Jambu ménté

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jambu ménté
Jambu ménté ing Guinea.
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
(unranked): Angiospermae
(unranked): Eudicots
(unranked): Rosids
ordo: Sapindales
kulawarga: Anacardiaceae
Genus: Anacardium
Species: A. occidentale
Jeneng binomial
Anacardium occidentale
L.

Jambu ménté utawa jambu mété (Anacardium occidentale) yaiku jinis tanduran saka suku Anacardiaceae kang asalé saka Brasil lan duwéni "woh" kang bisa dipangan. Kang luwih dikenal saka jambu mété yaiku kacang mété utawa kacang ménté; wijiné kang biasané digaringké lan digoreng kanggo digawé panganan. Kanthi cara botani, tanduran iki dudu anggota jambu-jambuan (Myrtaceae) apamanèh kacang-kacangan (Fabaceae), ananging malah luwih cedhak kekerabatannè karo pelem (suku Anacardiaceae).

Aran liya[sunting | sunting sumber]

Dikenal uga kanthi aran kaya jambu mèdè (Sd.); jambu mede utawa jambu mete (Id.); jhambu monyèt (Md.); jambu dwipa, jambu jipang, nyambu monyèt (Bl.); nyambuk nyĕbèt (Sas.); jambu érang, jambu monyét (Mink.); jambu dipa (Banj.); buwah monyet (Timor); buwah yaki (Manado); buwa yakis, wo yakis (Sulut); buwa yaki (Ternate, Tidore); buwa jakis (Galela); jambu daré, jambu masong (Mak.); jampu sèrĕng, jampu tapĕsi (Bug.); lan liya-liya.[1]

Ing basa Inggris diarani cashew (tree), kang dijupuk saka tembung Portugis kanggo ngarani wohé, caju, kang satemené uga silihan saka tembung basa Tupi, acajú. Lan jeneng genus (Anacardium) ngrujuk marang bentuk woh sakabèhè kang kaya jantung kuwalik.

Pemerian[sunting | sunting sumber]

Wit jambu monyet kang thukul di ing pinggir dalan ing Palabuhanratu.

Wit ukuran sedheng, dhuwur nganthi 12 m, kanthi tajuk amba, akèh pang, lan ijo terus. Tajuk bisa dadi dhuwur lan nyempit, utawa cendhek lan amba, bergantung karo kondisi lingkungané.[2] Godhong-godhonge manggon ing pucuk pang. Helai godhong nduweni tangkai, bunder telur kuwalik, akeh kang pucuke lancip lan ujung bunder, nekuk manjero, gundhul, 8–22 × 5–13 cm.[3]

Berumah satu (monoesis), kembang kelamin campuran, ngumpul ing sewoh malai rata rambut alus, ambané 15–25 cm. Kelopak ana rambuté, 4–5 mm. Mahkota lancip, lk 1 cm, putih banjur abang, ana rambuté. Woh geluk awarna soklat tuwa, bengkok, dhuwure lk 3 cm.[3]

Kagunan[sunting | sunting sumber]

Kacang mètè, mentah
Nilai nurtrisi per 100 g (Cithakan:Convert/oz)
Energi 2.314 kJ (Cithakan:Convert/kcal)
Karbohidrat 30.19 g
- Gula 5.91 g
- Serat pangan 3.3 g
Lemak 43.85 g
Protein 18.22 g
Thiamine (Vit. B1) .42 mg (32%)
Riboflavin (Vit. B2) .06 mg (4%)
Niacin (Vit. B3) 1.06 mg (7%)
Pantothenic acid (B5) .86 mg (17%)
Vitamin B6 .42 mg (32%)
Folate (Vit. B9) 25 μg (6%)
Vitamin C .5 mg (1%)
Calcium 37 mg (4%)
Iron 6.68 mg (53%)
Magnesium 292 mg (79%)
Phosphorus 593 mg (85%)
Potassium 660 mg (14%)
Zinc 5.78 mg (58%)
Persèntase ngrujuk saka rékomendasi Amérika Sarékat kanggo wong diwasa.
Woh jambu monyet kang wis masak.
Kacang mètè

Tanduran iki dirembakaké utamané kanggo dijupuk woh sejatiné. Kang dikenal umum minangka "woh", yaiku bagéyan empuk kang membengkak wernané kuning utawa abang, satemené yaiku dasaré kembang (receptaculum) kang ngembang sawisé ana pembuahan. Woh satemené yaiku bagéyan "monyet"é kang atos, coklat semu ireng isiné wiji kang bisa diolah dadi panganan; yaiku kacang mètè kang ènak.[4] Kanthi cara tradisional kacang iki biasané digoreng kanggo nyamikan karo ngombé teh utawa kopi; éwodéné kanthi cara modern saiki akèh minangka isi kanggo ngias panganan kaya coklat lan kué-kué.

Sanajan dianggep minangka kacang ing dunia boga, ing ilmu botani kacang mètè satemené kalebu wiji tunggal saka woh sejatiné. Wiji iki diubengi karo cangkang ganda kang ngetokaké getah kang ngemu urushiol, kang bisa gawé iritasi kulit manungsa. Ana wong alergi kacang mètè, nanging satemené kacang mètè arang gawé alergi tumrap manungsa yèn dibandingké karo kacang liyané. Saka kacang mete uga olèh diekstrak lenga kang dhuwur kualitasé. Kasil sampingé, yaiku kulit wiji, dimupangataké kanggo pakan unggas. Sajinis lenga uga diasilaké saka cangkang woh mètè (CNSL, cashew nut shell liquid), kang dinggo déning industri lan uga minangka bahan kanggo ngawètaké kayu utawa jala.[4]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Flag of Austria Austria Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 2:1223-1225. Terj. Yayasan Sarana Wana Jaya, Jakarta
  2. ^ ICRAF Agroforestry Database: Anacardium_occidentale L.
  3. ^ a b Flag of Austria Austria Flora, kanggo sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 271
  4. ^ a b Flag of Austria Austria Anacardium occidentale L. dalam Flag of Austria Austria (eds.) 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Woh-wohan kang éntuk dipangan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2 Hal. 61-64

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jambu_ménté&oldid=822111"