Seni ukir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ukiran)
Seni ukir (seni tatah) saka watu

Seni Ukir utawa Seni Tatah ya iku cabang karya seni rupa kang kagolong seni terapan uga ngandut biji kaéndahan utawa nyenengaké sarta cara nggawéné nganggo piranti tatah lan palu. Seni ukir bisa digolongaké ing sajeroning seni terapan ing seni rupa amarga seni ukir asring dibutuhaké sajeroning panguripan ing masarakat sadina-dina. Sarta ukiran ing wujud piranti terapan kanggo ngéndahaké saéngga nyenengaké.

Asil saka seni ukir diarani ukiran. Seni ukir kang migunakaké tatah kanggo perabot saka kayu kaya ta lemari, kursi, méja, bufèt, ranjam, lan barang-barang kabutuan omah liyané, bisa mbentuk ukiran kang apik.

Kutha kang misuwur ukirané ya iku Kabupatèn Jepara kang dadi jejuluk kutha ukir.

Sajarah ing Indonésia[besut | besut sumber]

Seni ukir awal mulané ana ing Indonésia kanggo ngèndahake omah utawa yasan kaya ta lawang,cendela, gebyok utawa pérangan salah sijiné kang ana ing omah.Seni ukir uga ana ing sajeroning perahu, perisai, lan wujud liyané kang bisa diukir utawa dihiasi karo ukiran.Bangsa Hindhu ing Indonésia, lan ing mangsa bangsa kaanan panguripan isih primitip, wiwit iku bangsa Indonésia ngenal ukiran lan wis pinter ngukir ana ing kayu, watu, wesi lan waja. Corak ukir primitip bisa tinemu ing piranti-piranti kang dimumpanggatake kanggo upacara-upacara adat.Kaanan kaya mangkono kawujud ana ing laladan Sumatra Kulon lan Toraja kang dihiasi warna-warna seni ukir.Ing Irian Jaya ngiasi omah karo ukiran tembus karo motif manungsa lan kéwan kang dilambangake lan dianggep leluhur (nenek moyang).Wujud perahu kang ana ing Bugis, Madura, lan Lombok asring dihiasi karo ukiran kang nggambaraké panguripan ana ing sagara. Ing Jawa lan Ing Bali bisa uga tinemu oamah utawa piranti (piranti) kang dihiasi karo ukiran-ukiran.

Sakjrojing bangsa Hindhu teko ing Indonésia ing abad I, seni ukir Indonésia kang utama seni ukir ing jawa ndadèkaké pangembangan amarga anané prabawa kang anané corak ukir Hindhu.Mangsa misuwur seni ukir ing Indonésia kurang luwih wiwit abad X (sepuloh) ya iku mangsa misuwuré raja-raja Hindhu-Buda kang ana ing Jawa Tengah.Ukiran ing mangsa abad X bisa digolongake ing seni ukir \bkuna\b (klasik) kang bisa dibuktekake anané yasan candhi ing Jawa Tengah kaya ta andi Borobudur lan candhi Lara Jonggrang.

Seni ukir \bkuna\b utawa seni ukir klasik Indonésia mau bisa ndadèkaké panutan perkembangan seni ukir ing mangsa-mangsa sabanjuré.Ing jawa kang didadèkaké pusat kraton Hindhu kang akhire ing kraton Majapahit kang dumunung ana ing laladan Jawa Wétan kang munculake gaya seni ukir Pajajaran, Cirebon, Mataram, Surakarta, Jepara lan Majapahit.Seni ukir kang ana ing kraton Jawa Wétan ing abad XVI bisa munculake tandha-tandha kaya ta seni ukir kang nganggo corak dekoratif.Ana uga laladan-laladan kang ura kena prabawané corak ukir Hindhu kaya laladan Toraja, Bugis, lan Iriankang nahanake wujud laladan kang asli kang relegius magis lan kanthi wujud ekspresip.

Jinising[besut | besut sumber]

Jinising seni ukir kang dikasilake ing para seniman utawa pangrajin kapengkar ana enem macem:

  • Ukir ngisor bas relief:Kasebut ukir ngisor amarga gambarkang timbul kurang saka separo utawa setengah sak wujud asliné kang wutuh.
    • Tuladha:Ukir gaya Bali, ing seniman ukir kang ana ing Bali misuwur ngukir ana ing gembyok-gebyok utawa témbok-témbok pura
  • Ukir sedeng mezzo relief:Kasebut ukir sedeng amarga gambar kang timbul ing wujud ukiran bisa separo saka wujud asliné
  • Ukir dhuwur haut relief:mau ukir dhuwur amarga gambar kang ana utawa kang timbul punjul separo/setengah saka wujud gambar asliné
  • Ukir cekung utawa ukir keleb encreux relief ya iku ukiran kang cekung amarga gambar keleb saka ngisoré saka dumung dasaré
  • Ukir tembus utawa ukir krawangan ayour relief ya iku ukiran kan gambaré nembus ing dasaré, saéngga wujudé krawang-krawang (bolong-bolong).
  • Ukir tumpang ya iku ukir kang gambaré tenumpang ing dasaré babagan.Ukir tumpang wujudé memper kaya karya relief patung amarga utoh persis kaya patung.
    • Tuladha relief Kamadhatu kang ana ing suku candhi Borobudur.

Piranti[besut | besut sumber]

  • Tatah/Pahat
    • Tatah kuku ya iku tatah kang matané mlèngkung kaya ta wujud kuku manungsa.Cacahé tatah iki ana 20 iji, kanthi ukuran amba tatah ± 3 cm.Tatah kuku dimumpangatake kanggo mbentuk ukirang kang mlèngkung, bundèr lan lonjong.
    • Tatah nyilat ya iku tatah kang wujud matané kenceng, kaya ta tatah tukang kayu biyasa.Cacahé 10 iji kanthi ukuran ombané tatah 3 mm nganti ± 3 cm.Tatah nyilat mumpangate kanggo mbentu utawa nanatah wujud kang lurus kaya ta garis, wajik, lan kotak
  • Tatah kol,ana loro jinising
    • Tatah kol rata, ya iku tatah kol kang dasaré mata tatah kol lurus, kathi gègèré tatah kol awujud cekung.
    • Tatah kol suru, tatah kol kang dasarané cekung kaya ta suru, lan gègèré cekung.Tatah kol cacahé ana 4 nganti 10 iji kanyhi ukuran cilik lan gedhé, omboné tatah ± 0,5–3 cm.
  • Tatah pangot, ya iku tatah kang asebut mata dasarané kanthi wujudé miring, Cacahé loro.Tatah pangot mumpangate kanggo nyampurnakake wujud-wujud ukiran, saéngga rajin lan bagus.
  • Tatah Coret, ya iku kang mata dasare lancip kaya hurup v mumpangate kanggo maringi alur pecahan ana ukiran