Klèngkèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Klèngkèng
Dimocarpus longan fruits.jpg
Woh klèngkèng
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Sapindales
Famili: Sapindaceae
Génus: Dimocarpus
Spésies: D. longan
Jeneng binomial
Dimocarpus longan
Lour.
Klèngkèng
Ihau utawa matakucing, sajinis klèngkèng saka Indonésia

Klèngkèng (utawa longan, Dimocarpus longan, suku lerak-lerakan utawa Sapindaceae) iku tanduran woh-wohan sing asalé saka daratan Asia Kidul-Wétan. Jeneng longan iku dijupuk saka basa Cina (sarjawa: 龙眼; tradisional: 龍眼) sing tegesé kanthi harafiah "mata naga".

Déskripsi[besut | besut sumber]

Wit klèngkèng dhuwuré bisa tekan 40 m lan dhiameter watangé nganti watara 1 m.

Godhongé majemuk, kanthi 2-4(-6) pasang anak godhong, sapérangan gedhé wuluné rapet ing pérangan aksialé. Tangké godhong 1–20 cm, tangké anak godhong 0,5-3,5 cm. Anak godhong bender dawa, dawané lk. ping 1-5 ambané, variasi watara 3-45 × 1,5–20 cm, ngertas nganti njangat, kanthi wulu-wulu kempa mligi ing sisih ngisor saceraké balungan godhong.

Kembang lumrahé ing pucuk (flos terminalis), 4–80 cm dawané, ketel kanthi wulu-wulu kempa, wangun payung porok. Makutha kembangé limang lèr, dawané tekan 6 mm.

Woh bulet, coklat semu kuning, mèh gundhul; lunyu, mawa butir-butir, mawa bintil kasar utawa mawa onak, gumantung jinisé. Daging woh (arilus)tipis awerna putih lan rada bening. Pambungkus wiji awerna coklat semu ireng, kempling. Sok-sok ambuné rada nyegrak.

Jinis lan panyebaran[besut | besut sumber]

Ana sapérangan jinis klèngkèng, Dimocarpus longan, antarané:

Saliyané klèngkèng, jinis-jinis sing liya lumrahé mung diperdagangaké kanthi lokal.

Kagunaan[besut | besut sumber]

Woh-wohan iki mligi dipangan nalika seger. Woh klèngkèng, mligi sing dagingé kandel lan gedhé, dikalengké sajeroning sari wohé ing Thailand, Taiwan lan Tiongkok, ditambahi gula utawa ora. Klèngkèng uga digaringaké, didadèkaké bahan panggawé ombèn panyeger.

Kaya déné lerak, wiji klèngkèng sing ngandhut saponin sok dimupangataké kanggo nyuci rambut. Wiji, woh, godhong lan kembang klèngkèng uga minangka bahan obat tradhisional, mligi ing ramuan Tiongkok. Godhongé ngandhut quercetin lan quercitrin.

Kayu klèngkèng lan kayu bedaro(Dimocarpus malayensis) arupa kayu sing cukup apik kanggo konstruksi ènthèng sajeroning omah lan bahan perkakas.

Bahan wacan[besut | besut sumber]

  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Deleng Uga Woh-wohan