Jambu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jambu
Jambuair2.jpg
Jambu banyu
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae

Jambu utawa ing basa krama mau jambet ya iku arané wit lan wohé sing godhongé lonjong, akèh pangé lan dhuwuré nganti 10 mèter.[1] Jenisé jambu iku paling sethithik ana telu: jambu banyu, jambu kluthuk, lan jambu ménté utawa jambu ból (Anacandiumn occidentale).[1] Jambu banyu utawa jambu wèr ing basa inggris mau Eugenid aquea iku bentuké mèh kaya bèl uga rasané legi.[1] Wernané yèn isih enom putih utawa ijo, lan yèn wis mateng bisa uga putéh, ijo, kunéng, jambón, utawa abang.[1] Dhagingé akèh banyuné.[1] Néng njero dhaging lumrahé ana wiji lan hówó, béda karo jambu kluthuk (jambu watu) sing tengahé padhet uga akèh isiné basa latiné Psidium gunjava.[1] Jambu ból padha karo jambu banyu bentuké, nanging pucuké ketambahan kacang ménté, ing basa Indonésia sok diarani [[jambu mony amergi wujudé kaya kethèk.[1] Jambu bisa digawé setup utawa asinan.[2]

Jinising jambu[besut | besut sumber]

Jambu kluthuk[besut | besut sumber]

Jambu kluthuk bisa nyegah lelara jantung.[1] Jambu kang duwé jeneng latin Psidium guajava L iki nduwé zat kang bisa kanggo obat.[1] Saben 100 gram jambu kluthuk kang wis mateng ngandhut 0,9 g protein, 0,3 g lemak, 12,2 g karbohidrat, 14 mg kalsium, 28 mg fosfor, 1,1 mg besi, 25 SI vitamin A, 0,02 mg vitamin B1, 87 mg vitamin C, lan 86 g banyu, lan total kalori cacahé 49 kalori.[1] Jambu kluthuk uga duwé vitamin C luwih akèh katimbang jeruk kang mung 49 mg saben 100 g jeruk.[1] Vitamin C ana ing kulit lan daging njaba kang empuk lan kandel.[1] Jambu kluthuk ngandhut vitamin C paling akèh nalika arep mateng.[1] Vitamin C kang ana ing jambu kluthuk bisa nyukupi kabutuhan bocah kang umuré 13-20 taun ya iku kurang luwih 80-100 mg saben dina, utawa kabutuhan vitamin C wong tuwa kang cacahé 70-75 mg saben dina.[1] Saben jambu klutuk kang aboté 275 gram saben jambu bisa nyukupi kabutuhan vitamin C 3 wong kang wis diwasa utawa bocah loro.[1]

Tamba kolésterol[besut | besut sumber]

Jambu kluthuk akèh seraté, khususe pektin utawa serat kang bisa larut ing banyu.[1]Pektin bisa ngedhunake kolésterol kanthi cara nglunturke kolesterol lan asam empedu ing awak lan ngetokké saka awak.[1] Saka panalitèn Singh Medical Hospital and Research Center Morrabad, India, nuduhaké yèn jambu kluthuk bisa ngedhunaké kolésterol total lan trigliserida lan tamba hipertènsi.[1]

Tanin kang ana ing jmbu kluthuk bisa kanggo nglancarakè pencernaan lan sirkulasi darah, lan kanggo maténi virus.[1] Tanin iki kang ndadèkaké jambu kluthuk nduwé rasa sepet.[1] Kalium kang ana ing woh iki gunané supaya jantung bisa nduwé irama kang teratur, ngaktifake kontraksi otot, ngatur transportasi zat ing awak, lan ngurangi kadar kolésterol total lan ncegah hiperténsi.[1] Mangan jambu kluthuk 0,5–1 kg/dina nganti 4 minggu, bisa ngurangi resiko serangan jantung nganti 16 perséén.[1]

Jambu kluthuk uga ngandhut zat likopén, ya iku zat karotenoid kang bisa dadi antioksidan saéngga bisa njaga awak saka kanker. Ing jambu kluthuk wiji abang, zat likopén iki akèh cacahé. Godhong jambu kluthuk uga bisa kanggo obat, amarga godhongé duwé tanin, eugenol (lenga asiri), lenga lemak, damar, zat samak, triterpinoid, lan asam apfel. Wijiné jambu kluthuk ngandhut 14 persèn lengan atsiri, 15 persèn protéin, lan 13 persèn tepung.

Khasiat Jambu Kluthuk[besut | besut sumber]

Jambu kluthuk bisa kanggo obat:

  • Diabétes Mellitus
  • Maagh
  • Mencret
  • Masuk Angin
  • Beser
  • Prolapsisani
  • Sariawan
  • Keputian
  • kolestrol
  • kembung

Dasanama[besut | besut sumber]

Glima breueh, glimeu beru, galiman, masiambu, biawas, jambu biawas, jambu batu (Sumatera); jambu klutuk, jambu krutuk, jhambu bhender, bayawas, tetokal, tokal (Jawa); jambu klutuk (Sunda); kojabas (Nusa Tenggara); kayawese (Maluku); fan shi liu gan (Cina).[1]

Jambu wèr[besut | besut sumber]

Jambu wèr uga diarani jambu air.[3] Jeneng ilmiahe Syzygium aquaeum (Burm.f.) Alst, biyèn diarani ''Eugenia aquea Burm.f.'' [[3] Wit jambu wèr dhuwuré kira=kira 6-7 mèter.[[3] Jambu wèr duwé wit kang pang-pange lunyu, godhonge gedhé lan dawa. [[3] kembangê warna abang coklat lan gedhé.[[3] Woh kang wis mateng ukuran lan wernané béda-béda.[[3] Ana kang nduwé wiji, lan ana kang tanpa wiji.[[3] Rasane uga ana sing kecut, legi, lan rada sepet.[[3]

Jambu wèr asalé saka Indo-Cina lan Indonésia.[[3] Jambu wèr biyasane dadi tanduran ing latar omah.[[3] Jambu iki urip nyebar ing tlatah Indonésia.[[3] Biyasane urip ing laladan kang dhuwuré 300 m dpl.[[3] Jambu wer ditengkarake kanthi wijine lan cara cangkok.[[3] Yèn nganggo wiji biyasane bakal suwé metune woh, lan lumrahé padha nganggo cangkok kanggo nengkarake jambu wer.[[3] Kanthi cangkok, jambu wèr bisa thukul nganti 5-6 mèter lan woh sawisé 3-4 taun.[[3] Jambu wèr ngembang setaun kaping pindho, ya iku sasi Juli lan Agustus, saéngga wohe bisa dipanen ing sasi September-Nopember.[[3] Woh kang wis mateng bisa kanggo buah sawisé mangan, uga kena kanggo asinan.[[3] Ing Jakarta laladan kang diarani punjer jambu wer ya iku laladan Pasar Minggu.[3]

Jeneng liya jambu wèr ya iku jambu ayer mawar (Malaysia), jambu aie (Min.), jambu cai (Sd.), jambu wer (Jw.), jhambhu wir (Md.), nyambu er (Bl.), kumpas, kumpasa, kombas, kembes (basa-basa di Sulut), jambu jene, jambu salo (Sulsel), jambu waelo, kuputol waelo, lutune waele, kopo olo (Seram, jambu kancing (Ind.), kultivar kang wohé cilik-cilik.[4]

Ing nagara liya, jambu iki jenengé machom phupa atau chomphu pa (Thai), tambis (Fil.), bell fruit, water apple (Ingg.) dan lain-lain.[2]

Jambu bol[besut | besut sumber]

Jambu bol utawa jambu dersana kalebu tanduran taunan kang asalé saka kawasan Indo-Cina, Malaysia, Filipina lan Indonésia.[5] ing Indonésia jambu bol akèh-akéhé urip ing Pulo Jawa.[5]

Dasanama[besut | besut sumber]

  • Eugenia malaccensis[6]
  • Caryophyllus malaccensis (L.) Stokes [6]
  • Jambu bol, Jambu thokal [6]
  • Mountain Apple [6]
  • Makopa [6]
  • Syzygium malaccense.[6]
  • Jambu ripu (Acèh), dharsana (Madura), jambu bol (Sunda, batak, lampung), Myambu bol (Bali), Jambu bo (Minangkabau), jambu boa (Jambi) dan maufa (Nias).[5]

Klasifikasi[6] Kingdom: Plantae (Tumbuhan) Subkingdom: Tracheobionta (Tumbuhan berpembuluh) Super Divisi: Spermatophyta (Menghasilkan biji) Divisi: Magnoliophyta (Tumbuhan berbunga) Kelas: Magnoliopsida (berkeping dua / dikotil) Sub Kelas: Rosidae Ordho: Myrtales Famili: Myrtaceae (suku jambu-jambuan) Genus: Syzygium Spesies: Syzygium malaccense[6]

Jambu bangkok[besut | besut sumber]

Jambu bangkok ya iku jambu kluthuk kang gedhé ukurané.[7] Ing Medan jambu iki lumrahé digawé manisan.[7] Manisan jambu bangkok dadi olèh-olèh kang paling disenengi.[7] Manisan jambu bangkok wernané ijo padang, rasané seger, apamaneh yeng dipangan karo bumbu rujak.[7] Sadurungé digawé manisan, jambu bangkok diocèki lan wijiné dibuwang.[7] Sawisé iku banjur dikethok-kethok lan dikum ing banyu suji supaya warnané katon seger.[7] Sawisé iku banjur di wénèhi bumbu rujak.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w [1](dipunundhuh tanggal 7 Maret 2011)
  2. ^ a b [Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2. Hal. 376-380.]
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r [2](dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
  4. ^ Rahardi, F. 2003. Apel Jawa yang Dipopulerkan Taiwan. Harian Kompas online, Sabtu 27 September 2003.
  5. ^ a b c [3](dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
  6. ^ a b c d e f g h [4](dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
  7. ^ a b c d e f g {id}[5](dipunundhuh tanggal 7 April 2011)
Deleng Uga Woh-wohan