Menyang kontèn

Tahu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tahu
Tahu
Jeneng Cina
Cina Padatan 荳腐 utawa 豆腐
Cina Prasaja 豆腐
Hanyu Pinyindòufu
Werdi literaldadhih kacang

Cithakan:Infobox Chinese/VietnameseCithakan:Infobox Chinese/ThaiCithakan:Infobox Chinese/Korean

Tahu
Nama Jepang
Kanji: 豆腐
Hiragana: とうふ
Jeneng msa
msatauhu
Jeneng Filipino
tgltokwa[1][2]
Jeneng tam
tamtahu
Jeneng Khmer
Khmerតៅហ៊ូ
Jeneng Indonesia
Indonesiatahu

Tahu iku panganan sing digawé saka kacang kedhelé, difermentasikaké lan dijupuk sariné. Béda karo témpé sing asli saka Indonésia, Tahu asalé saka Tiongkok, kaya déné kécap, tauco, bakpau, lan bakso. Tembung Tahu iku tembung silihan saka Basa Hogkyen tauhu (Aksara Cina: 豆腐, pek we ji: tāu-hū) sing kanthi barès tegesé "kedhelé sing difermentasi". Tahu pisanan tuwuh ing Tiongkok wiwit jaman Dinasti Han watara 2200 taun kapungkur. Panemuné ya iku Liu An (Aksara Cina: 劉安) sing wujud sawijining bangsawan, putuné Kaisar Han Gaozu, Liu Bang sing madegaké Dinasti Han.

Ing Jepang diglepungi mawa jeneng tofu. Digawa para perantau China, panganan iki nyebar menyang Asia Wétan lan Asia Kidul-wétan, banjur uga pungkasané menyang saindhenging donya.

Kayadéné témpé, tahu diglepungi minangka panganan rakyat. Manéka warna jinis tahu sing ana ing Indonésia lumrahé dingerteni saka papan panggawéyané, upamané tahu Sumedang lan tahu Kediri.

Manéka panganan saka tahu antarané tahu bacem, tahu bakso, tahu isi (tahu bunting), tahu gimbal, tahu petis, tahu campur, tahu gejrot, tahu aci, tahu sumedang, perkedel tahu, krupuk tahu, lan liya-liyané.

Masakan sundubu jjigae.

Dubu utawa tahu Koréa (豆腐, 두부) ya iku jinis tahu kang diprodhuksi ing Koréa. Ing sejarahe, Dubu dikenalake saka Cina wis dadi pérangan kuliner masarakat Koréa.[3] Wong Koréa migunakaké kanggo gawé pirang-pirang jinis masakan.[4]

Réferènsi wiwitan ngenani dubu bisa tinemu ing Catatan Mogeun (Mogeunjip) kang ditulis déning Yi Saek (jeneng pena Mogeun, 1328-1396) ing jaman Dinasti Goryeo (938-1392). [5] Ing siji puisine, Yi Saek nulis ngenani kelezatan dubu kang lagi waé digawé.[5]

Réferènsi liyané nulis ngenani carané masak dubu ing Yangchonjip déning Gwon Geun sarta Heo Gyun (1569-1618), sawijining sastrawan Dinasti Joseon kang nulis ing Domundaejak ngenani kelembutan rasa dubu kang didol pedagang ing jaba Gerbang Changui.[5] Sawijining catatan ing Sejongsillok (Catatan Papréntahan Raja Sejong) nyebutake yèn sawijining Kaisar Ming muji yèn wanita Koréa trampil banget masak masakan kang mewah lan nganggep yèn tahu Koréa énak banget.[5]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Remo, Amy R. (2008-11-04). "After cheap rice, 'P10 Budget Ulam'". Philippine Daily Inquirer.
  2. Remo, Amy R. (March 31, 2005). "Filipino food served 'hawker' style". Filipino Reporter.[pranala mati permanèn]
  3. HISTORY OF TOFU IN SOUTH AND SOUTHEAST ASIA, soyinfocenter. Diundhuh tanggal 1 Mèi 2010.
  4. Hand-made Tofu[pranala mati permanèn], gwangju. Diundhuh tanggal 1 Mèi 2010.
  5. a b c d Chun Hui-jung (2006). "Dubu-Jeongol ― Traditional Dish of Dubu (Tofu) and Vegetables" (PDF). Koreana. 1 (ing basa Inggris). 20: 77–79. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 6 January 2018. Dibukak ing 26 April 2010.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]