Basa Cina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Mandarin)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Basa Cina
汉语/漢語;中文
AsalCina, Taiwan, Singapura, Indonésia, Filipina, Malaysia, lan komunitas Cina liyané ing donya
Laladan--
Panyatur asli
1,2 miliar (tanpa surya)
Sino-Tibet
 Basa Tionghoa
Status resmi
Basa resmi ing
Cina, Taiwan, Singapura
Diatur déninging Cina: berbagai badan(dalam basa Tionghoa)
di Taiwan: Mandarin Promotion Council
Kodhe basa
ISO 639-1zh
ISO 639-2chi (B) / zho (T)
ISO 639-3
Wangun karakter cithak kuna saka zhongwen

Basa Cina (汉语/漢語, 华语/華語, atau 中文; pinyin: hànyǔ, huáyǔ, utawa zhōngwén) iku péranganing basawangsa Sino Tibet. Sanadyan akèh wong Cina nganggep manéka varian basa Cina lésan minangka siji basa, variasi sajeroning basa-basa lésan mau sabandhing karo variasi-variasi sing ana sajeroning umpamané basawangsa Rum; basa katulisé uga wis owah wanguné sairing karo lumakuning wektu, sanadyan luwih alon dibandhingaké karo wangun lisané. Mula saka iku, bisa ngluwihi variasi-variasi sing ana sajeroning wangun lisané.

Saperangan basa-basa Cina kang ana kaya ta basa Mandharin, basa Kwongtung, basa Ngu (Syanghay), basa Hagkah utawa basa Kek (Ind: Hakka), basa Tyocyu (Ind: Tiociu), lan basa Hogkyen. Basa-basa mau amarga ana sing cedhak siji lan sijine kamangka bisa rada ameh padha sithik-sithik cara omonge lan bisa padha-padha dimangreteni. Ananging, manawa adoh kaya ta basa Hogkyen lan basa Mandharin kamangka cara omonge wis beda adoh. Dadi ora bisa padha-padha dimangreteni siji lan sijine kajaba yen wis sinau kanggo mangreteni owahing swara lan owahing teges tembung utawa pamilihing tembung.

Watara 1/5 sing andunungi donya migunakaké salah siji wangun basa Cina minangka panutur asli, mula yèn dianggep siji basa, basa Cina minangka basa kanthi gunggung panutur asli paling akèh ing donya. Basa Cina (dituturaké sajeroning wangun standaré, Mandharin) iku nagarabasaning Cina lan Taywan, salah siji saka papat nagarabasaning Singgapur, lan salah siji saka enem basa resmi PBB.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Hannas, William. C. 1997. Asia's Orthographic Dilemma. University of Hawaii Press. ISBN 0-8248-1892-X (paperback); ISBN 0-8248-1842-3 (hardcover)
  • DeFrancis, John. 1990. The Chinese Language: Fact and Fantasy. Honolulu: University of Hawaii Press. ISBN 0-8248-1068-6
  • Norman, Jerry. 1988. Chinese. New York, NY: Cambridge University Press. ISBN 0-521-22809-3 (hardcover).

Pranala njaba[besut | besut sumber]