Jeruk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jeruk
OrangeBloss wb.jpg
Kembang jeruk lan jeruk ning wit
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Subklas: Rosidae
Ordho: Sapindales
Famili: Rutaceae
Génus: Citrus
Spésies: C. sinensis
Jeneng binomial
Citrus sinensis
(L.) Osbeck

Jeruk iku tetanduran perdu tropis lan subtropis sing ngasilaké woh sing jenengé padha.[1] Woh jeruk iku bunder.[1] Kulité ana sing ijo, ana sing kuning. Rasané ana sing kecut, ana sing legi.[1] Jeruk iku kalebu pala gumantung, ya iku wit-witan kang gumandhul ana ing dhuwur wit.[1]

Jinisé[besut | besut sumber]

Jeruk keprok[besut | besut sumber]

Jeruk keprok bisa dadi tonik kanggo jantung. Jeruk keprok nduwé senyawa kang bisa ngurangi tumpukan lemak kang bisa nyebabaké serangan jantung. Jeruk keprok bisa dadi ombénan kang seger banget. Jeruk keprok bisa digawé jus lan wedang jeruk. Ora mung seger, nanging jeruk keprok uga bisa kanggo nyegah serangan jantung kang mbebayani.

Salah sijining panalitèn kang jenenge Daily Mail njléntréhaké yèn woh jeruk keprok utawa Citrus reticulata uga bisa ncegah lelara liyané, kaya ta diabétes, stroke lan kanggo penderita obésitas. Jeruk keprok uga bisa nglunturaké lemak. Jeruk keprok ngandhut nobiletin, ya iku pigmén utawa zat warna kang tinemu ing kulit jeruk keprok. Jeruk iki uga duwé tangeritin, ya iku senyawa antikanker. Tangeritin kalebu senyawa methoxyflavone kang nduwé poténsi agén antikanker. Peneliti saka University of Western Ontario, Kanada, njléntréhaké yèn tikus kang diwénéhi nobiletin bisa njaga awaké saka obesitas. Panelitén Dr Huff's nemu flavonoid, naringenin, ing jeruk bali kang uga bisa nyegah obesitas lan sindrom metabolik. Ananging flavonoid jeruk keprok luwih akèh tinimbang kang ana ing jeruk bali.

Jeruk Keprok utawa Citrus Nobilis Lour urip ing laladan tropis lan subtropis. Jeruk iki populer ing masarakat. Yèn wis mateng rasané legi, sak liyané énak dipangan, kulit jeruk keprok uga bisa nyegah kanker.

Zat Kimia kang ana ing jeruk keprok: - alkoida (godhong lan kulit buah) - polifenol (odhong lan kulit buah) - flavonoida (oyot) - lenga atsiri (godhong lan woh) - saponin akar

Gizi: - vitamin c - mineral zat besi - kalsium - gula - asam setrat

Khasiat: Kanggo njaga daya tahan awak, nyegah kanker, obat infeksi firal, obat kolésterol lan hiperténsi, nguatke lan bisa kanggo gizi paru-paru, njaga limfa, tamba watuk lan ngetokaké riak.

Jeruk purut[besut | besut sumber]

Jeruk Purut duwé jeneng latin Citrus hystrix D.C. utawa C. paeda Miq.[2] Jeruk purut kalebu familia rutaceae.[2] Jeruk purut akèh urip ing pekarangan omah utawa ing kebon.[2] Godhongé kalebu godhong majemuk kang nyirip lan duwé anakan godhong siji.[2]

Wujud godhongé bulat telur nganti lonjong, pangkal godhongé bunder utawa tumpul, pucuk godhongé lincip lan beringgit, dawané 8-15 cm, ambané 2-6 cm, godhongé lunyu lan ana bintil-bintil cilik kang wernané bening.[2] Godhong pérangan ndhuwur wernané ijo tuwa rada keling-keling, déné godhong pérangan ngisor wernané ijo nom utawa ijo rada kuning, burem. Yèn diremes godhongé ambuné wangi.[2]

Kembangé duwé wujud kaya bintang, wernané putih rada abang utawa putih rada kuning.[2] Jeruk purut bentuké bulat telur, kulité ijo ana kerut-kerutane, lan mrenthel-mrenthel.[2] Jeruk purut rasané kecut rada pait, biyasané kanggo masak, nggawé jajanan utawa manisan.[2] Cangkok lan wiji dadi cara paling apik kanggo nangkaraké jeruk purut.[2]

Dasanama[besut | besut sumber]

Sumatera: unte mukur, u. pangir (Batak), lemau purut, l. sarakan Lampung), lemao puruik (Minangkabau), dema kafalo (Nias).[2] Jawa: limau purut, jeruk wangi, jeruk purut (Sunda, Jawa).[2] Bali: jeruk linglang, jeruk purut.[2]Flores: mude matang busur, mude nelu. Sulawesi: ahusi lepea (Seram), lemo puru (Bragi.s).[2] Maluku: Munte kereng (Alf'uru), usi ela (Amhoh), lemo jobatai, wama faleela (Halmahera).[2] NAMA ASING Kaffir lime leaf and zest (I), bai magrut (T), Kabuyao, percupin orange, citron combara.[2] NAMA SIMPLISIA Citri hystricis Folium (daun jeruk purut), Citri hystricis Pericaipium (kulit buah jeruk purut).[2]

Jeruk kingkit[besut | besut sumber]

Jeruk bali[besut | besut sumber]

Jeruk bali akèh manfaate tumprap kasehatan.[3] Jeruk bali ngandhut pektin luwih akèh tinimbang jeruk liyané.[3]Pektin iki bisa ngurangi kolésterol lan uga bisa ngurangi risiko lelara jantung.[3] Rasane kecut legi lan bentuke bunder, ukurané luwih gedhé tinimbang jeruk liyané.[3] Kulit jeruk bali biyasané kanggo nggawé dolanan mobil-mobilan.[3] Ananging dolanan iki biyasane mung kanggo bocah sing urip ing désa.[3] Daging jeruk bali ambune seger Lan ngandhut akèh banyu. Jeruk iki bisa dipangan langsung sawisé dionceki utawa kanggo campuran salad lan rujak.[3]

Daging putih kang ana ing antarané kulit njaba lan woh kang ana banyuné, bisa digawé manisan.[3] Daging putih iki duwé kelenjar lenga.[3] Ing Vietnam kembang jeruk bali kang wangi dienggo nggawe farfum.[3] Kayu jeruk bali uga kanggo nggawe piranti dapur.[3]

Antibaktéri[besut | besut sumber]

Para panaliti saka Universitas Jagiellonian Polen njléntréhaké yèn jeruk bali ngandhut antibaktéri lan antioksidan kang bisa nenangaké sistem getah weteng.[3] Dr Thomas Brzozowski ketuwa panaliti nyaranaké supaya wong kang nandang lelara tukak lambung mangan jeruk bali sajeroning diet.[3]

Jeruk bali uga bisa kanggo kaséhatan jantung lan lambung.[3] Jeruk bali duwé kadar vitamin C kang akèh. Saéngga apik kanggo kaséhatan gusi.[3] Para panaliti ing Universitas Friedrich Schiller, Jerman duwé panemu yèn ana korélasi antarané kaséhatan gusi karo mangan jeruk bali.[3]

Obat diabétés[besut | besut sumber]

Jeruk bali bisa nambani diabétés. Naringenin, antioksidan kang dadi sumber rasa pait ing jeruk bali bisa dadi obat kanggo nambani diabetes tipe 2.[4] Penyakit diabetes disebabaké amarga awak ora bisa nggawé hormon insulin kang cukup kanggo ngatur gula darah.[4] Naringenin mbiyantu ngundhakaké produksi insulin ing awak.[4] Saliyané iku, naringenin uga mbiyantu ncegah lelara obésitas.[4]

Hasil olahan jeruk[besut | besut sumber]

Jeruk bisa diolah dadi sirup jeruk, sari buah kang bentuké serbuk, kanggo nggawé sambel kaya ta jeruk limau (Citrus amblycarpa)kang akèh dibudidayakake ing laladan Majalengka, Jawa Barat.[5] Jeruk uga bisa digawé puding jeruk, jus jeruk, lan kulit jeruk bali bisa digawé manisan kang legi rasané.[5]

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet1
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p health.kompas.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  4. ^ a b c d antaranews.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  5. ^ a b sinartani.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
Deleng Uga Woh-wohan