Menyang kontèn

Pelem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pelem
Woh pelem gedhong, saka Sumedang, Jawa Kulon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Génus: Mangifera
Spésies: M. indica
Jeneng binomial
Mangifera indica
L.
Pelem
Pelem

Pelem iku jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.[1] Pelem kalebu ing marga Mangifera, kang kapérang saka 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae.[1] Jeneng ngèlmiahé yaiku Mangifera indica.[1]

Genus Mangifera duwé 62 ''spésies'', ananging kang ngasilaké woh kang énak mung 16 species.[1] Pelem kang dipangan awaké dhéwé saben dina, kaya ta pelem golèk kalebu species Mangifera indica L.[1]

Wit pelem kalebu tetuwuhan tingkat dhuwur kang struktur watangé éwoning ''arboreus'', yaiku tetuwuhan kayu kang dhuwuré watang punjul 5 m.[1] Dhuwuré wit pelem bisa nganti 10–40 m lan umuré bisa tekan 10 taun utawa luwih.[1] Pelem kang isih nom biayasané disenengi wong meteng.[2]

Pelem iku kalebu tuwuhan woh taunan kang asalé saka nagara India.[3] Tuwuhan pelem banjur nyebar ing tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.[3]

Jinis kang akèh urip ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Klasifikasi botani pelem yaiku:[3] Divisi: Spermatophyta Sub divisi: Angiospermae Kelas: Dicotyledonae Kulawarga: Anarcadiaceae Genus: Mangifera Spesies: Mangifera spp. Jinis pelem kang akèh ditandur ing Indonésia yaiku ''Mangifera indica L''.[3] Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kaya ta kemang dan kweni.[3]

Habitat

[besut | besut sumber]

Pusat tuwuhan pelem ing Pulo Jawa yaiku ing Probolinggo, Indramayu, Cirebon.[3] Tuwuhan pelem cocog urip ing laladan kanthi mangsa kering kurang luwih 3 sasi.[3] Mangsa kering iki dibutuhaké sadurungé lan yèn wayah ngembang.[3] Yèn ditandur ing laladan kang lembab, tuwuhan pelem bakal kena serangan ama lan lelara.[3] Saliyané iku bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.[3]

Asil olahan

[besut | besut sumber]

Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akèh kang seneng pelem.[2] Pelem kang isih nom bisa diawetké kanthi kadar gula kang akèh dadi manisan basah lan kering.[2] Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.[2]

Khasiat

[besut | besut sumber]

Pelem duwé akèh variétas.[4] Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem ing donya.[4] Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga duwé khasiat kang migunani kanggo kaséhatan.[4] Woh pelem duwé zat-zat kang dibutuhaké awak.[4]

  • ngandhut vitamin A,E lan C[5]
  • bisa dadi disinféktan[5]
  • ngresikki getih[5]
  • nambani warna-warna lelara, ngilangi bau badan utawa awak kang kringeté rada ora énak ambuné.[5]
  • obat yèn lagi demam lan awak panas[5]

Bahan wacan

[besut | besut sumber]
  • Morton, J. 1987. Mango. p. 221–239. In: Fruits of warm climates. Julia F. Morton, Miami, FL.
  • van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita. Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Situs Deptan Archived 2011-11-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  2. a b c d Kabarinews(dipunundhuh tangal 27 April 2011)
  3. a b c d e f g h i j Situs Ristek Archived 2012-03-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. a b c d Vivanews.com[pranala mati permanèn](dipunudhuh tanggal 27 April 2011)
  5. a b c d e Khasiat dan Manfaat Buah-buahan(dipunudnhuh tanggal 27 April 2011)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
[besut | besut sumber]
Deleng Uga Woh-wohan