Klepon
Aksara Latin |
Klepon | |
| Jinis | Jajanan pasar, Kuwé |
|---|---|
| Ajangan | Mangan panutup |
| Panggonan asal | Indonésia |
| Tlatah utawa praja | Jawa |
| Hawa ajangan | Adhem lan anget |
| Woworan pokok | beras ketan lan gula |
Klepon yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawé saka glepung beras ketan lan diisi gula Jawa. Klepon lumrahé mung ana rong warna yaiku ijo lan putih. Klepon iku wanguné bunder lan anggoné mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan pasar. Tekstur kepon sing kenyal alus lan isine gula abang cair kuwi perpaduan sing nikmat tenan.
Ing Sumatra lan ing Malaysia, klepon ingaran "ondhé-ondhé", déné sebutan iki ing tanah Jawa lan pérangan liya ing Indonésia wujud panganan sing béda yaiku panganan awangun bunder uga kagawé saka glepung beras isi adonan kacang ijo lan kulité diwuwuri wijèn. Prabédan panyebutan antara ing Jawa lan Sumatra-Malaysia iki kerep dadi jalaran salah paham. Klepon biyasa didol bebarengan karo getuk lan cenil (uga ingaran cetil) minangka jajanan ing wayah ésuk utawa soré. Werna klepon lumrahé putih utawa ijo gumantung seléra. Klepon kanthi warna ijo, perlu tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.
Klepon sing wujude bunder nduwèni makna filsafati dhewe, yaiku nggambarake urip manungsa sing ora cetha wiwitan lan pungkasané. Wujude sing ora rata uga dadi pralambang manawa lakuning urip ora tansah alus lan gampang, nanging kerep kebak reribed lan pacoban.[1]
Rasane legi saka gula abang sing leleh ing njero klepon nggambarake kabecikan sing bisa dirasakake, sanajan ora mesthi katon cetha ing paningal. Déné klapa parut sing dadi taburan ing njaba klepon nglambangake tahapan urip manungsa. Woh klapa dhewe nduwèni pérangan njaba sing atos lan pérangan njero sing empuk, kaya dene urip sing kadang katon atos ing njaba, nanging sajatine ngemot kelembutan lan makna ing njerone.[1]
Carané nggawé klepon:
[besut | besut sumber]- Gula pasir dicampur karo banyu godhong suji, uyah, mentéga, banyu, lan glepung beras ketan.
- Adonan iku dicampur nganti kalis.
- Banjur digawé bunder-bunder, digèpèngaké, diisèni gula Jawa, lan dibunder-bunder manèh.
- Sawisé rampung digawé bunder-bunder, banjur digodhog nganggo banyu kang wis umub nganti adonan iku mumbul mendhuwur.
- Yèn wis mumbul banjur dientas.
- Carané nyajikaké yaiku adonan kang wis mateng diwadhahi lan ditata ing piring, banjur diwènèhi parutan klapa.
- Klepon wis siyap didhahar.
- 1 2 "Sejarah Klepon: Si Bulat yang Nyos di Mulut". Nibble (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-02-26.