Tumpeng

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sego Tumpeng
Tumpeng untuk selamatan

Tumpeng iku cara nyuguhaké sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng.[1] Olahan sega sing dianggo umumé arupa sega kuning, senadyan kerep uga digunakaké sega putih biasa utawa sega uduk. [2]Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masyarakat Betawi katurunan Jawa lan biasané disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kedadéyan wigati.[2] Senadyan mangkono, masyarakat Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara umum.[2]

Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.[2] Tumpeng bentuké kerucut.[2] Bentuk kerucut nduwéni filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat.[2]

Tumpeng tau diklaim dadi duwèkké Malaysia.[2] Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang.[2] Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sifatipun seneng utawa suka uga sedhih.[2] Ing acara ritual, tumpeng biyasané dihias karo sayuran lan iwak kang nduwéni teges kang sakral lan nduweni pralambang lan pangarep-arep.[2]

Tumpeng bentuké kerucut lan ditata ing wadah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang.[2] Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur.[2]

Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani.[2] Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara khusus.[2] Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masyarakat Jawa, uga ana [[tumpeng putih].[2] Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi werna liyané, kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel).[2]


Cara nggawe[sunting | sunting sumber]

Sega tumpeng biyasané dadi hidangan istiméwa ing acara-acara penting.[1] Carané gawé tumpeng sing énak yaiku.[1]

  1. Campur 200 gram beras ketan putih ing 1 kg beras supaya sega tumpeng bisa pulen lan gampang kacithak.[1]
  2. Rendhem campuran beras, suwene 8-10 jam supaya cepet mateng lan hasilé apik, banjur kukus nganti mateng, suwéné kurang luwih 1/2 jam.[1]
  3. Beras kang wis dikukus banjur dilebokaké ing santen kang wis umum, banjur diwénéhi godhong salam utawa godhong pandan lan uyah, mangsak nganti santene asat.[1] Supaya sega tumpeng bisa katon kuning, campura 1 séndhok makan banyu jeruk nipis saben 1.500 ml santen.[1]
  4. Santen dimangsak dhisik supaya sega tumpeng ora gampang mambu.[1]
  5. Supaya tumpeng bisa alus, sawisé beras mateng, aja diudheg-udheg maneh, diadhemké ing panci tutupan suwéné 15 menit, banjur kukus nganti garing lan mateng.[1]
  6. Hiyasan kanggo tumpeng bisa nganggo garnish saka wortel, péterséli, bengkuang, cabai merah, tomat, atau sayuran.[1]
  7. Tumpeng biasa disuguhaké ing sadhuwuring tampah (wadhah tradhisional) lan ditataki godhong gedhang.[1]

Filosofi[sunting | sunting sumber]

Tumpeng yaiku sega kang bentuké kerucut kanthi werna-werna lauk pauk.[3] Tumpeng dihidangaké ing tampah kang arupa nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring.[3] Tumpeng biyasané dianggo ing upacara tradisional.[3] Tumpeng ing ritual Jawa ana macem-macem jinisé. Ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.[3] Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan.[3] Tumpeng robyong asring dianggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran).[3] Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.[3] Tumpeng sing bentuke kaya Gunung nggambarake kamakmuran sing langgeng.[3] Banyu sing mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran.[3] Tanduran kang bentuké ribyong diarani semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembaka.[3]

Tumpeng

Sejarah[sunting | sunting sumber]

Bentuk tumpeng kaya bentuk gunung. Indonésia kalebu nagara kepulauan kang nduwéni akeh gunung merapi.[4] Nenek moyang warga Indonesia nduweni persépsi tumprap gunung.[4] Gunung dianggep papan panggonan kang luhur.[4] Sega tumpeng utawa tumpengan nduwéni teges simbol gunung Mahameru.[4]


Tum­peng iki da­di tra­dhi­si su­guh­an kang di­gu­na­ka­ke jro­ning upa­ca­ra kang asi­pat ka­se­dhih­an ut­awa gum­bi­ra.[5]

Sa­we­ta­ra sum­ber nye­bu­ta­ké ma­na­wa ja­man bi­yèn tum­peng mes­thi di­su­gu­ha­kè sa­ka se­ga pu­tih.[5] Se­ga pu­tih lan la­wuh jro­ning tum­peng iku duwe mak­na, yai­ku se­ga pu­tih kang awujud gu­nung­an utawa ke­ru­cut iku nglam­ba­nga­ké ta­ngan kang nyem­bah mring Gusti Pa­nge­ran.[5] Se­ga pu­tih uga nglam­bang­ké sa­mu­ba­rang ka­lir kang di­pa­ngan, da­di ge­tih lan da­ging ku­du di­pi­lih sa­ka sum­ber kang re­sik lan ha­lal. [5]Wu­jud gu­nung­an iku uga bi­sa di­te­ge­si mi­nang­ka pa­nga­jab su­pa­ya ka­ra­har­ja­ning urip ma­nung­sa san­sa­ya mung­gah lan dhu­wur.[5]

Kus­ta­wa Esye, Pang­ar­sa Ko­mu­ni­tas Kiai Da­mar Se­su­luh, mra­te­la­ka­ké tum­peng ut­awa in­thuk-in­thuk iku ngan­dhut pi­wu­lang lu­hur, yaiku pa­nga­ja­be ma­nung­sa ma­rang ku­was­aning Pa­ngéran.[5] Jro­ning uri­pe ma­nung­sa ing do­nya iku ana tra­pe, ka­ya kang ka­gam­bar ing tum­peng.[5]

Sa­na­jan wu­ju­dé ke­ru­cut, sa­ja­né tum­peng iku ka­pa­ra da­di te­lung trap.[5] Ngi­sor dhe­we, te­ngah lan pu­cu­kan ut­awa dhu­wur dhe­we.[5] Ka­beh ngan­dhut pi­wu­lang. Pe­rang­an pa­ling ngi­sor dhe­we kang di­pa­sa­ngi gu­dha­ngan lan ja­jan­an iku da­di ge­gam­ba­ra­ning do­nya­né ma­nung­sa. [5]De­ne trap ka­lo­ro utawa te­ngah iku da­di sa­ra­na me­ne­ping ra­sa ma­nung­sa kang­go nu­ju ka­sam­purn­an.[5] De­ne pu­cuk dhe­we da­di sim­bul pa­nga­ja­bé ma­nung­sa mring Gus­ti kang­go ngga­yuh ka­ba­ha­gyan ha­ki­ki. Yai­ku kang di­ara­ni il­mu sang­kan pa­ra­ning du­ma­di ana ing pu­cukan tum­peng ku­wi.[5] Mu­la ing pu­cu­kan di­tan­ce­pi lom­bok abang nga­cung je­jeg.[5] Iku kang­go pe­pe­ling su­pa­ya ma­nung­sa ku­du tan­sah eling ma­rang Kang Ma­ha Tung­gal, yai­ku Pa­ngéran.[5]

Ja­man bi­yèn, se­se­puh kang mim­pin do­nga sla­me­tan lum­ra­he ba­kal ngu­dhar dhi­sik mak­na kang ka­kan­dhut jro­ning su­guh­an tum­peng.[5] Kan­thi ca­ra kang mang­ko­no iku wong kang mélu sla­me­tan ba­kal ma­nger­teni mak­na tum­peng lan an­tuk we­dha­ran kang aru­pa pi­wu­lang urip sar­ta pe­pe­ling.[5]

Chatetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k (id)[1](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)[2](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j (id)[3](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  4. ^ a b c d (id)[4](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)[5](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tumpeng&oldid=876667"