Wijèn
| Wijèn | |
|---|---|
| Tuwuhan wijèn | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Unranked: | Angiosperms |
| Unranked: | Eudicots |
| Unranked: | Asterids |
| Ordho: | Lamiales |
| Famili: | Pedaliaceae |
| Génus: | Sesamum |
| Spésies: | S. indicum |
| Jeneng binomial | |
| Sesamum indicum L. | |
Wijèn iku tuwuhan asli saka Afrika Khatulistiwa, ing tlatah sing dhuwuré 1000 mèter saka sadhuwuré lumahing banyu sagara.[1] Kembangé tumancep ing antarané klanjer, pangé cendhek lan godhongé wernané ungu lan putih.[1] Makutha kembangé ana rambuté lan ngilu (lendir) kaya kelopaké.[1] Kembangé wujudé kaya tabung mbengkong mengisor.[1] Saben woh wijèn bisa ngasilaké punjul 50 wiji wijèn.[2] Wiji wijèn duwé ambu kang wangi.[2] Saliyané kanggo bahan panganan, wijèn uga bisa minangka obat.[2]
Dat kang ana ing sajeroné wiji wijèn kaya ta: gliserida (asem oléat, linoléat, palmitat, stéarat, miristinat), sesamin, sesamolin, sesamol, lignans, pedaliin, plantéose, sitokrom C, protèin, prantosa, vitamin A, B1, lan Vitamin É.[2]
Klasifikasi
[besut | besut sumber]Wijèn diklasifikasike kaya ing ngisor iki:[3]
- Kingdom: Plantae
- Subkingdom: Tracheobionta
- Super Divisi: Spermatophyta
- Divisi: Magnoliophyta
- Kelas: Magnoliopsida
- Sub Kelas: Asteridae
- Ordo: Scrophulariales
- Famili: Pedaliaceae
- Genus: Sesamum
- Spesies: Sesamum indicum L.
Manfaaté Wijèn
[besut | besut sumber]Wijèn akèh gunané, Bisa kanggo tolak balak lelara, pangobatan, lan perawatan.[2] Kanggo preventif wijèn bisa digunakaké nyegah rambut rontok, kanker, rambut uwanen, stroke, hipertènsi lansapanunggalané.[2] Kanggo usada, wijèn minangka nambani watuk, katarak, dhiaré, kencing nanah, kencing manis, sembelit, bèsèr, rématik, lan sapanunggalané.[2]