Menyang kontèn

Apel

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Apel
Woh apel (Malus domestica)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Rosaceae
Subfamili: Maloideae
Génus: Malus
Spésies: M. domestica
Jeneng binomial
Malus domestica
Borkh.
Apel

Apel iku wohe bunder-bunder, kélir kulité ana sing ijo enom, abang (enom karo tuwa), ana uga sing campuran.[1] Rasané legi ning ana uga sing radha kecut.[1] Yèn wis dioceki dagingé arubah wujud keliré dadi radha soklat, nanging tetep bisa dipangan.[1] Apel bisa di temoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa.[1] Woh iki bisa minangka gawé wédangan.[1] Apel kalebu tuwuhan taunan.[1] Apel asalé saka Asia Kulon.[1] Apel akèh urip ing laladan kanthi iklim sub tropis.[1] Ing Indonésia apel wis ditandur wiwit taun 1934 nganti saiki.[1] Saiki ''variétas'' apel saya dibudidayaké.[1]

Klasifikasi

[besut | besut sumber]
  • Divisio: Spermatophyta
  • Subdivisio: Angiospermae
  • Klas: Dicotyledonae
  • Ordo: Rosales
  • Famili: Rosaceae
  • Genus: Malus
  • Spesies: Malus sylvestris Mill

Ana warna-warna variétas saka Malus sylvestris Mill iki.[2] Saben variétas duwé ciri utawa titikan dhéwé-dhéwé.[2] Tuladhané yaiku Rome Beauty, Manalagi, Anna, ''Princess Noble'' lan Wangli/Lali jiwo.[2] Variétas iku kalebu variétas unggulan.[2]

Apel sing kaloka ing Indonésia iku apel saking Malang, jenengé apel manalagi.[1]

Kena ing guna

[besut | besut sumber]

Apel ngandhut vitamin C lan B.[3] Saliyané iku apel kerep dadi buah kanggo diét dadi buah substitusi sega.[3] Apel bisa dimasak dadi puding.[3] Saliyané iku apel uga bisa dirujak, digawé ''pay'', digawé jus lan dipangan kanggo buah.[3]

  • Apel bisa kanggo nambah kekiyatan balung
  • Apel bisa kanggo nyegah sakit asma
  • Apel bisa kanggo nurunake kolesterol
  • Apel bisa kanggo ngontrol diabetes
  • Apel bisa kanggo nyegah sakit kanker
  • APel saged nurunake bobot awak

Habitat

[besut | besut sumber]

Ing Indonésia apel bisa urip subur ing dhataran tinggi.[4] Séntra produksi apel yaiku ing Malang (Batu lan Poncokusumo) lan Pasuruan (Nongkojajar), Jawa Timur.[4] Laladan liyané kang akèh ditanduri apel yaiku Kayumas-Situbondo, Banyuwangi, Jawa Tengah (Tawangmangu), Bali (Buleleng dan Tabanan), Nusa Tenggara Barat, Nusa Tenggara Timur lan Sulawesi Selatan.[4] Sentra penanaman apel ing donya yaiku ing Éropah, Amérika, dan Australia.[4]

Tuwuhan apel mbutuhaké sinar srengéngé kang cukup kanggo urip subur yaiku anatarané 50-60% saben dinané, luwih-luwih yèn wayah ngembang.[5] ''Suhu'' kang pas kanggo uripé apel yaiku 16-27 drajat C.[5] Déné kalembaban udara kang dibutuhaké apel kanggo urip subur yaiku75-85%.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k Situs Ristek Archived 2011-06-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  2. a b c d Trubus Online Archived 2011-06-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  3. a b c d Vivanews(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  4. a b c d Kompas(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  5. a b c Suara Merdeka(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Deleng Uga Woh-wohan