Arèn
| Arèn | |
|---|---|
| Aren, saka Blanco | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Dhivisi: | Magnoliophyta |
| Klas: | Liliopsida |
| Ordho: | Arecales |
| Famili: | Arecaceae |
| Génus: | Arenga |
| Spésies: | A. pinnata |
| Jeneng binomial | |
| Arenga pinnata (Wurmb) Merr. | |
| Sinonim | |
| Arenga saccharifera Labill. | |
Arèn (Carakan: ꦲꦫꦺꦤ꧀) utawa neluluk utawa anggong kalebu wit kang akèh urip ing Indonesia.[1] Wit arèn utawa kang duwé jeneng Latin Arenga pinnata (Wurm) Merill kalebu wit plasma nutfah kang ditandur ing perkebunan.[2] Ing Sunda, arèn diarani tangkal kawung, ing Acèh diarani bakjuk, ing Toraja, Sulawesi Selatan diarani onau, ing Ambon, Maluku diarani mana utawa nawa-nawa, lan ing Dayak, Kalimantan diarani hanau.[1] Arèn isih saseduluran karo Arenga saccarifera Labill lan isih sakulawarga karo Arecaceae.[1] Wit arèn uga diarani bogor.[3]
Arèn duwé akèh manpangat, kaya ta getah utawa nira saka wit arèn bisa dadi ombèn-ombèn kang nyegeraké awak.[1] Ombèn-ombèn iku diarani legèn.[1] Getah arèn iku uga bisa digawé dadi gula.[1] Gula kang digawé saka getah arèn diarani gula abang utawa gula Jawa.[1] Saliyané nira utawa tlutuhé, woh wit arèn bisa dipangan utawa digawé panganan kang bisa nggawé wareg.[2] Woh wit arèn iku diarani kolang-kaling.[1] Manpangaté kang akèh ndadékaké arèn akèh ditandur déning warga masarakat.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i (kajupuk tanggal 15 Maret 2011)
- ↑ a b "(kajupuk tanggal 15 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-15. Dibukak ing 2011-03-15.
- ↑ (Indonesia), Balai Bahasa Yogyakarta; Kanisius., Penerbit (2011). Kamus basa Jawa = Bausastra Jawa (édhisi ka-Ed. 2). Deresan, Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 9789792128581. OCLC 774024212.