Gemak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gemak
Quail32.jpg
Manuk Gemak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Genera
Gemak

Gemak ya iku salah siji jinis manuk saka kulawarga familia Phasianidae.[1] Saka wujudé, manuk puyuh wujudé cilik rupa ireng semu putih ing lar-e.[1] Gemak kagolong kulawarga unggas darat kang cilik lan lemu. Gemak duwé pakulinan mangan wiji-wijian lan asring uga mangan kéwan kaya ta kalamangga lan kéwan kang cilik. Gemak duwé susuh ana ing lemah, ya iku ana ing ngisor suket utawa grumbul ing sawah utawa tegalan. Gemak bisa mlayu lan mabur kathi rikat lan dhuwur nanging ora bisa adoh. Aneka warna jinis manuk puyuh kaya ta puyuh jepang ya iku migratori uga bisa miber kanthi jarak kang aduh. Manuk puyuh Jepang uga diternakake minangka ngasilaké endhog.

Spesies[besut | besut sumber]

Gemak coklat (Coturnix ypsilophora)

Sajarah[besut | besut sumber]

Puyuh kalebu salah siji jinis manuk kang ora bisa mabur saka spésies utawa subspesies génus Coturnix.[2][3][4] Ing Jawa, ana uga kang nyebut Gemak.[2][3][4] Saka basa asing Quail, utawa manuk alasan kang sepisan diternaake déning bangsa Amérika Sarékat, taun 1870.[2][3][4] Ing Indonésia, puyuh wiwit dikenal lan diternak nalika pungkasane taun 1979.[2][3][4]

Mupangat[besut | besut sumber]

Manuk puyuh duwé manfaat kaya ta:[2]

  1. Endhog lan daginge duwé gizi gedhé lan rasa kang enak
  2. Wulu utawa lar bisa kanggo bahan kerajinan
  3. Tembelek utawa kotoran bisa kanggo pupuk kandhang utawa kompos kang apik kanggo tanduran

Kandungan Gizi Endhog Puyuh[besut | besut sumber]

Endhog puyuh duwé ukuran cilik.[3] Sanajan cilik kandhutan gizine gedhé.[3] Biasane endhog puyuh dimasak kanthi digodhog utawa dicampur karo sayuran kaya ta campuran sambel kenthang, isi bakso, tahu lan somay.[3] Endhog puyuh uga bisa kanggo diet amarga bisa ngurangi prosès penimbunan lemak.[5]

Zat Gizi Endhog Puyuh
Energi (kkal) 158
Protein (g) 13,05
Total lemak (g) 11,09
Karbohidrat (g) 0,41
Kalsium/Ca (mg) 64
Bes/Fe (mg) 3,65
Magnesium/Mg (mg) 13
Fosfor/P (mg) 226
Kalium/K (mg) 132
Natrium/Na (mg) 141
Seng/Zn (mg) 1,47
Tembaga/Cu (mg) 0,062
Mangan/Mn (mg) 0,038
Selenium/Se (mkg) 32,0
Thiamin (mg) 0,069
Riboflavin (mg) 0,478
Niasin (mg) 0,070
Asam Panthothenat (mg) 1,438
Vitamin B6 (mg) 0,143
Kolin (mg) 263,4
Vitamin B12 (mkg) 1,58
Vitamin A (IU) 543
Vitamin E (mg) 1,08
Vitamin K (mkg) 0,3
Kolesterol (mg) 844
Lutein+zeaksantin (mkg) 369

Sumber: USDA (2007)

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Soeseno, Ari. 1993. Burung Hias Aneka Jinis dan Perawatannya. Jakarta: PT. Penebar Swadaya. Hal 197
  2. ^ a b c d e Klub Burung(dipunundhuh tanggal 06 Maret 2011)
  3. ^ a b c d e f g Telur Puyuh Baik Bagi Semua(dipunundhuh tanggal 07 Mèi 2011)
  4. ^ a b c d Sentrapuyuh(dipunundhuh tanggal 7 Mèi 2011)
  5. ^ Telur Burung Puyuh(dipunundhuh tanggal 7 Mèi 2011)