Menyang kontèn

Krambil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kelapa
Status konsèrvasi: Aman

Klapa
Klasifikasi Ilmiah
Regnum: Plantae
Divisio: Magnoliophyta
Kelas: Liliopsida
Ordo: Arecales
Familia: Arecaceae
Genus: Cocos
Spesies: C. nucifera
Jeneng binomial
Cocos nucifera
L.

Krambil utawa klapa iku sawijining tuwuhan saka kulawarga Arecaceae. Wit iki siji-sijining spésies ing génus Cocos, lan wité bisa nganti 30 mèter dhuwuré. Krambil utawa klapa uga ngarané wohé wit iki sing kulité atos lan dagingé awerna putih. Wit krambil kalebu tuwuhan saka laladan tropis, bisa tuwuh kanthi apik ing laladan pasisir sanajan uga bisa urip ing laladan nggunung kang dhuwure 1000 saka sagara nanging asile kurang apik.

Kembang klapa arané "manggar".[1] Saliyané bisa dadi woh, manggar uga bisa didèrès kanggo dijupuk legené lan digawé gula jawa.[1]

Woh klapa uga dienggo dadi bahan panganan.[1]Sari daging klapa sing diperes diarani santen.[1]

Banjur godhong krambil uga dienggo dadi bungkus panganan lan kagunan liya-liyané.[1]Godhong krambil sing isih enom lan wernané kuning diarani "janur", sauntara sing wis ijo wernané utawa wis tuwa diarani "blarak".[1]

Saliyané iku wit klapa kang aran glugu uga dienggo dadi bahan yasan sing cukup apik.[1] Kayu wit klapa diarani "glugu" ing Tanah Jawa.[1]

Pokok klapa

Arane Pérangan wit klapa

[besut | besut sumber]

Godhong

[besut | besut sumber]

kembang lan woh

[besut | besut sumber]

Perangane Krambil

[besut | besut sumber]
  1. kepeng
  2. sepet
  3. cempol
  4. bathok
  5. krambil
  6. banyu krambil
  7. kenthos

Asil olahan

[besut | besut sumber]

Santen klapa

[besut | besut sumber]

Santen klapa kalebu cuwèran kang bébas kolésterol, awit lemak kang ana ing santen klapa kalebu lemak nabati.[2] Santen bisa digunakaké ing akèh masakan.[2] Santen uga bisa dadi bahan dhasar masakan.[2] Tuladhané masakan kari,nasi lemak,kuih-muih,kek, biskut, kaya, lan liya-liyané.[2] Saliyané iku uga akèh masakan tradhisional kang nggunakaké santen kanggo kuah utawa bahan dhasar kanggo ngencéraké.[2] Kaya ta sega gandhul, sega gandhul iki masakan khas Pati.[2] Conto liyané yaiku soto.[2] Méh saben laladan nduwé masakan soto, dadi ana kang diarani soto Kebumén, soto Kudus, soto kebo, soto ayam, soto kanjengan lan liya–iyané.[2] Soto kang nggunakaké santen lumrahé diarani soto butheg, déné soto bening lumrahé soto kang ora nganggo santen.[2]

Santen kang wis distéril luwih gampang digunakaké.[2] Santen iki lumrahé diarani santen instan.[2] Saiki akèh pabrik-pabrik kang mroduksi santen instan.[2] Santen instan luwih praktis amarga ora usah marut lan meres klapa, mung kari nyuwék bungkusé lan dicampur ing masakan.[2] Santen instan utawa santen siyap paké iki bisa awét nganti telung dina sawisé dibukak, nanging kudu disimpen ing kulkas supaya ora mambu.[2] Sadurungé nyampuraké santen masakan, kudu diocak-ocak dhisik.[2] Tujuwané supa sari utawa santen bisa nyampur kabéh ora menep utawa pecah yèn dimasak.[2] Santen instan rasané uga ora kalah gurih karo santen kang asalé saka peresan langsung.[2] Santen kani yaiku santen kang kenthel.[2] Lumrahé santen iki asil peresan kang sepisanan.[2] Dadi klapa kang wis diparut utawa diselépna banjur diperes nganggo banyu, asil peresan kang sepisanan iki kang diarani santen kani.[2] Santen kani rasané luwih gurih lan luwih butheg utawa kenthel.[2]

Gula Jawa

[besut | besut sumber]

Gula jawa lumrahé diarani uga gula abang, gula palem lan gula arèn.[3] Gula iki asalé saka deresan kembang klapa utawa kang diarani manggar.[3] Dèrèsan manggar banjur diolah utawa dimasak nganti pekat lan dicithak dadi setengan lingkaran.[3] Gula jawa rasané legi rada gurih.[3] Gula jawa lumrahé digawé bumbu rujak lan kanggo bumbu masakan liyané.[3] Gula jawa uga kena kanggo campuran bumbu lan marakaké sedhep.[3] Umpamané bumbu cemedhing, bumbu oséng-oséng kangkung, lan liya-liyané.[3]

Kanggo para wanita gula jawa uga kena kanggo perawatan wajah.[3] Lumrahé wong wadon kepéngin nduwé praupan kang resik lan cerah.[3] Nanging kadang thukul jerawat, pori-pori wajah kang gedhé lan penuaan dini.[3] Akéh-akéhé para wadon nggunakaké perawatan salon kaya ta ''facial'' lan totok wajah.[3] Nanging ana cara alami kang ora mbebayani kanggo ngatasi pori-pori besar lan rai kang rada kusam. Carane yaiku nggunakaké gula jawa. Lumrahé gula jawa pancén kanggo gawé jajanan utawa bolu lan kanggo nggawé juruh bubur blowok.[3] Nanging saliyne iku, gula palem uga kena kanggo peremajaan kulit, saéngga kulit katon luwih seger.[3] Gula iki bisa kanggo nyilikake pori-pori saéngga kulit katon luwih alus.[3]

Carané gampang lan praktis.[3] Gula jawa dicampur madu banjur kanggo maskeran utawa scrub.[3] Kanggo asil kang maksimal luwih becik yèn perawatan iki dilakokaké rong dina sapisan.[3]

Saiki gula jawa ora mung diprodhuksi dadi gula kang padat kang dhapuré setengah lingkaran, nanging uga aana kang digawé butiran utawa serbuk kayak gula pasir kang rupané coklat.[3]

Jelly klapa

[besut | besut sumber]

Jeli klapa uga kena diarani nata de coco.[4] Jeli iki asil perméntasi banyu klapa. Nata de coco lumrahé digawé és utawa ager-ager.[4] Saliyané iku nata de coco uga kanggo campuran nggawé puding[[.[4]

És degan

[besut | besut sumber]

Es kelapa mudha utawa és degan nduwé jeneng ngetrén és klamud.[5] És klamud iki énak yèn diombe wayah awan.[5] Lumrahé es klamud uga dicampuri sirup kanggo nambahai rasa legi.[5] Klapa klamud iku istilah kanggo klapa kang kemlamud utawa klapa bayi kang isih empuk lan rasané kaya-kaya bisa dipangan kanthi diklamuti.[5]

Asil liyané

[besut | besut sumber]

Olahan primer daging klapa kang mateng kena kanggo substitusi utawa pengganti glepung kanggo nggawé jajanan.[1] Jajanan iki kaya ta roti, biskuit dan kué-kué kering, permén, és krim lan liya-liyané.[1] Wujud olahan primér kang akèh digawé yaiku klapa parut kering''desiccated coconut''.[1] Saliyané iku, bisa uga glepung klapa kang digawé saka ampas klapa kang wis diperes santené.[1]

Pigunan saka wit klapa

[besut | besut sumber]

Saben pérangan wit krambil bisa kagunakake.

Banyu Limbah Industri

[besut | besut sumber]

Limbah industri pangolahan klapa yaiku limbah cair sing diasilake sajrone proses pangolahan klapa kanggo ngasilake produk kayata minyak klapa, santen, bubuk klapa, utawa produk liyane. Sampah iki bisa duwe macem-macem komponen sing bisa ngrusak lingkungan yen ora dikelola kanthi bener: Baku mutu air limbah industri pengolahan kelapa.

Klapa sawit

[besut | besut sumber]

Klapa sawit ''Elaeis'' yaikun tuwuhan kang bisa ngasilaké lenga karbolin.[1] Lenga iki bisa minangka ngoréng panganan.[1] Klapa sawit uga kalebu tuwuhan indhustri kang wigati awit bisa ngasilaké lenga masak lan lenga indhustri, uga bahan bakar ''biodiese''.[1] Indonesia kalebu nagara kang ngasilaké klapa sawit paling akèh ing donya.[1] Klapa sawit bisa urip ing Indonésia kaya ta ing laladan Acéh, pasisir timur Sumatra, Jawa lan Sulawesi.[1] Kanggo industri sing ana gandhengane karo minyak sawit, ana syarat babagan banyu limbah, contone peraturan baku mutu air limbah industri minyak sawit.

Klapa kuning

[besut | besut sumber]

Klapa kuning yaiku klapa kang kulité wernané kuning.[1] Klapa iki lumrahé diarani klapa gadhing.[1] Klapa gadhing bisa kanggo masak lan digawé és degan.[1]

Klapa ijo

[besut | besut sumber]

Klapa ijo yaiku klapa buah kang kulité sing paling njaba wernané ijo.[1] Klapa ijo kena uga diarani klapa obat, amarga banyu klapa ijo iki bisa kanggo penawar racun.[1] dadi yèn ana wong keracunan banjur diombéni banyu klapa ijo, bakal mari lan seger manéh.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w [1](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u [2](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r [3](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  4. a b c [4](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  5. a b c d [[id}}[http://www.tabloidnova.com/(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Deleng Uga Woh-wohan