Menyang kontèn

Lunpia Semarang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lumpiya Semarang (carakan: ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦶꦪꦯꦼꦩꦫꦁ)​
Lumpia Semarang iku wujud campuring bangsa manca lan Wong Jawa sing ana ing Semarang
Panggonan asalIndhonésia
Tlatah utawa prajaSemarang, Jawa Tengah
Olah-olahan nasional gegayutanIndhonésia
VariasiLumpia Basah, Lumpia Gorèng
Panganan sairibSpring Roll
Buku masakan: Lumpiya Semarang (carakan: ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦶꦪꦯꦼꦩꦫꦁ)​  Médhia: Lumpiya Semarang (carakan: ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦶꦪꦯꦼꦩꦫꦁ)​
Lumpia Semarang

Lunpia Semarang utawa Lumpiya Semarang (carakan: ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦶꦪꦯꦼꦩꦫꦁ​), iku panganan sabangsa rollade sing isi bung, endhog, lan daging pitik utawa urang.

Citrarasa lumpia Semarang iku gegabungan citra rasa Tionghoa lan Nuswantara,[1] amarga pancèn sing nemu iku wong Tionghoa Semarang sing nikah karo wong Jawa ing kutha Semarang ing pungkasan abad ka-19.[2]

Panganan iki wiwit didol lan kondhang ing Semarang nailka pista ulah raga GANEFO ing jamané papréntahan Présidhèn Soekarno.[3]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Ing pungkasan abad ka-19, Tjoa Thay Yoe, prantonan saka negri Cina labuh ing Semarang, piyambaké gelar dagangan pepanganan sing bahané saka olahan daging babi lan bung ing Pasar Johar. Ing pasar iki piyambaké ketemu lan kepincut marang Wasih, Wong Jawa bakul pepanganan sing gelar danganan olahan urang lan kenthang. Keloro wong iku banjur padha nandang tresna lan rabi. Tjoa Thay Yoe lan Wasih banjur anggawé panganan sing nyampuraké unsur bidaya Cina lan budaya Jawa sinambi nyingkiraké unsur babi saka panganan iku, mula dadi Lumpiya Semarang sing bisa kadeleng nuduhaké panganan Cina nanging nduwèni unsur citra rasa Jawa.[2]

Lumpiya Semarang nduwèni titikan rasa sing mbédani marang lumpiya saka laladan liyané. Lumpiya Semarang disi nganggo bung sing diolah mligi banjur mijil ambu khas rada "pesing" sing ora kabèh uwong bisa nyenengi ambuné iku. Ing ngisor iki bahan lan cara kanggo nggawé lumpiya Semarang,[4]

bahan isèn:

  1. 20 lembar kulit lumpiya
  2. 2 séndhok mangan glepung trigu
  3. 100 ml lenga gorèng
  4. 100 gram bung
  5. 50 gram urang
  6. 100 gram pitik
  7. 3 biji endhog
  8. 100 gram cambah/thokolan
  9. 100 gram godhong bawang
  10. 1 séndhok mangan urang aking
  11. 5 siyung bawang
  12. 2 séndhok mangan kécap

bumbon:

  1. 2 séndhok mangan lenga gorèng
  2. 2 séndhok tèh mrica bubuk
  3. 2 séndhok tèh uyah
  4. 50 ml kaldhu pitik
  5. 1 séndhok mangan urang aking
  6. 1 bungkus kaldhu ayam bubuk;[5]

cara masak:

  1. Pitik dikethok lan ditetek nganti rada lembut, bung diris mesagi panjag kaya potongan korèk, urang ditetek, cambah utawa thokolan dibuwangi buntuté, godhong bawang dirajangi
  2. Endhog diubleg lan digorèngg cara orak-orik
  3. Giling utawa rajang bumbon nganti alus, gangsa bumbon karo minyak saithik nganti wangi lan mambu sedhe
  4. Cemplungaké urang, pitik, gangsa nganti setengah mateng banjur cemplungaké cambah lan endhog sing wus dicepakaké
  5. Tambah kécap, uyah, mrica, lan kaldhu, incipi yèn wus pas rasané banjur cemplungaké rajangan godhong bawang
  6. Masak nganti tanek, yèn wus mateng inggiraké banjur adhemna nganti uwap panasé ilang
  7. Cepakaké kulit lumpiya, wènèhi isi karo sing wus digawé, gulung lan kelètaké karo jladrènan glepung trigu kacampur banyu
  8. Gorèng lumpiya nganti wernané semu soklat lan wujud kulité wus dadi garing

Ora kelalèn Lumpiya Semarang uga digandhèngaké karo brambang senthir, caos kenthel sing rasané legi, lan uga acar timun.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


  1. digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Artikel | Lumpia Semarang: Keberagaman Rasa Dalam Setiap Gigitan". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-19.
  2. 1 2 "Lumpia Semarang, Kuliner Legendaris yang Diakui UNESCO". Indonesia Kaya. Dibukak ing 2025-12-19.
  3. Redaksi (2025-09-02). "Lumpia Semarang, Lahir dari Akulturasi hingga Jadi Ikon Pariwisata". Kepri.co.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-19.
  4. Azizah, Nur Laili (2023-09-07). "Resep Lumpia Semarang Lengkap dengan Saus". Kompas.com. Dibukak ing 2025-12-19.
  5. "Dinas Ketahanan Pangan Kota Semarang". ketahananpangan.semarangkota.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2025-12-24. Dibukak ing 2025-12-19.