Susu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Susu
Milk glass.jpg
Susu saka kéwan mammalia kang wis diolah
Panggonan asal Indonésia
Tlatah utawa praja Jawa
Woworan pokok Ketéla pohung
Buku masakan: Susu  Médhia: Susu

Susu iku cuwèran warna putih kang diprodhuksi déning kéwan mammalia, kaya ta sapi, jaran, asu, wedhus lan manungsa. Cairan mau diprodhuksi ing kelenjar susu, amarga bayi kang nembé lair durung nduwé untu kudu disusoni sadurungé bisa mangan panganan kang padhet. Susu ngandhut akèh nutrien kanggo mbantu pertumbuhan lan kaséhatan bayi.

Kandhutan Nutrièn[besut | besut sumber]

Susu Sapi
Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz)
Ènergi 252 kJ (60 kkal)
5.26 g
Gula 5.26 g
5.26 g
3.25 g
Saturasi 1.865 g
Monosaturasu 0.812 g
Polinirsaturasi 0.195 g
3.22 g
Triptofan 0.075 g
Tréonin 0.143 g
Isoléusin 0.165 g
Léusin 0.265 g
Lisin 0.140 g
Métionin 0.075 g
Kistin 0.017 g
Fénilalanin 0.147 g
Tirosin 0.152 g
Valin 0.192 g
Arginin 0.075 g
Histidhin 0.075 g
Alanin 0.103 g
Asem aspartik 0.237 g
Asem glutamik 0.648 g
Glisin 0.075 g
Prolin 0.342 g
Sérin 0.107 g
Vitamin
Pindhané vitamin A
(4%)
28 μg
Tiamin (B1)
(4%)
0.044 mg
Riboflavin (B2)
(15%)
0.183 mg
Vitamin B12
(18%)
0.44 μg
Vitamin D
(7%)
40 IU
Mineral
Kalsium
(11%)
113 mg
Magnésium
(3%)
10 mg
Potasium
(3%)
143 mg
Komponèn liyané
Banyu 88.32 g

100 mL corresponds to 103 g.[1]
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa.
Sumber: Sasana Dhata Gizi USDA

Susu ngandhut akèh zat calcium (kira-kira 10% Calcium), ya iku zat kang diperlokaké kanggo kakuwatan balung lan saraf kang séhat. Ananging susu ngandhut mung sethithik zat Magnesium. Magnesium diperlokaké sacukupé kanggo ngundhakaké daya serep. Susu uga ngandhut gajih, protein, lan gula kang diperlokaké déning kéwan kanggo tenaga.

Cacahé zat kandhutan susu béda-béda saka kéwan siji lan sijiné. Susu manungsa èncèr lan ngandhut akèh lactose. Susu sapi ngandhut luwih sethithik gula lan luwih akèh gajih lan protein. Susu sapi ngandhut kira-kira 3.5% gakih, 8.5% padhetan susu lan 88% banyu. Susu saka sawetara kéwan dikumpulaké manungsa kanggo diombé. Lumrahé saka sapi, nanging uga kadhangkala saka wedhus, yak utawa biri-biri.

.

Ora kabèh sarujuk yèn susu iku séhat kanggo diombé manungsa. Sawetara riset nuduhaké yèn protein sajeroning susu ora migunani manèh tumraping wong diwasa. Salahsawijining studi, kang dibéayani déning indhustri susu, nitèni konsumsi panganan èwon perawat sajeroning 10 taun. Perawat kang akèh ngonsumsi susu nduwé peringkat dhuwur karetakan ballung pinggul. Susu sapi nyebabaké getih luwih asam lan awak manungsa banjur narik calsium saka balung kanggo netralaké keasaman mau sajeroning process kang ingaran Homeostasis. Sawetara ana sing percaya yèn susu apik kanggo bocah cilik. Wis tau dibuktèkké ing [engadilan ing Amérika Sarékat yèn susu sapi ngandhut BGH (Bovine Growth Hormones) kang ngrugèkaké kaséhatah. Ing sawetara nagara, akèh kang kuwatir yèn susu ngandhut zat kimia saka panganan kéwan. Zat kimia iki bisa ngganggu kaséhatah manungsa.

Nyimpen Susu[besut | besut sumber]

Yèn susu ora disimpen ana ing sajeroning lemari ès, bakal rusak lan dadi kecut sawisé sawetara wektu. Sansaya panas suhu susu, sansaya rikat dadi kecut. Fermentasi iku sebabé. Bakteri Asam laktat ngrobah gula susu dadi asam laktat. Fermentasi dianggo nalika nggawé produk liyané sing asalé saka susu.

Susu asring di pasteurisasi sadurungé diombé, utawa digawé produk liya luwih dhisik kaya ta krim, mentéga, yoghurt, ès krim, gelato, utawa kèju. Susu sapi sing wis dipasteurisasi bakal dadi kecut yèn ora disimpen ing lemari ès. Susu kudu disimpen ing suhu antara 1° nganti 4° Celsius. Yèn susu diprosès nganggo ultra-high temperatures (UHT), bakal luwih awèt disimpen sadurungé rusak. Susu sing diprosès nganggo UHT mau ora kudu disimpen ing lemari ès nganti dibukak bungkusé.

Laktose[besut | besut sumber]

Susu ngandhut zat kimia sing arané laktose. Bayi nggawé enzyme sing jenengé laktase sajeroning awaké. Wong diwasa mrodhuksi luwih sithik lactase. Yèn cacahé ora cukup, bakal ora bisa nyerna lactose manèh. Bab iki diarani lactose intolerance lan akèh nengaruhi wong diwasa. Akèh obat kang mbantu wong diwasa nyerna laktose. Akèh wong kang nduwé problem lactose-intolerant banjur ngombé susu kedhelé, ora susu kéwan, sebab susu kedhelé ora ngandhut laktose.

Santen[besut | besut sumber]

Santen katon kaya susu biyasa, nanging ngandhut luwih sithik nutrien. Santen iki digawé saka daging klapa, diperes, banjur ditambah banyu. Santen iki kerep dianggo masak, contoné masakan kari.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Jones, Alicia Noelle (2002). "Density of Milk". The Physics Factbook. 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.