Menyang kontèn

Kerak telor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kerak Telor

Kerak telor ya iku panganan asli Betawi kang wis ana wiwit jaman biyèn sarta minangka panganan khas Jakarta.[1] Kerak telor iku pertalané "intip endhog" ing basa Jawa.

Panganan iki digawé saka beras ketan putih, endhog bèbèk utawa endhog pitik, ebi (urang garing), srundeng (parutan klapa kang disangan garing), brambang goreng sarta bumbu lombok abang, kencur, jae, mrica, uyah, lan gula pasir.[2] Kerak telor ora dimasak ing ndhuwur kompor nanging nganggo keren utawa anglo (basa Indonésia:tungku).[2] Ketan kang dianggo nggawé kerak telor iku kudu dikum dhisik kurang luwih sewengi suwéné.[3] Ketan iku dijupuk lan diratakake ing wajan panas, nanging ora nganggo lenga.[3] Sawisé iku, ditambahi srundeng lan bahan-bahan liyané.[3] Nalika nggawé kerak telor, wajan kang dianggo nggawé sadhéla-sadhéla diwolak-walik madhep keren. Iki dilakoni supaya kerak telor matenge rata.[2] Yèn wis garing lan mateng, kerak telor bisa disuguhake kanggo dipangan.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]
Kerak Telor

Kerak telor digawe ing taun 1920-an saka eksperimen klompok wong Betawi sing manggon ing wilayah Menteng, Jakarta Tengah. Wiwit saka akèhé klapa ing wilayah kuwi, wong Betawi nyoba ngolah klapa dadi manéka panganan. Ing wektu kuwi, Gubernur Jakarta, Ali Sadikin, miwiti promosi panganan khas Betawi iki. Sawisé suwe, kerak telor dadi pemandangan lumrah ing pirang-pirang panggonan ing Jakarta. Ing taun 1970-an, komunitas Betawi wiwit adol jajanan iki ing sakupenge Monumen Nasional (Monas). Ing wektu kuwi, akèh wong Betawi wiwit migunakaké wit klapa ing Jakarta minangka bahan dhasar kanggo panganan tradisional Betawi kaya soto Betawi, nasi uduk, lan kerak telor dhéwé. [2]Ing jaman kolonial Walanda, kerak telor iku panganan sing larang lan mung bisa dinikmati déning golongan ndhuwur[2]. Kanthi lumantar wektu, wong Betawi wiwit nyoba adol kerak telor kanthi rega sing terjangkau, supaya bisa dinikmati déning kabèh lapisan masyarakat.[1]

Kerak telor nglambangaké kapemimpinan sing ngluwihi bedané individu. Bedané individu mau banjur dipersatukaké déning pamimpin, sing digambaraké déning endhog sing ngiket kabèh bumbu lan rempah-rempah.

Saiki, kerak telor wis dadi daya tarik wisatawan lan nggambaraké nilai-nilai lokal.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Kerak Telor". Diarsip saka sing asli ing 2012-08-30. Dibukak ing 2011-08-16.
  2. 1 2 3 4 5 "Kerak Telor". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-18. Dibukak ing 2011-08-16.
  3. 1 2 3 "Sejarah di balik Gurihnya Kerak Telor, Kuliner Khas Betawi". Diarsip saka sing asli ing 2020-02-24. Dibukak ing 2011-08-16.
  4. Dominique, Angelique Celine; Diantisari, Alya; Immanuela, Bella; Ardelia, Jocelin (2024-02-29). "Daya Tarik Makanan Tradisional Kerak Telor Sebagai Wisata Kuliner Indonesia". MULTIPLE: Journal of Global and Multidisciplinary (ing basa Inggris). 2 (2): 1166–1177. ISSN 2988-7828.