Geplak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Geplak
Gula kelapa Malioboro Yogyakarta.JPG
Geplak
Informasi
Asal Indonésia

Geplak ya iku jajanan khas kutha Bantul sing digawé saka parutan klapa lan gula pasir utawa gula jawa, sing rasané legi [1]. Ana uga sing ngarani geplak iku jajanan khas Betawi yèn ditambahi glepung beras lan godhong jeruk purut. Ana uga geplak sing digawé saka waluh [2]. Industri geplak lumrahé bisa ditemoni ing Bantul, Yogyakarta ya iku minangka indhustri rumah tangga. Nanging saiki geplak bisa ditemoni ing endi-endi. Geplak paling énak dipangan anget-anget. Biyén geplak dadi gantiné sega nalika usum paceklik[3].

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika jaman penjajahan Walanda, Bantul misuwur kanthi akèh pabrik gula lan kebon tebuné[3]. Ana 6 pabrik gula ing Bantul lan akèh kebon tebu. Saka 6 pabrik ana siji sing isih nganti saiki ya iku pabrik Madukismo[3]. Gula tebu sing dikasilaké saka pabrik-pabrik mau dimanfaataké gawé panganan-panganan, salah sawijiné geplak[3]. Saliyané pabrik gula lan kebon tebu, Bantul uga misuwur klapané amarga panggonané sing ana ing pasisir [3].

Kaunggulan[besut | besut sumber]

Kaunggulan geplak ya iku rasané sing super legi, nanging leginé ora sembarang legi, leginé legi gurih klapa[3]. Bahan-bahan kanggo gawé geplak uga gampang digolèki, kaya ta klapa sing ésih enom, glepung beras ketan, godhong pandhan, gula pasir utawa gula jawa, banyu, uyah lan panili[3]. Geplak mung disuguhaké rong werna, ya iku putih klawu lan semu coklat[3]. Nanging saiki geplak bisa tinemu pirang-pirang warna lan rasa, sanajan kaya mangkono bahan-bahan kanggo gawé geplak tetep alami lan ora ngandhut bahan kang bebayani[3]. Rasa geplak sing warna-warna kaya ta kacang, stroberi, jeruk, lan sapituruté saka bahan alami kabéh[3]. Gizi sing ana ing geplak uga akèh[3]. Kadelok saka panalitén pihak Universitas Gajah Mada (UGM), saben-saben 100 gram ngandhut karbohidrat 74 gram, lemak 14 gram, banyu 10 gram, protein 10 gram, lan kalori 2 gram[3].

Rujukan[besut | besut sumber]