Tinutuan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tinutuan dipunsajèkaken kaliyan iwak asin

Tinutuan utawi Bubur Manado inggih punika tetedhan khas Indonésia saking Manado, Sulawesi Lor.[1][2] Wonten ingkang ngandharaken bilih tinutuan punika dhaharan khas Minahasa, Sulawesi Lor.[3] Tinutuan punika kalebet campuran manéka janganan, boten ngandhut daging saéngga dhaharan punika saged dados dhaharan sesrawungan antar kelompok masarakat ing Manado.[4] Padatanipun tinutuan dipunsajèkaken kanggé sarapan enjing kaliyan manéka sajian jangkepan.

Sajarah[besut | besut sumber]

Tinutuan dipunsajèkaken kaliyan iwak asin lan sambel

Tembung tinutuan boten dipunmangertosi asal usulipun.[2] Saking kapan tinutuan dados dhaharan khas Kutha Manado boten dipunmangertosi kanthi cetha.[2] Wonten ingkang ngandharaken bilih tinutuan wiwit rém dipunsadé ing sapérangan papan ing kutha Manado saking taun 1970.[3] Wonten ugi ingkang ngandharaken saking taun 1981.[5] Tinutuan dipun-ginakaken dados moto Kutha Manado saking kapemimpinan Wali Kota Jimmy Rimba Rogi lan Wakil Wali Kota Abdi Wijaya Buchari periode 2005-2010 ngganntos moto Kutha Manado sadèrèngipun inggih punika Berhikmat.[2][3][4] Pamarentah Kutha Manado lantaran Dinas Pariwisata nalika taun 2004[5] (Wonten ugi ingkang ngandharaken ing tengahan taun 2005)[2] ndadosaken Kawasan Wakeke, Kacamatan Wenang, Kutha Manado, minangka papan wisata dhaharan khas tinutuan.[3][4]

Bahan[besut | besut sumber]

jangkepan sajian tinutuan

Bahan kanggé damel tinutuan punika gampil, inggih punika campuran manéka jinis janganan kados ta labu kuning wonten ugi ingkang nyebat sambiki, beras, tela, bayem, kangkung, godhong gedi,[5] jagung, dan kemangi.[6]

Penyajian ing Manado[besut | besut sumber]

Tinutuan ing Manado dipunsajèkaken kaliyan perkedel nike, sambel roa (rica roa, dabu-dabu roa), ulam cakalang fufu utawi tuna beluk, lan perkedel jagung.[5][6]. Tinutuan ugi saged dipunsajèkaken kaliyan mi utawi kaliyan sup kacang abrit ingkang dipunsebat brenebon.[4] Tinutuan ingkang dipunsajèkaken kaliyan mi punika dipunsebat midal, déné dal mau asalipun saking tembung pedaal inggih punika nama sanès kanggé tinutuan mirunggan ing wewengkon Minahasa Kidul ingkang kalebet wewengkon subetnis Tountemboan ing Minahasa.[4] Tinutuan ingkang dipuncampur kaliyan brenebon punika kadangkala dipuntambah kaliyan thèthèlan sapi ingkang dipunpitadosi sinten ingkang nedhi saged narik "roda" (gerobak).[4] Kanggé komunitas Kristen ing Manado, tinutuan ingkang dipuncampur kaliyan brenebon punika saged ugi dipunsajèkaken mirunggan kanthi dipuntambahi sikil babi. Padatanipun wonten ing adicara tartamtu kados tumpah makan inggih punika nalika dinten pangacapan syukur ing Manado.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Sulut ngrancang pamasaran Tinutuan dhateng sistem waralaba" (html). swarakita-manado.com. 20 March 2010.[pranala mati permanèn]
  2. a b c d e Soleman, Montori (15 Juni 2006). "Refleksi Kutha Manado Mlebet ing Gerbang Wisata Dunia 2010". hariankomentar.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-07-19.
  3. a b c d Manarisip, Christy (2007). "Tinutuan, Makanan Universal Kota Manado" (html). www.suaramanado.com.
  4. a b c d e f g Sombowadile, Pitres (2010). "TINUTUAN: DARI MATA TURUN KE PERUT". Tribun Manado. Diarsip saka sing asli ing 2010-03-13.
  5. a b c d TYS (2 April 2010). "Makan Pagi Tinutuan di Wakeke" (html). www.kompas.com.
  6. a b Siregar, Kali (2010). "Tinutuan, Nike, dan Dabu-dabu Roa". kompasiana.[pranala mati permanèn]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Resep