Basa Ngu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Basa Ngu (Aksara Kan: 吳語; pinyin: wuyu; Ind: bahasa Wu) yaiku klumpukan basawangsa Cina kang ameh padha kanthi basawidya lan babad kang utamane kocap ing Syanghay, Propinsi Cecyang, paron kidul Propinsi Cyangsu, lan laladan-laladan pinggirane.

Akeh-akehing parijinis (Ind: varietas) kang ana kalêbu saka Syanghay, Su-tsêy (蘇州), Wusyi, Changcow, Ningpo, Hangcow, Syawsying, Wêncow, Cinhwah, lan Yongkang. Pamocap basa Ngu kay ta Cyang Kaisyeg, Lu Syun, lan Tsai Ywenpei duwe panggonan kang penting ing budaya lan politig Cina modheren. Basa Ngu uga bisa kaprungu ing Pingtan, Lakonan Yit, lan Lakonan Syanghay ing ngendi Lakonan Yit (Ind: Opera Yue) manggon urut kaloro pikondhang sanagara sabubaring Lakonan Peking. Basa Ngu uga kocap dening wong akeh ing jaban nagara dening wong-wong kang wiwitane saka Syanghay, Ningpo, Cingtyen, lan Wêncow.

Su-tsêy lumrahe kanggep saemper pusat basawidyaning basa Ngu lan dikira-kira dumadi papan kapisan basa Ngu kawiwitan. Carabasa Su-tsêy kanggep dumadi parituladha kanggo basa iki. Carabasa iki akeh-akehe dumadi dhadhasar kanggo ekabasa Ngu kang ngêmbang ana ing Syanghay lan banjur dumadi carabasa Syanghay saemper pusating daya artatata lan pandunung paling akeh saka pamocap basa Ngu. Amarga prabawaning carabasa Syanghay, basa Ngu kacihnatrang (Ind: terlabeli) ing basa Inggris saemper basa Syanghay nalika nêpangake basa iki marang wong kang saliya juru basawidya. Basa Ngu iku tetembungan pligi kang luwih trêp sing êndi carabasa Syanghay kalêbu ing sajerone. Tetembungan pligi liya kang kurang trêp yaiku basa Cyangnan (江南話), basa Cyangce (江浙話), lan basa Wuywe (吳越語).

Sawang uga[besut | besut sumber]

Basa Cina