Menyang kontèn

ISO 639-1

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

ISO 639-1:2002, Codes for the representation of names of languages
Part 1: Alpha-2 code
, iku pérangan kapisan saka sèri ISO 639 stadar kodhe basa international standard. Pérangan kapisan nyakup registrasi kodhe rong aksara. Ana 136 kodhe kang kadaftar kang nyakup basa-basa utama ing donya.

Kodhe iki minangka cekakan basa kang migunani kanggo ngenali sawijining basa. Contoné:

ISO 639, minangka standar kodhe basa, ditampa ing taun 1967. Standar iki dipérang dadi loro, lan ing taun 2002 ISO 639-1 dadi révisi anyar saka standar asli. Kodhe pungkasan kang ditambahaké yakuwi ht, makili Haitian Creole ing 26-02-2003. Panggunaan standar iki disurung déning IETF language tag, kang kawanuhaké ing RFC 1766 ing sasi Maret 1995, lan sabanjuré déning RFC 3066 wiwit Januari 2001 lan RFC 4646 wiwit September 2006. Versi saiki yakuwi RFC 5646 wiwit September 2009. Infoterm (International Information Center for Terminology) iku minangka badan registrasi tumrap kodhe ISO 639-1.

Kodhe anyar ISO 639-1 ora ditambahaké yèn wis ana kodhe ISO 639-2, mula sistems kang migunakaké kodhe ISO 639-1 lan 639-2, kanthi kodhe pilihan 639-1, ora usah ngganti kodhe kang wis lumaku.[1]

Yèn kodhe ISO 639-2 kang nyakup saklompok basa dipigunakaké, bisa ditindhih tumrap sawatara basa tinamtu, déning kodhe ISO 639-1 kang anyar.

Kodhe ISO 639-1 ditambahaké sawisé publikasi RFC ing Januari 2001
ISO 639-1ISO 639-2JenengTanggal ditambahakéSadurungé dicakup déning
ioidoIdo2002-01-15art
wawlnWallon2002-01-29roa
lilimLimburgish2002-08-02gem
iiiiiSichuan Yi2002-10-14sit
anargAragonese2002-12-23roa
hthatHaitian Creole2003-02-26cpf

Ora ana spésifikasi marangmakrobasa (pirsani ISO 639-3).

Deleng juga

[besut | besut sumber]

Cithakan:Footer ISO 639

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. ISO 639 Joint Advisory Committee - Working principles for ISO 639 maintenance

Pranala njaba

[besut | besut sumber]