanggé dipundhahar dagingipun.[1] Wonten ing Maluku, tiganipun dados bahan ukiran sasampun isinipun dipunbucal lumantar bolongan ingkang wiyaripun sami kaliyan dom.[1] Samangké kasuari sampun angèl kapanggih.[1]
Kasuari pados panganan punika kanthi mendhet woh-wohan ingkang sampun dhawah wonten ing siti ugi kanthi nggoyak-nggoyak wit ingkang wonten woh-wohanipun.[1] Kasuari punika ngrontokaken woh-wohan kanthi ngginakaken suku saha badanipun.[1] Kasuari ugi asring mangan watu-watu alit.[1] Punika ancasipun kanggé ngalusaken panganan utawi woh-wohan ingkang atos wonten ing piranti cerna ingkang anami tembolok.[1]
Kasuari punika kalebet peksi ingkang boten saged mabur.[1] Nanging kasuari punika mlampah saha mlajar nalika pados panganan utawi wonten bebaya.[1] Nalika boten wonten bebaya kasuari mlmpah kanthi sirah ngadeg manginggil saha jangganipun radi bèngkok.[1] Nalika mlajar nginggilipun sirah sami kaliyan badanipun.[1] Kasuari punika pratingkah saha wujud badanipun sami kaliyan peksi maleo.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel bab kéwan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |