Kopi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kopi
Wiji kopi sing wis digoreng
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
ordo: Gentianales
kulawarga: Rubiaceae
Subkulawarga: Ixoroideae
Suku: Coffeeae
Genus: Coffea
Jinis spésiès
Coffea arabica[1]


Disambig.svg

Kopi iku ombenan sing digawé saka wiji kopi sing diobong utawa digorèng. Biyasané wijiné iki saka tanduran coffea arabica utawa coffea canephora (robusta). Kopi sing asalé saka Jawa uga misuwur banget saindenging jagat. Kopi arupa sumber utama kafein.

Saiki kopi dadi komodhitas angka loro sing paling akèh didagangaké sawisé lenga bumi. Total 6,7 yuta ton kopi diprodhuksi watara taun 1998-2000 waé. Diprakirakaké ing taun 2010, Prodhuksi kopi ing donya bakal tekan 7 yuta ton per taun ( saka FAO ).

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Kopi sacangkir lan wiji kopi.

Sajarah kopi bisa dingertèni tilasé saka watara abad kaping 9, ing dhataran dhuwur Ethiopia. Saka kana banjur nyebar menyang Mesir lan Yaman, lan banjur ing abad limalas saya mawiyar menyang Persia, Mesir, Turki, lan Afrika lor.

Wiwitané kopi rada ora ditampa déning sebagéyan wong. Ing taun 1511, amarga èfèk rangsangan sing njalari, dipenging panggunaané déning para imam konservatif lan otodhoks ing majelis kaagamaan ing Makkah. Nanging amarga popularitas omben iki, mila larangan mau ing taun 1524 diilangaké jalaran titah Sultan Selim I saka Kasultanan Utsmaniyah Turki. Ing Kairo, Mesir, larangan kang padha uga disahaké ing taun 1532, ing ngendi warung kopi lan gudhang kopi ditutup.

Saka donya Muslim, kopi nyebar dhateng Eropah, lan ombenan iki dadi populèr sakwéné abad kaping 17. Wong Walanda sing sepisanan ngimpor kopi kanthi skala gedhé dhateng Eropah, lan ing sawijining wektu nylundhupaké wijiné ing taun 1690, amarga tandhuran utawa wiji mentahé ora diidinaké metu kawasan Arab. Iki banjur diterusaké kanthi pananduran kopi ing Jawa déning wong Walanda.

Nalika kopi tekan kawasan koloni Amérikah, kawitané ora kasil kaya ing Eropah, amarga dianggep kurang bisa nggantèkaké alkohol. Nanging, sakwisé Perang Révolusi, panyuwunan marang kopi ningkat cukup dhuwur, nganti para panyalur kudu mbukak parsedyan cadhangan lan ngundhakaké regané sacara dramatis; sebagéyan perkara iki amarga didhasari déning mudhuné pasedyan tèh déning para pedhagang Inggris. Minat wong Amérika marang kopi tuwuh ing wiwitan abad kaping 19, nyusul dumadiné perang ing taun 1812, ing ngendi aksès impor tèh kapedhot sauntara, lan uga amarga ningkaté tèknologi panggawéan minuman, mila posisi kopi minangka komodhitas saben dina ing Amérikah saya kuwat.

Jinis wiji kopi[sunting | sunting sumber]

Jenis Kopi antarane[2]:

Wiji kopi arbika, jinis kopi kanthi cita rasa paling apik.

Kopi arabika (arabica coffee)[sunting | sunting sumber]

Kopi arabika iku jinis kopi tradisional kang duweni citarasa paling apik.[3] Kopi jinis iki asale saka Etiopia lan saiki wis dibudidayakake ing pirang-pirang panggonan ing donya iki, wiwit saka Amerika Latin, Afrika Tengah, Afrika Timur, India, lan Indonesia.[4] Kanthi cara umum, kopi iki thukul ing panggonan kang nduweni iklim tropis utawa subtropis.[4] Kopi arabika uripe ing panggonan kang dhuwure 600-2000 m sadhuwuring laut. Tanduran iki bisa thukul nganti tekan 3 meter yen kahanan lingkungane apik. Suhu thukul optimale yaiku 18-26 oC. Wiji kopi kang diasilake ukurane cukup cilik lan awarna ijo nganti tekan abang semu ireng utawa abang tuwa.[4]
Wiji kopi robusta, jinis kopi kelas 2.

Kopi robusta[sunting | sunting sumber]

Kopi robusta pisanan tinemokake ing Kongo ing taun 1898.[4] Kopi robusta bisa kaaran jinis kopi kelas 2, amarga rasane luwih pait, rada kecut, lan ngandhut kafein kanthi cacahe kang luwih akeh. Saliyane iku, cakupan daerah thukule kopi robusta amba tinimbang kopi arabika kang kudu urip ing panggonan kang duweni dhuwur tartamtu.[3] Kopi robusta bisa urip ing panggonan kang dhuwure 800 m sadhuwuring laut. Saliyane iku, kopi jinis iki luwih resisten karo ama lan penyakit. Kahanan kaya mangkono kang ndadekake kopi robusta regane luwih murah. Kopi robusta akeh kang urip ing Afrika Barat, Afrika Tengah, Asia Tenggara, lan Amerika Selatan.[4]
Wiji kopi luwak asil fermentasi alami sajroning weteng kewan luwak.

Kopi luwak[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Kopi Luwak
Kopi luwak iku salah siji kopi asli Indonesia kang wis misuwur.[5]

Kopi luwak mujudake kopi kang didol regane paling larang ing donya.[4] Proses gawe lan rasane kang unik banget dadi alesan utama larange rega kopi jinis iii. Jan-jane kopi iki isih kalebu jinis kopi arabika. Wiji kopi iki banjur dipangan dening luwak utawa kewan jinis musang.[3] Nanging, ora kabeh bageyan saka wiji kopi iki bisa kacerna dening kewan iki.[5] Bageyan jero wiji iki bakalan metu bebarengan karo teleke. Amarga suwene ing sajroning saluran pencernaan luwak, wiji kopi iki wis ngalami fermentasi singkat kang klakon dening bakteri alami ing sajroning kang bisa menehi cita rasa tambahan kang unik.[5]

Jinising nginuman kopi[sunting | sunting sumber]

Omben-ombenan kopi saiki akeh maceme, yaiku :[6][7]

Cappuccino.
Macchiato.
Kopi tubruk.
Irish coffee.

Mupangat Kanggo Awak[sunting | sunting sumber]

Kopi akeh dikonsumsi dening para atlet sadurunge tandhing.

Kandutan kafein sajroning kopi duweni efek kang macem-macem ing saben-saben wong. Akeh wong kang bakalan ngalami efeknya kanthi cara langsung, dene wong liya ora ngrasakake babar pisan. Kaya mangkene ana gegayutane karo sipat genetika kang diduweni saben-saben wong kang ana gegayutane karo kamampuan metabolisme awak sajroning ncerna kafein.[8] Metabolisme kafein kedaden kanthi direwangi enzim sitokrom P450 1A2 (CYP1A2). Ana 2 tipe enzim, yaiku CYP1A2-1 lan CYP1A2-1.[9] kang duwe enzim CYP1A2-1 bisa mematabolisme kafein kanthi cepet lan efisien mula efek saka kafein bisa dirasa kanthi nyata. Enzim CYP1A2-2 duwe laju metabolisme kafein kang alon mula akeh-akehe wong kanthi tipe iki ora ngrasakake efek kasarasan saka kafein lan malahan cenderung ndadekake efek kang negatif.[9][8][10]

Akeh isu kang ngrembaka ngenani efek negatif nginum kopi kanggo awak, kayadene ngunggahna risiko kena kanker, diabetes melitus tipe 2, insomnia, penyakit jantung, lan kelangan konsentrasi.[11] Kandutan kafein sajroning kopi jebule bisa neken thukule sel kanker kanthi cara bertahap.[11] Saliyane iku, kafein bisa mudhunake risiko kena diabetes melitus tipe 2 kanthi njaga sensitivitas awak marang insulin.[12] Kafein sajroning kopi uga wis kabukti bisa ncegah penyakit serangan jantung.[11][13] Ngonsumsi kopi uga bisa nggawe awak tetep kajaga lan ngunggahake konsentrasi sanajan ora signifikan.[13][14] Ing babagan olahraga, kopi akeh dikonsumsi dening para atlet sadurunge tandhing amarga senyawa aktif sajroning kopi bisa ngunggahake metabolisme energi, utamane kanggo mecahake glikogen (gula cadangan sajroning awak).[15]

Saliyane kafein, kopi uga duweni kandhutan senyawa antioksidan kang cacahe rada akeh.[16] Anane antioksidan bisa ncegah efek pangrusakan dening senyawa radikal bebas, kayadene kanker, diabetes, lan penurunan respon imun.[13] Tuladhane senyawa antioksidan kang ana ing sajroning kopi yaiku polifenol, flavonoid, proantosianidin, kumarin, asam klorogenat, lan tokoferol.[17] Kanthi digodhog, aktivitas antioksidan iki bisa diunggahake.[16]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "Genus Coffea". Taxonomy. UniProt. http://www.uniprot.org/taxonomy/13442. Retrieved 2010-05-13.
  2. ^ [1]
  3. ^ a b c Coffee Beans – Varieties Of Coffee: Arabica and Robusta. 2010.
  4. ^ a b c d e f Coffee Plants. 2009.
  5. ^ a b c Coffee Plants. 2009. Diakses pada 13 Mei 2010.
  6. ^ a b c d e f g h i Types Of Coffee – Coffee Varieties I & II. 2010. Diakses tanggal 14 Mei 2010.
  7. ^ a b c d e f g Brown A. 2008. Understanding Food: Principles and Preparation. Thomson Learning: AS. Halaman: 518-521.
  8. ^ a b Cornelis MC, El-Sohemy A, Kabagambe EK, and Campos H. 2006. Coffee, CYP1A2 genotype, and risk of myocardial infarction. JAMA 295:1135-41.
  9. ^ a b Bach C. 2008. Caffeine Metabolism DNA Testing: CaffeineGEN™.
  10. ^ Sata F, Yamada H, Suzuki K, Saijo Y, Kato EH, Morikawa M, Minakami H, Kishi R. 2005. Caffeine intake, CYP1A2 polymorphism and the risk of recurrent pregnancy loss. Mol Human Repro 11(5):357-60.
  11. ^ a b c Yuhardin. 2009. Delapan Khasiat Minum Kopi.
  12. ^ Wildman REC.2007. Handbook of Nutraceuticals and Funtional Foods. Ed ke-2. CRC Press: AS. Halaman: 453-462.
  13. ^ a b c Smith A, Whitney H, Thomas M, Brockman P. 1999. Effects of caffeine and noise on mood, performance and cardiovascular functioning. Hum Psychopharmacol Clin Experimental 12(1):27-33.
  14. ^ Frewer LJ, Lader M. 2004. The effects of caffeine on two computerized tests of attention and vigilance. Hum Psychopharmacol Clin Experimental 6(2):119-128.
  15. ^ McClaran, Wetter. 2007. Sports nutrition. J Int Soc 4:11.
  16. ^ a b Yanagimoto K, Ochi H, Lee KG, Shibamoto T. 2004. Antioxidative activities of fractions obtained from brewed coffee. J Agric Food Chem 52(3):592-6.
  17. ^ Antioxidants in Coffee. 2009.

Priksani ugi[sunting | sunting sumber]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kopi&oldid=804793"