Krupuk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Krupuk

Krupuk iku panganan saka Tanah Jawa lan uga Nuswantara kanthi umum.[1] Panganan iki wujudé tipis kumripik.[1] Krupuk lumrahé digawé saka glepung tapioka kang ditambahi bahan pangrasa, kaya ta urang, kakap, bawang putih, lan sapanunggalané.[1] Banjur jladrèn iki diulèni lan diiris tipis-tipis, dipépé ing srengéngé.[1] Banjur digorèng mawa lenga sing akèh tur panas.[1]

Cara nggawé[besut | besut sumber]

Cara nggawé krupuk bisa kanthi manual.[2] Carané ya iku jladrèn krupuk digawé londor-londor dawa.[2] Sawisé dadi londoran banjur dimasak kanthi dikukus.[2] Yèn wis mateng banjur diirisi lan dipépé.[2] Irisan krupuk kang wis garing banjur digoréng ing lenga panas.[3] Londoran krupuk iki bisa digawé saka godhong utawa saka plastik.[3] Krupuk kang dipépé iki ancasé supaya krupuk bisa mekar yèn digorèng.[3] Krupuk kalebu panganan kang rikat gosong nalika digoréng, dadi yèn nggorêng krupuk cukup sedhéla waé, aja nganti krupuk dadi gosong.[3] Yèn nganti gosong rasané krupuk bakal dadi pait lan wernané dadi ireng.[2]

Nggorèng[besut | besut sumber]

Krupuk bisa digadho utawa dipangan minangka lawuh.[2] Sadurungé digorèng lumrahé krupuk dipépé dhisik, ancasé supaya krupuk bisa ngembang lan amba nalika digorèng.[2] Kanggo ngasilaké krupuk kang ora gosong tur asilé katon apik, cukup nggunakaké geni kang ora patiya gedhé nalika nggorèng.[2] Saliyané iku, yèn nggorèng krupuk ora kena ditinggal-tinggal supaya ora gosong.[2]

Cemilan[besut | besut sumber]

Krupuk kalebu jajanan kang ora gawé wareg.[2] Yèn ing basa Indonésia diarani makanan ringan utawa 'panganan êntèng' ing basa Jawa.[2] Krupuk lumrahé kanggo lawuh nalika mangan. Krupuk uga kena kanggo camilan nalika lagi nonton TV utawa lagi lungguhan. Krupuk uga kena kanggo kanca yèn lagi ngombé tèh utawa kopi.[2]

Mlempem[besut | besut sumber]

Yèn suwé ora dipangan lan ora diwadhahi sajeroning wadhah sing rapet krupuk lumrahé banjur dadi mlempem.[2] Mlempem tegesé ora renyah manèh.[2] Krupuk kang wis mlempem rasané wis béda karo nalika kaya isih renyah.[2] Yèn wis mlempem krupuk lumrahé arang dipangan.[2] Supaya krupuk ora rikat mlempem, lumrahé dipépé dhisik.[2] Saliyané iku, nalika lagi ngentas saka wajan krupuk ora langsung diwadhahi toplès nalika isih panas.[2] Hawa panas agawé krupuk dadi mlempem nalika disêlêh toplès pas isih panas.[2]

Krupuk sing wis mlempem bisa digawé renyah manêh mawa dilebokaké ing oven utawa panggangan roti sadhéla.[4]

Rasa woh-wohan[besut | besut sumber]

Kanthi kemajuané jaman, krupuk uga ana sing wènèhi perasa woh-wohan.[5] Déné woh-wohan kang dadi perasa krupuk ya iku rasa nanas, nangka, apel rasa strobèri,gedhang, gadung, jèngkol, jagung, rasa coklat, rasa durén.[5] Saliyané iku uga ana krupuk kang diwènèhi perasa bumbu barbeque, rasa pedhes kaya ta sambel balado, rasa legi, kèju, bawang lan urang, ana uga krupuk kang rasa iwak.[5]

Jinis krupuk[besut | besut sumber]

Jinisé krupuk.[6]

Krupuk iwak kalebu krupuk kang akèh disenengi masarakat.[7] Saka bocah cilik nganti tekan wong tuwa uga seneng.[7] Rasané kang gurih lan renyah saya gawé krupuk iwak tambah énak.[7] Akèh iwak kang bisa dadi bahan dhasar kanggo nggawé krupuk.[7] Tuladhané iwak tongkol, tengiri, bandeng, lan liya-liyané.[7]

Kulit kebo sing wis dipépé nganti garing banjur digodhog nganti empuk ing banyu kang wis dibumboni.[6] Sawisé iku kulit kebo kang wis empuk mau banjur diiris tipis-tipis lan dipépé manèh nganti garing.[6]

Sawisé iku banjur digoréng supaya krupuk dadi ngembang.[6] Sajeroning krupuk dipépé lan digoréng iki kang nemtokaké rasa gurih lan renyahé ing krupuk.[6] Krupuk rambak uga duwé rega kang luwih larang ya iku saben sekilo regané 90 éwu rupyiah.[6] Krupuk iki rasané renyah lan gurih rada asin.[6]

Laladan Bumiayu diarani laladan sentra produsén krupuk rambak.[6] Awit kurang luwih ana 75 perajin krupuk rambak ing Bumiayu.[6] Krupuk rambak asil olahan ing Bumiayu uga diékspor ing Malaysia lan Brunei Darussalam.[6]

  • Krupuk mi[6]
  • Krupuk mlarat[6]
  • Krupuk sarmièr[6]

Gladri krupuk[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Kompas.com(dipunundhuh tanggal 20 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Tabloid Femina(dipunundhuh tanggal 20 April 2011)
  3. a b c d Viva Indonésia(dipunundhuh tanggal 20 April 2011)
  4. Dapur Bundaku'. Diaksès tanggal 23 Mei 2012
  5. a b c kaskus.us[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)
  6. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac Situs Indosiar Archived 2009-05-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 April 2011)
  7. a b c d e Deptan Archived 2012-01-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 April 2011)

Uga delengen[besut | besut sumber]