Tuak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Tuak ing botol ingkang taksih dipundèrès

Tuak inggih punika satunggaling unjukan mawi alkohol Nuswantara. Unjukan punika kalebet asiling fermentasi saking nira, beras utawi bahan unjukan/ woh ingkang gadhah kandhutan gula. Tuak punika prodhuk unjukan ingkang gadhah kandhutan alkohol. Bahan baku ingkang saged dipun-ginakaken inggih punika: beras utawi cairan ingkang dipunpendhet saking tuwuhan kados déné nira wit enau utawi nipah, utawi legèn saking wit siwalan utawi tal, utawi sumber sanèsipun.[1][2] Kadar alkoho tuak wonten ing pasaran punika béda-béda gumantung kaliyan papan anggènipun damel. Tuak ingkang jinis arak ingkang dipundamel wonten ing Pulo Bali ingkang kondhang minangka Brem Bali, punika dipunmangertosi gadhah kandhutan alkohol ingkang radi inggil.

Sapérangan papan wonten ing Pulo Madura rumiyin punika kondhang minangka papan ingkang ngasilaken tuak, nanging tiyang Madura punika boten gadhah pakulinan ngunjuk ingkang kiyat. Tumrap masyarakat Tapanuli, Sumatra Lor, mliginipun masyarakat Batak punika mastani bilih tuak punika gadhah khasiat damel badan séhat amargi wonten kandhutan ingkang saged damel badan punika anget. Pérangan ingkang sami punika ugi kapanggihaken wonten ing pakulinan masyarakat Suku Toraja ing Tana Toraja, Sulawesi Kidul ingkang gadhah pakulinan ngunjuk tuak. Kejawi kanggé ngangetaken awak, tuak saking wit enau wonten ing Toraja punika sampun dados unjukan wonten ing ritual-ritual adat. Satemah saben wonten ritual adat sampun mesthi wonten tuak.

Jinising tuak[besut | besut sumber]

Tuak beras[besut | besut sumber]

Tuak beras inggih punika satunggaling jinis unjukan masyarakat Iban wonten ing Kalimantan. Padatanipun, tuak beras punika dipunolah saking jinising beras ingkang sinebat beras pulut (beras ketan). Beras kasebat dipunkum toya wonten ing tempayan ingkang sinebat "Tajau". Proses kasebat mbetahaken wekdal kirang langkung 2 minggu sadèrèngipun saged dipununjuk lan beras kasebat ugi dados dhaharan ingkang sinebat tapé. Nanging samenika prosès anggènipun damel tuak beras punika radi béda, inggih punika kejawi dipundamel ngginakaken beras ketan ugi dipuncampur kaliyan gula pasir supados raosipun langkung legi.

Limrahipun tuak beras punika dipuncawisaken nalika wonten adicara tartamtu kados déné Gawai Dayak, Gawai Hantu, Gawai Kenyalang lab sanèsipun. Kejawi saking masyarakat Iban, wonten ugi masyarakat sanès kados déné Bidayuh, tiyang Ulu ingkang damel tuak kanthi caranipun piyambak. Tuak ingkang jinis punika gadhah kandhutan alkohol ingkang cekap damel tiyang punika mabuk menawi dipununjuk kathah.

Tuak nira[besut | besut sumber]

Artikel utama: Tuak nira

Tuak nira punika limrahipun dipunasilaken saking mendhet nira saking mayang (tongkol kembang) saking wit enau utawi nipah. Mayang enau utawi nipah punika dados woh, ingkang dipuntugel lan toya legi ingkang medal saking woh ingkang dipuntugel kasebat dipunkempalaken wonten satunggaling wadhah, limrahipun saking pring. Toya nira ingkang sampun dados setunggal lan dèrèng nglampahi fermentasi punika dèrèng gadhah kandhutan alkohol lan padatanipun dipunsadé minangka unjukan jajanan legen. Menawi dipunleremaken, kandhutan gula wonten lajeng éwah dados alkohol medal prosès fèrmentasi sedangunipun pinten dinten kanthi kandhutan alkohol kirang langkung 4%. Tuak enau utawi nipah punika saged dipununjuk sasampunipun pinten dinten.

Padatanipun tuak nira punika dipuncawisaken wonten ing adicara tartamtu kados déné pesta mantenan. Menawi tuak enau utawi nipah punika dipunleremaken ingkang dangu lajeng dados asem lan sanyaya dangu dados cuka kanthi alami tanpa campuran saking bahan asing sanèsipun.

Nama sanèsipun[besut | besut sumber]

Wonten sapérangan nama wewengkon kanggé tua, kadosta:

Negara / Wewengkon Nama ingkang kaginakaken
Cithakan:ALG / Cithakan:TUN lagmi Cithakan:IPA-arz, ingkang gadhah kanthutan alkohol menapa boten.
Cithakan:BAN ????? ta?i, ????? ta?u, tuak[3]
Cithakan:CAM Tuk tnout choo[4]
Cithakan:CMR mimbo,[5] matango, mbuh
Bendera_Republik Rakyat Cina Republik Rakyat Cina ??? (dipunaturaken "zong lu jiu")[6]
Cithakan:COD malafu ya ngasi (Kikongo), masanga ya mbila (Lingala), vin de palme
Cithakan:GAB toutou
Cithakan:GAM singer
 Ghana doka, nsafufuo, palm wine, yabra, deha (dipunaturaken "der 'ha")
 Guam tuba
Bendera_India India (Tamil -?????-kallu) Kallu(????? - Kerala ), kali (daerah Karnataka lan Kerala mawibasa Tulu ), kaLLu-?????(Karnataka), Thati kallu ???? ????? (Andhra Pradesh), Tadi (Bihar and Assam), Tã?i (?????) (Odisha), Taadi (Marathi), toddy, tuak,[3] Jogèd, neera, ?????/????? ta?i/ta?u (Bengal Barat), Tadi (Charwada)
 Indonésia arak (tuak ingkang sampun nglampahi distilasi),[3] tuak ing Indonesia, mliginipun Suku Batak, Sumatra Lor, kedai kanggé tuak punika sinebat lapo tuak. Wonten ing Sulawesi Kidul (mliginipun Tana Toraja) sinebat ballo', lan wonten Sulawesi Lor saguer.
Cithakan:KEN Mnazi
Cithakan:KIR Karawe
Cithakan:LBA lagbi Cithakan:IPA-arz. Dipunginakaken kanggé ingkang ngginakaken alkohol lan boten.
Cithakan:MLI bandji, sibiji, chimichama
Bendera_Malaysia Malaysia kallu (?????), tuak[3] (Sarawak), toddy (Inggris), bahar (Kadazan/Dsun), goribon (Rungus)
Cithakan:MDV Dhoaraa, Rukuraa, Meeraa
Bendera_Myanmar Myanmar htan yay
 Mèksiko tuba (dipunwur-wuri kacang), asalipun saking Filipina
Bendera_Namibia Namibia omulunga, palm-wine
Bendera_Nigeria Nigeria Palm-wine, Palmy, Uk?t nsuñ, Mmin efik, Emu, Oguro, Tombo liquor, Mmanya ngwo, Nkwu enu, Nkwu Ocha.
Cithakan:PNG segero, tuak
Cithakan:PHL tubâ,soom,[3] lambanog (tubâ yang didistilasi), bahal (Visaya)
Cithakan:ZAF ubusulu
Cithakan:SEY kalou
Cithakan:SLE poyo
Bendera_Sri Lanka Sri Lanka Raa (Sinhala), kallu (Tamil), panam culloo[3]
 Timor Wétan tuaka, tua mutin, (jinis brendinipun sinebat tua sabu)
Cithakan:TUV kaleve (dèrèng nglampahi fermentasi), kao (kenging fermentasi), utawi wonten Basa Inggris, toddy (dèrèng nglampahi fermentasi), sour toddy (kenging fermentasi)
Bendera_Vietnam Vietnam ru?u d?a;[3] ruou dua, coconut wine (Inggris)

Pirsani ugi[besut | besut sumber]

  • Ciu, unjukan mawi alkohol ingkang bahanipun saking beras saking negeri Tiongkok.
  • Sake, unjukan mawi alkohol ingkang bahanipun beras saking negeri Jepang.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Enjoying ‘tuak’ in Batak country by Wan Ulfa Nur Zuhra, NORTH SUMATRA, Feature, January 21, 2013 Jakarta Post
  2. Rundel, Philip W. The Chilean Wine Palm Archived 2006-01-04 at the Wayback Machine. in the Mildred E. Mathias Botanical Garden Newsletter, Fall 2002, Volume 5(4). Retrieved 2008-08-31
  3. Gnarfgnarf:Palm wine, rice wine, grape wine, beers and other drinks and beverages of Cambodia, 9 April 2012, diakses 15 April 2012
  4. Anchimbe - Creating New Names for Common Things in Cameroon English (I-TESL-J)
  5. "English-Chinese Translation of "palm wine"". Websaru Dictionary. Dijupuk 20 Januari 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)

Cithakan:Minuman beralkohol


Cithakan:Hasil hutan non-kayu


Cithakan:Minuman-stub Cithakan:Makanan-indo-stub