Wajik
Praèn
Wajik | |
| Panggonan asal | Indonésia |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | Jawa |
| Woworan pokok | beras ketan |
Wajik yaiku panganan tradhisional kang digawé saka ketan lan gula Jawa. Wajik iki rasané legi. Racaké wajik iku wernané soklat amarga diwènèhi gula jawa, ananging bisa uga diwènèhi pawerna panganan supaya luwih narik kawigaten. Wajik mbutuhaké wektu kang suwè kanggo nggawè. Pramila wajik iki digawé mawa wong akèh lan papan sing amba. Panganan iki disuguhaké nalika ana mantènan ananging saiki ana bakul sing njajakaké wajik ing pasar lan papan pariwisata sing bakulan olèh-olèh.
Wajik ing saben daerah duwe ciri khas dhewe-dhewe. Wajik ing daerah Jawa Timur biasane nggawe gula sing akeh nganti legine nyetak ing ilat. Dene daerah Jawa Tengah wajik e legi ananging ora legi banget. Takeran gula kuwi mau seng dadi pambeda tekstur saking wajik.
Cara gawé wajik
[besut | besut sumber]- Beras ketan dikumbah banjur dikum sekitar 2-3 jam;
- Beras ketan didang nganti setengah mateng kurang luwih 30 menit;
- Godhog gula, santen, sethithik uyah lan pandan (ora kudu) nganti umup lan bener-bener tanak;
- Ketan kang wus setengah mateng banjur dicemplungke lan diudhak ngasi carup kanthi rata;
- Ketan diudhak nganti gula santen asat lan ketan dadi kesed isa dicethak
- Ketan wus mateng banjur isa dicethak ana wadhah.[1]
| Artikel magepokan panganan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ WS, Odilia. "Resep Wajik Gula Aren yang Legit Pulen Untuk Buka Puasa". detikfood (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-10.[pranala mati permanèn]