Pelem golèk
Pelem golèk iku salah siji jinising pelem sing wanguné dawa. Nalika isih nom, rasané kecut banget, nanging yèn wis mateng, rasané legi banget. Jenis pelem lokal asal Probolinggo lan Pasuruan iki jenengé wis misuwur minangka varietas lokal unggul.[1]
Mantri Pertanian wis nemtokaké pelem golèk iki minangka varietas unggul. Woh pelem iki wanguné lonjong dawa, pucuké lancip. Werna wohé sing isih anom ijo, yèn wis tuwa malih dadi kuning ing bongkoté lan rada ijo ing pucuké. Kulit woh ora pati kandel, alus, lan ana tutul-tutul klanjer awarna putih kapara ijo lan owah dadi soklat sawisé tuwa.
Daging wohé kandel, awarna kuning tuwa, empuk, ora ana seraté, lan yèn diiris ora akèh ngetokaké banyu.
Wit pelem golèk kalebu tuwuhan dhataran cendhèk. Tuwuhan iki bisa tuwuh apik ing tlatah sing dhuwuré watara 0–300 m sadhuwuring sagara. Sanadyan mangkono, tuwuhan iki uga isih bisa urip nganti tlatah sing dhuwuré nganti 1.300 m sadhuwuring banyu sagara.
Dhaérah kanthi curah udan watara 750–2.250 mm per taun lan temperatur 24–27 °C minangka papan tuwuh sing apik tumrap tuwuhan iki. Jenis lemah sing disenengi ya iku lemah sding gembur, kanthi drainase apik, duwè pH antara 5,5–6, lan jeroné banyu lemah watara 50–150 cm.[2]