Bakcang
Praèn
Bakcang saka China kidul | |
| Panggonan asal | China |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | China Kidul |
| Woworan pokok | Beras/Sega |
Bakcang, ba cang utawa bacang (saka basa Hokkien bah-chàng) iku siji panganan Cina kang uga akèh tinemu ing Tanah Jawa lan Indonésia kanthi umum. Ing basa Mandarin panganan iki diarani 粽 zongzi. Panganan iki wujudé sega utawa ketan diisi daging utawa isi liyané kang dibungkus godhong pring lan diwangun limas.