Menyang kontèn

Wong Minangkêbo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Minangkabau)
Minangkabau
ميناڠكاباو
Gambar palakramané wong Minangkabo
Gunggung cacah jiwa
(Kirang langkung 8.000.000 (2010))
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia[1]
       Sumatera Kilèn4.219.729
       Riau676.948
       Sumatra Lèr333.241
       Jakarta272.018
       Jawa Kilèn241.169
       Jambi163.760
       Kapuloan Riau162.452
       Banten95.845
       Bengkulu71.472
       Lampung69.652
       Sumatra Kidul64.403
       Negeri Sembilan548.000[2]
Basa
Basa Minang, basa Indonésia, lan basa Malayu
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Malayu

Tiyang Minangkabo utawi tiyang Minang (Malayu: Minang utawi Minangkabau; Jawi: ميناڠكاباو) inggih punika salah satunggaling bebrayan ing Nuswantara ingkang nganggé basa lan adat Minangkabo.[3] Wewengkon tiyang Minangkabo lan kabudayanipun inggih punika wonten ing Sumatra Kilèn, Riau, sisih lèripun Bengkulu, kilènipun Jambi, kidulipun Sumatra Lèr, kidul kilènipun Acèh, lan ugi Negeri Sembilan ing Malaysia.[3] Saben dintenipun, tiyang Minangkabo utawi tiyang Minangkabo asring sinebat kanthi nama tiyang Padhang utawi wong Padhang.[4] Nanging, tiyang Minangkabo nyebat piyambakipun kanthi nama urang uwak (sajatosipun maksudipun sami kaliyan tiyang Minangkabo).[4]

Miturut A.A. Navis, Minangkabo taksih mlebet rumpun Malayu ingkang ngrembaka lan ageng amargi sistem monarki[5] sarta gadhah sistem adat ingkang kas, ingkang titikanipun inggih punika sistem kakulawargan manut "margi" tiyang èstri (matrilineal), lan sanajan budayanipun kiyat, tiyang Minangkabo ugi kiyat anggènipun nggebeng agami Islam.[6] Miturut Thomas Stamford Raffles, sasampunipun ngawontenaken èkspédhisi dhateng wewengkon Minangkabo pasipun ing Karajan Pagaruyung, mratélakaken bilih Minangkabo inggih punika tukipun (sumber) kakiyatan lan asalipun bangsa Malayu.[7]

Ing wekdal sapunika tiyang Minangkabo dados golongan matrilineal (sistem kakulawargan manut dhateng garis tiyang èstri ingkang paling ageng sadonya.[8] Sasanèsipun punika tiyang Minangkabo ugi sampun ngginakaken sistem proto-dhémokrasi wiwit sadèrèngipun jaman Hindhu kanthi wontenipun musyawarah adat kanggé nemtokaken ukum lan prakawis ingkang wigati.[8] Prinsip utawi paugeran adat Minangkabo dipunpratelakaken ing Adat basandi syara', syara' basandi Kitabullah (Adat dhasaripun ukum, ukum dhasaripun Al-Qur'an), ingkang tegesipun bilih adat Minangkabo punika lelandhesan dhateng agami Islam.[8]

Tiyang Minangkabo misuwur ing babagan niaga (sadéyan), minangka tiyang ingkang profésional lan intelèktual.[9] Tiyang Minangkabo dados pawarisipun tradhisi sepuh Karajan Malayu lan Sriwijaya ingkang misuwur remen sadéyan.[9] Kathah tiyang Minangkabo ingkang nyambut damel ing njawi rangkah (rantau), kinten-kinten amèh sepalih saking sadaya tiyang Minangkabo.[10] Tiyang Minangkabo ingkang ngumbara limrahipun manggén ing kitha-kitha ageng, kados ta Jakarta, Bandung, Pekanbaru, Medan, Batam, Palembang, lan Surabaya.[10] Ing manca nagari tiyang Minangkabo kathah ingkang manggèn wonten ing Negeri Sembilan, Malaysia lan Singapura.[10]

Tiyang Minangkabo gadhah dhaharan kas ingkang sampun misuwur, inggih punika menapa ingkang dipusebat dhaharan Padang (masakan Padang).[11] Dhaharan punika sampun ngrembaka ing Indonésia ngantos dumugi mancanegari.[11]

Ètimologi

[besut | besut sumber]
Peta ingkang nedahaken panyebaran ètnis Minangkabo ing Pulo Sumatra

Nama Minangkabo asalipun saking kalih tembung, minang lan kabau.[12] Nama punika dipungayutaken kaliyan satunggalipun legenda kas Minangkabo ingkang wonten ing Tambo Minangkabo.[12] Saking tambo punika dipuncariyosaken bilih ing satunggalipun wekdal wonten karajan saking manca (limrahipun dipuntafsiraken minangka Karajan Majapait) ingkang dugi saking sagara lan badhé nelukaken tiyang Minangkabo.[12] Kanggé nyegah wontenipun perang, tiyang Minangkabo gadhah pamanggih supados dipunwontenaken adu kebo.[12] Tamtama saking karajan manca sarujuk kaliyan pamanggihipun tiyang Minangkabo.[12] Tamtama saking manca kasebat lajeng nyumadyakaken kebo (mahésa) ingkang ageng lan agresif, lan tiyang Minangkabo nyumadyakaken satunggal kebo taksih alit ingkang kaluwén lan ing sungunipun dipunparingi gaman wujud lading.[12] Nalika dipunadu, kebo alit nginten kebo ageng punika minangka babonipun, lajeng kebo alit kalawau mlajeng madosi susunipun (prembayunipun) kebo ageng kalawau, lan sungu ingkang sampun dipunpasangi lading ngoyak wetengipun kebo ageng ngantos pejah.[12] Amargi kamenangan punika tuwuh inspirasi tumrapipun tiyang Minangkabo anggénipun ngginakaken nama Minangkabo, ingkang asalipun saking manang kabau (tegesipun 'kebo menang').[12] Nami Minangkabo ugi dipun-ginakaken kanggé nyebat nagari, inggih punika Nagari Minangkabo, ingkang wonten ing Kacamatan Sungayang, Kabupatèn Tanah Datar, provinsi Sumatra Kilèn.[12]

Wonten ing seratan sajarah karajan Majapahit, kitab Désawarnana (utawi Kakawin Nagarakretagama) anggitanipun Mpu Prapanca kanthi taun 1365,[13] ugi sampun dipunsebataken nama Minangkabwa minangka salah satunggalipun nagari Malayu ingkang sampun dipuntelukaken déning Majapahit.[14]

Nama "Minangkabo" (kraton Minanga) sampun dipunsebataken ing Prasasti Kedukan Bukit kanthi taun 682 Masehi lan nganggé basa Sansekerta.[15] Wonten ing prasasti punika dipunpratélakaken bilih pangarsanipun karajan Sriwijaya ingkang namanipun Dapunta Hyang tindak saking "Minānga"....[15] Wonten ahli ingkang gadhah pradugi bilih tembung saking baris kaping sekawan (...minānga) lan kaping gangsal (tāmvan....) sajatosipun kagabung dados satunggal, saéngga dados mināngatāmvan ingkang gadhah teges lèpèn kembar.[16] Lèpèn kembar kalawau pinitados namanipun Lèpèn Kampar Kiwa lan Lèpèn Kampar Tengen ingkang 'kepanggih' ilinipun.[16]

Nanging pamanggih punika boten dipunsarujuki déning Casparis, ingkang mbuktèkaken bilih "tāmvan" boten wonten gegayutanipun kaliyan kepanggih, amargi tembung kepanggih lan muara ugi saged kapanggih ing prasasti-prasasti tilaranipun jaman Sriwijaya sanèsipun.[17]

Gendéra utawi merawa ingkang dipun-ginakaken Suku Minangkabo

Asal-usulipun

[besut | besut sumber]

Saking salah satunggalipun sumber wujud tambo ingkang tinampi, dipuncariyosaken bilih tiyang Minangkabo asalipun saking trah Iskandar Zulkarnain.[18] Sanajan tambo kasebat boten dipundamel kanthi sistematis lan langkung trep manawi tambo punika dipunsebat minangka legénda.[19]

Tiyang Minangkabo taksih kalebet tiyang Deutro Malayu (Malayu Enèm) ingkang ngawontenaken migrasi saking wewengkon Cina Kidul dhateng Pulo Sumatra kinten-kinten 2.500-2000 taun kepengker.[19] Kinten-kinten, tiyang Minangkabo mlebet saking sisih wétan Pulo Sumatra, dhateng Lèpèn Kampar ngantos dumugi wewengkon ingkang langkung inggil ingkang dipunsebat darek lan dados punjering kempalan tiyang Minangkabo ingkang kapisan.[19] Sawetawis wewengkon ingkang dipunsebat darek kalawau, lajeng damel satunggalipun pakempalan utawi konfederasi ingkang kawentar kanthi nama luhak, ingkang salajengipun dipunsebat kanthi nama Luhak nan Tigo, ingkang kapérang saking Luhak Limo Puluah, Luhak Agam, kaliyan Luhak Tanah Datar.[6]

Nalika wekdal papréntahanipun Hindhia Walandi, wewengkon luhak dipundadosaken wewengkon téritorial papréntahan ingkang dipunsebat afdeling, dipunpandhégani déning residen.[5] Tiyang Minangkabo nyebat residen kanthi nama Tuan Luhak.[5] Amargi saking ngrembakanipun kang ndunungi, tiyang Minangkabo lajeng sumebar dhateng wewengkon darek ingkang sanèsipun sarta damel wewengkon tartamtu ingkang salajengipun dipunparingi nama rantau.[5] Konsép rantau tumrap tiyang Minangkabo gadhah fungsi minangka papan pados pagesangan lan papan sadéan.[5] Rantau ing Minangkabo ugi asring dipunsebat Rantau nan duo ingkang kapérang dados kalih, Rantau di Hilia (wewengkon ing sisih wétan) lan Rantau di Mudiak (wewengkon ing sisih kilèn).[5]

Wiwitanipun, panyebatan tumrap tiyang Minangkabo dèrèng dipunbentenaken kaliyan tiyang Malayu, nanging awit abad kaping 19, panyebatan antawisipun Minangkabo lan Malayu lajeng dipunbentenaken.[20] Babagan punika dipunsababaken amargi tiyang Minangkabo gadhah budaya matrilineal ingkang tansah dipunuri-uri, bénten kaliyan tiyang Malayu ingkang budayanipun manut "margi" tiyang jaler (patrilineal).[20]

Ing wekdal sapunika tiyang Minangkabo agaminipun Islam.[21] Manawi wonten tiyang Minangkabo ingkang medal saking agami Islam, mangka tiyang kasebat dipunanggep medal saking masarakat tiyang Minangkabo, tetembunganipun inggih punika "dibuang sepanjang adat".[21] Kinten-kinten agami Islam mlebet saking wewengkon sisih kilèn, mliginipun ing wewengkon Pariaman, nanging wewengkon Arcat (Aru lan Rokan) sarta Inderagiri ingkang wonten ing sisih wétan ugi sampun dados palabuan Minangkabo.[21] Sarta babagan punika ugi dipungayutaken kaliyan sesebatan Orang Siak (sesebatan tumrap tiyang ingkang wasis bab agami Islam ing wewengkon inggil (dataran tinggi)) Minangkabo.[21] Sadèrèngipun Islam dipuntampi déning tiyang Minangkabo kanthi "lila legawa", saking bukti arkéologis dipunpratélakaken bilih tiyang Minangkabo naté nggebeng agami Buda mliginipun ing wekdal karajan Sriwijaya, Dharmasraya, ngantos wekdal papréntahan Adityawarman lan putranipun Ananggawarman.[21] Salajengipun wonten gumantosipun struktur karajan amargi jumenengipun Karajan Pagaruyung ingkang sampun "ngadhopsi" Islam lan sistem papréntahanipun, sanajan ngantos dumugi abad kaping 16, Suma Oriental taksih nyebataken bilih saking tigang ratu Minangkabo namung satunggal ingkang agaminipun Islam.[21]

Adat lan Kabudayan

[besut | besut sumber]
Satunggalipun pagelaran seni randai

Adat lan budaya Minangkabo gadhah ciri kas matrilineal (nengenaken priyantun èstri).[22] Priyantun èstri dados pawaris banda pusaka lan kakerabatan.[22] Miturut tambo, wiwitanipun sistem adat Minangkabo dipundamel déning Datuk Perpatih Nan Sebatang lan Datuk Ketumanggungan.[22] Datuk Perpatih marisaken sistem adat Bodi Caniago ingkang démokratis, lan Datuk Ketumanggungan marisaken sistem adat Koto Piliang ingkang aristokratis.[22] Ing wekdal salajengipun, kalih sistem adat kasebat saged damel sistem masarakat Minangkabo ingkang salaras.[22]

Tiyang Minangkabo gadhah tigang pilar ingkang yasa lan njagi manunggalipun budaya sarta adat istiadatipun, inggih punika alim ulama, priyantun ingkang wasis, lan ninik mamak, ingkang misuwur kanthi nama Tali nan Tigo Sapilin.[22] Wonten masarakat tiyang Minangkabo ingkang démokratis lan égaliter, sadaya bab utawi masalah dipunrembag déning tigang unsur punika kanthi musyawarah lan mufakat.[22]

Basa Minangkabo kalebet salah satunggalipun kulawarga basa Austonésia.[23] Sanajang wonten bènten pamanggih bab gegayutanipun basa Minangkabo kaliyan basa Malayu, wonten ingkang gadhah pamanggih bilih basa ingkang dipun-ginakaken tiyang Minangkabo punika minangka salah satunggalipun dhialék Malayu, amargi saking kathahipun tetembungan ingkang sami, wonten pamanggih sanèsipun ingkang mratélakaken bilih basa Minangkabo bènten kaliyan basa Malayu, sarta wonten pamanggih malih ingkang nyebataken basa Minangkabo kalebet basa proto-Malayu.[23] Wonten ing masarakat Minangkabo piyambak ugi wonten manéka warni dhialék miturut laladanipun piyambak.[13][24]

Tiyang Minangkabo gadhah manéka warni kasenian, kados seni jogèd ingkang asring dipunwontenaken ing sukuran adat utawi adicara palakrami.[25] Salah satunggalipun seni jogèd kasebat inggih punika jogèd pasambahan, kalebet seni jogèd ingkang gadhah werdi minangka raos ngajeni dhateng tamu ingkang istimewa ingkang nembé kemawon rawuh. Salajengipun wonten jogèd Piring, kalebet seni jogèd kanthi obahan ingkang rikat lan tiyang ingkang nari nyepeng piring ing astanipun piyambak-piyambak, ugi dipuniringi kanthi lagu saking piranti musik tradhisional Minangkabo talempong lan saluang.[25]

Silek Minangkabo utawi Silat Minangkabo inggih punika satunggalipun seni bela dhiri tradhisional kas suku Minangkabo ingkang sampun dangu ngrembaka. Sasanesipun punika ugi wonten seni jogèd ingkang sampun kacampur kaliyan silek ingkang dipunwastani randai.[26] Randai limrahipun dipuniringi kanthi tetembangan ingkang dipunsebat sijobang,[26] wonten ing jogèd randai punika ugi wonten unsur seni drama (acting) kanthi adhédhasar tèks cariyos (skénario).[25]

Sasanèsipun punika tiyang Minangkabo ugi misuwur wasis ing seni wicantenan. Seni punika wonten tigang jinis, inggih punika pasambahan, indang, lan salawat dulang.[27] Seni wicantenan utawi bersilat lidah punika langkung dominan ing bab sindhiran, ibarat, alégori, métafora, lan aphorisme.[27] Wonten ing seni wicantenan tiyang dipunajari supados njagi kaurmatanipun, boten mawi gaman lan adu tandhing pisik.[27]

Rumah Gadang

Griya Adat

[besut | besut sumber]
Ageman adat palakrami adat Minangkabo

Griya adat Minangkabo dipunsebat Rumah Gadang (basa Jawinipun:'griya ingkang ageng'), ingkang limrahipun dipunyasa ing laladan kagunganipun kulawarga induk wonten ing suku wau.[28] Griya adat punika dipunyasa awujud sekawan pasagi ingkang panjang lan dipunpérang dados kalih, sisih ngajeng lan wingking.[29] Griya punika limrahipun dipunyasa mawi kajéng.[30] Manawi dipunpirsani, griya punika katingal kados griya panggung kanthi sisih nginggilipun ingkang kas, wujudipun kados sungu kebo ingkang dipunsebat gonjong.[30]

Nanging namung tiyang èstri lan garwanipun, sarta putra-putrinipun ingkang saged manggén ing griya adat Minangkabo punika.[21] Tiyang jaler ingkang sampun gadhah garwa, manggén ing dalemipun garwanipun.[21] Manawi tiyang jaler ingkang déréng palakrami, limrahipun saré ing surau utawi masjid.[21] Surau limrahipun dipunyasa boten tebih saking komplek griya adat Minangkabo kasebat, sasanèsipun gadhah mangfaat minangka papan ngibadah, ugi gadhah mangfaat minangka papan saré tiyang jaler ingkang sampun ageng nanging dèrèng palakrami.[21]

Wonten ing budaya Minangkabo wonten paugeran, bilih boten sadaya wewengkon dipunkeparengaken mangun griya adat.[21] Griya adat punika namung kepareng dipunyasa ing wewengkon ingkang sampun gadhah status nagari kemawon, griya adat punika saged dipunyasa.[21]

Adat Palakrami utawi Temantèn

[besut | besut sumber]

Wonten ing adat budaya Minangkabo, palakrami kalebet salah satunggalipun prastawa ingkang ageng, mliginipun kanggé siklus pagesangan, lan kalebet wekdal ingkang gadhah werdi kanggé damel golongan kulawarga alit ingkang ènggal minangka génerasi salajengipun.[31] Tumrap tiyang jaler Minangkabo, bab palakrami ugi dados prosés kanggé mlebet dhateng kulawarga ingkang ènggal, inggih punika kulawarga garwanipun.[31] Tumrap kulawarga tiyang èstri, bab palakrami dados salah satunggalipun prosés tambahipun anggota ing komunitas Rumah Gadang.[31]

Prosés adicara palakrami adat Minangkabo, limrahipun dipunsebat baralek, ingkang gadhah manéka warni rantaman tata cara ingkang sampun limrah dipun-ginakaken.[31] Dipunwiwiti kanthi maminang, manjapuik marapulai (mapag pengantén jaler), ngantos basandiang (pengantén kekalih dipunpajang ing pelaminan).[31] Sasampunipun maminang lan wonten pasarujukan manantuan hari (nemtokaken dinten adicara palakrami), salajengipun dipunwontenaken adicara palakrami miturut agami Islam ingkang limrahipun dipunlaksanakaken ing Masjid, sadèrèngipun pengantén dipunpajang ing pelaminan.[31] Ing nagari tartemtu sasampunipun ijab kabul ing sangajengipun pengulu utawi tuan kadi, risang pengantén priya badhé dipunparingi gelar ingkang ènggal minangka gantos nama alitipun.[31] Salajengipun masarakat badhé nimbali pengantén priya punika kanthi gelar ingkang ènggal.[31] Gelar kasebat limrahipun dipunwiwiti saking gelar sutan, bagindo (utawi sidi ing wewengkon sisih caket sagara).[31] Ing wewengkon luhak limo puluah, boten wonten adat maringi gelar dhateng pengantén jaler.[31]

Sosial kamasyarakatan

[besut | besut sumber]

Wonten ing paugeran tiyang Minangkabo, suku kalebet bab ingkang awrat amargi dados basis saking organisasi sosial, lan dados papan adu mados kakuaosan ingkang fundamental (dados dhasar).[6] Pangertén ingkang sepisanan saking tembung suku wonten ing basa Minangkabo saged gadhah werdi satu per-empat, saéngga manawi dipun-gayutaken kaliyan madheging nagari ing Minangkabo, nembé saged dados sampurna hambok bilih sampun gadhah komposisi sekawan suku ingkang manggén ing wewengkon wau.[6] Salajengipun, saben-saben suku wonten ing tradisi Minangkabo, dipunurutaken saking garis trah ingkang sami saking pihak ibu, lan pinitados saking satunggal trah moyang ingkang sami.[6]

Sasanèsipun dados basis pulitik, suku ugi kalebet basis saking unit-unit ékonomi.[32] Bab kasugihan dipuntemtokaken déning banda donya kados kulawarga gadhah siti piyambak menapa boten, lan banda donya sanèsipun ingkang asring dipunsebat minangka banda pusaka.[32] Harta pusaka dados banda kagunganipun sadaya kulawarga, boten kepareng dipunsadé, lan boten kepareng dados kagunganipun pribadi.[32] Harta pusaka kados dana jaminan kanggé njagi anggota kulawarga saking kamlaratan.[32] Manawi wonten anggota kulawarga ingkang nandhang musibah, mangka harta pusaka saged dipungadékaken.[32]

Suku kapérang dhateng cabang kulawarga ingkang langkung alit utawi dipunsebat sapayuang (payung). Unit ingkang langkung alit malih sasampunipun sapayuang inggih punika menapa ingkang dipunsebat sapaurik.[32] Satunggalipun paurik (padharan) limrahipun manggén sesarengan ing Rumah Gadang.[32]

Wewengkon Minangkabo kapérang saking kathah nagari.[7] Nagari punika satunggalipun laladan otonom kanthi kakuaosan ingkang paling inggil ing wewengkon Minangkabo.[7] Boten wonten kakuaosan sanèsipun ingkang saged nyampuri adat ing satunggalipun nagari.[7] Nagari limrahipun gadhah adat ingkang boten sami kaliyan nagari sanèsipun.[7] Saben-saben nagari dipunpandhégani déning dhéwan ingkang kapérang saking sadaya pandhéganipun suku ingkang wonten ing nagari wau.[7] Dhéwan punika dipunsebat Kerapatan Adat Nagari (KAN).[7] Saking asil musyawarah lan mufakat wonten ing dhéwan punika satunggalipun kaputusan lan paugeran ingkang kedah dipunugemi dipunasilaken.[7]

Faktor utami ingkang saged nemtokaken dhinamika masarakat Minangkabo inggih punika wontenipun kompetisi ingkang ajeg ing antawisipun nagari kaliyan nagari sanèsipun, kaum brayat agung (kulawarga), lan dhiri pribadi supados angsal status lan prestise.[7] Amargi punika saben-saben pandhéganipun kaum tansah mados banda donya (kanthi sadéan lan sanèsipun) sarta nyakolahaken anggota kaum dhateng tataran ingkang paling inggil.[7]

Wonten ing bab damel satunggalipun nagari, sampun wiwit rumiyin wonten paribasan ing masarakat Minangkabo inggih punika Dari Taratak manjadi Dusun, dari Dusun manjadi Koto, dari Koto manjadi Nagari, Nagari ba Panghulu.[6] Saéngga wonten ing sistem administrasi papréntahan ing wewengkon Minangkabo dipunwiwiti saking struktur ingkang paling ngandhap ingkang dipunsebat Taratak, lajeng ngrembaka dados struktur Dusun, lajeng ngrembaka dados Koto, lan lajeng ngrembaka dados Nagari.[6] Limrahipun saben nagari ingkang dipundamel paling sakedhik kapérang saking sekawan suku ingkang manggén ing wewengkon wau.[6]

Pura Pagaruyung, satunggalipun légitimasi institusi karajan ing suku Minangkabo

Pengulu

[besut | besut sumber]

Pengulu utawi datuk inggih punika pandhéganipun brayat agung (kulawarga) ingkang dipunpilih déning anggota brayat agung piyambak.[33] Pengulu gadhah tugas minangka tiyang ingkang ngatur sadaya masalah ing satunggalipun kulawargi.[33] Pengulu limrahipun tiyang jaler ingkang kapilih saking anggota jaler sanèsipun.[33] Saben brayat agung badhé milih tiyang jaler ingkang wasis ngendikan, wicaksana, lan paham kaliyan adat.[33] Babagan punika dipunsababaken pengulu gadhah tanggung jawab ngatur sadaya banda donya, ndidik kaponakanipun, sarta minangka wakilipun kaum (brayat agung) wonten ing nagari.[33] Saben-saben pengulu gadhah drajat ingkang sami kaliyan pengulu sanèsipun, saéngga nalika wonten rapat ing nagari, sadaya swanten saking pengulu ingkang makili saben kaum gadhah biji ingkang sami.[33]

Amargi anggota saben kaum punika tansah kathah, sarta masalah lan konflik intern ingkang ndadosaken kadhang kala ing satunggalipun brayat agung saged gadhah pengulu kalih cacahipun.[33] Utawi manawi wonten anggota kaum ingkang sakedhik anggotanipun, limrahipun badhé ndhèrèk nggabung gelar kapenguluanipun dhateng kulawargi sanèsipun ingkang taksih satunggal bebrayan.[33] Gadhah pengulu ingkang dados wakil kaum ing rapat nagari, kalebet satunggalipun prestise tumrap tiyang Minangkabo.[34] Saéngga saben-saben kaum tansah mbudidaya supados gadhah pengulu piyambak.[34]

Praja utawi Karajan

[besut | besut sumber]

Wonten ing lapuranipun Hubert Joseph Jean Lambert de Stuers[35], dipunprtélakaken bilih ing laladan Minangkabo, boten wonten papréntahan ingkang manunggal kanthi satunggal ratu. Nanging, ingkang wonten ing laladan Minangkabo inggih punika nagari-nagari alit ingkang méh sami kaliyan papréntahan polis-polis ingkang wonten ing jaman Yunani kina.[36] Nanging saking prasasti ingkang sampun wonten ing laladan Minangkabo, sarta saking Tambo Minangkabo, étnis Minangkabo naté gadhah sistem karajan ingkang kiyat kanthi laladan kakuwaosanipun inggih punika Ujung Malaya, Karajan Dharmasraya, Karajan Pagaruyung, lan Karajan Inderapura.[36]

Lelabetanipun Tiyang Minangkabo

[besut | besut sumber]
Imam Bonjol, Mohammad Hatta, Sutan Syahrir, Fahmi Idris

Tiyang Minangkabo kawentar minangka bebrayan ingkang wasis, amargi punika tiyang Minangkabo sumebar ing Indonésia lan manca nagari kathi manéka warni kawasisan lan kaprigelan, ing antawisipun dados politisi, panyerat, ulama, guru, jurnalis, lan tukang sadéan.[37] Adhedhasar gunggungipun tiyang Minangkabo ingkang relatif sakedhik (2,7% saking padunungipun Indonésia), tiyang Minangkabo kalebet salah satunggalipun suku ingkang paling suksés.[37] Wonten ing Kalawarti Tempo édhisi mirunggan taun 2000 dipunpratélakaken bilih 6 saking 10 tiyang wigati ing Indonésia ing abad kaping 20 punika kalebet tiyang Minangkabo.[38] 3 saking 4 tiyang ingkang njumenengaken nagari Indonésia punika kalebet tiyang Minangkabo.[39][40]

Kasuksésanipun tiyang Minangkabo kathahipun nalika wonten ing laladan parantauan.[41] Tiyang Minangkabo awit jaman kapengker sampun ngrantau dhateng manéka laladan kados dhateng Jawa, Sulawesi, Malaysia, Thailand, Brunei Darussalam, ngantos Filipina.[41] Ing taun 1390, Raja Bagindo njumenengaken Kasultanan Sulu ing Filipina Kidul.[41] Nalika abad kaping 14 tiyang Minangkabo ngawontenaken migrasi dhateng Negeri Sembilan, Malaysia lan njumenengaken sang nata (ratu) énggal saking golongan tiyang Minangkabo piyambak.[41] Raja Melawar dados ratu kapisan Negeri Sembilan ingkang jumeneng nata ing taun 1773. Ing pungkasanipun abad kaping 16, ulama Minangkabo Dato Ri Bandang, Dato Ri Patimang, lan Dato Ri Tiro, nyebaraken agami Islam ing Indonésia wétan lan saged ngislamaken Karajan Gowa.[41] Sasampunipun wonten prastawa cecongkrahan ing Kasultanan Johor, nalika taun 1723 putra saking Pagaruyung ingkang gadhah gelar Sultan Abdul Jalil Rahmad Syah I ingkang sadèrèngipun dados Sultan Johor mlajeng dhateng wewengkon Riau lan ing mrika panjenenganipun damel Karajan Siak.[42]

Sakonduripun réformis Muslim ingkang ngudi kawruh ing Kairo lan Mekah mbekta pangaribawa tumrap sistem pendidikan ing Minangkabo.[41] Sekolah Islam modérn Sumatra Thawalib lan Diniyah Putri kathah miyosaken utawi nuwuhaken aktivis ingkang kathah labuh labetipun tumrap kamardikan Indonésia, ing antawisipun inggih punika A.R Sutan Mansur, Siradjuddin Abbas, lan Djamaluddin Tamin.[41]

Wekdal taun 1920-1960, kathah politisi Indonésia ingkang gadhah labuh labet ageng miyos saking ranah Minangkabo.[41] Dados salah satunggalipun motor parjuangan kamardikan Asia, nalika taun 1923 Tan Malaka kapilih dados wakil Kuminis Internasional kanggé wewengkon Asia Kidul-Wétan.[41] Politisi Minangkabo ingkang sanèsipun Mohammad Yamin, dados panyurung Sumpah Pemuda ingkang damel manunggalipun sadaya kawula ing wewengkon Indhiya Nèderlan. Wonten ing Volksraad, politisi saking Minangkabo ingkang dados politisi paling vokal, inggih punika Jahja Datoek Kajo, Agus Salim, lan Abdul Muis.[41] Tiyang Minangkabo ingkang sanèsipun inggih punika Mohammad Hatta, minangka ko-proklamator kamardikan Indonésia.[41] Sasampunipun kamardikan, sekawan tiyang Minangkabo njabat minangka nayakotama (Sutan Syahrir, Mohammad Hatta, Abdul Halim, Mohammad Natsir), satunggal minangka présidhén (Assaat), satunggal minangka wakil présidhén (Mohammad Hatta), satunggal dados pandhéganipun parlemén (Chaerul Saleh), lan kathah ingkang dados mantri, ing antawisipun ingkang misuwur inggih punika Azwar Anas, Fahmi Idris, lan Emil Salim.[41] Emil Salim dados tiyang Indonésia paling dangu ingkang lenggah ing kamentrian Indonésia.[41] Minangkabo dados salah satunggal étnis sasanèsipun Jawa, ingkang tansah gadhah wakil wonten ing saben kabinét papréntahan Indonésia.[41] Sasanèsipun ing papréntahan, nalika wekdal Démokasi Liberal parlemén Indonésia dipundominasi déning politisi Minangkabo ingkang ndhèrèk dhateng manéka warni parté lan idhélogi, islamis, nasionalis, kuminis, lan sosialis.[41]

Sasanèsipun njabat dados gubernur provinsi Sumatra Tengah/Sumatra Kilèn, tiyang Minangkabo ugi lenggah minangka gubernur ing provinsi sanèsipun ing Indonésia.[41] Panjenenganipun punika Datuk Djamin (Jawa Kilèn, Daan Jahja (Jakarta), Muhammad Djosan lan Muhammad Padang (Maluku), Anwar Datuk Madjo Basa Nan Kuniang lan Moenfari (Sulawesi Tengah), Adenan Kapau Gani (Sumatra Kidul), Eni Karim (Sumatra Lèr, sarta Djamin Datuk Bagindo (Jambi).[41]

Wonten parté pulitik Indonésia ingkang dipundamel déning politisi Miang.[21] PARI lan Murba dipunjumenengaken déning Tan Malaka, Parté Sosialis Indonésia déning Sutan Sjahrir, PNI ènggal déning Mohammad Hatta, Masyumi déning Mohammad Natsir, Perti déning Sulaiman ar-Rasuli, lan Permi déning Rasuna Said.[21] Sasanèsipun damel parté pulitik, politisi Minangkabo ugi kathah ngasilaken buku-buku ingkang dados waosan wajib para aktivis.[21] Buku-buku waosan utami punika inggih punika Naar de Republiek Indonésia, Madilog, lan Massa Actie karyanipun Tan Malaka, Alam Pikiran Yunani lan Dhémokrasi Kita karyanipun Hatta, Fiqhud Dakwah lan Capita Selecta karyanipun Natsir, sarta Perjuangan Kita karyanipun Sutan Sjahrir.[21]

Sastrawan Minangkabo ugi maringi pangaribawa tumrap ngembakanipun basa lan sastra Indonésia.[21] Sastrawan punika ngrembakaken basa kanthi manéka warni karya seratan.[21] Marah Rusli, Abdul Muis, Idrus, Hamka, lan A.A. Navis makarya kathi damel novèl. Nur Sutan Iskandar novélis Minangkabo sanèsipun, kaserat minangka panganggit novèl Indonésia ingkang paling prodhuktif.[21] Chairil Anwar lan Taufik Ismail makarya kanthi damel 'gurit (basa Jawa: geguritan).[21] Sarta Sutan Takdir Alisyahbana, novélis saha wasis tata basa, ngawontenaken modernisasi basa Indonésia saéngga dados basa nasional.[21] Novèl-novèl anggitanipun sastrawan Minangkabo kados Siti Nurbaya, Salah Asuhan, Tenggelamnya Kapal Van Der Wijck, Layar Terkembang, lan Robohnya Surau Kami sampun dados waosan wajib tumrap siswa sekolah ing Indonésia lan Malaysia.[21]

Sasanèsipun kanthi karya sastra, usaha mbudidaya ngrembakanipun basa Indonésia ugi kathah dipunwontenaken déning jurnalis Minangkabo.[21] Jurnalis kados Djamaluddin Adinegoro, Rosihan Anwar, lan Ani Idrus.[21] Sanèsipun Abdul Rivai ingkang dipunjuluki Perintis Pers Indonésia, Rohana Kudus ingkang nerbitaken Sunting Malayu, dados wartawan saha ingkang gadhah koran èstri ingkang kapisan ing Indonésia.[21]

Tuanku Abdul Rahman, salah satunggalipun tiyang Minangkabo ingkang gadhah pangaribawa ing wewengkon mancanegari

Ing Indonésia lan Malaysia, sasanèsipun tiyang Tionghoa, tiyang Minangkabo ugi misuwur minangka pangusaha ingkang saé.[21] Kathah pangusaha Minangkabo ingkang suksés bisnis ing jagad sadéan tékstil, griya dhaharan, hotèl, pandidikan, lan griya sakit.[21] Ing antawisipun tiyang Minangkabo ingkang suksés inggih punika Abdul Latief (ingkang gadhah TV One), Basrizal Koto ingkang gadhah paternakan sapi paling ageng ing wewengkon Asia Kidul-Wétan, Hasyim Ning (pangusaha pangrakit mobil ingkang kapisan ing Indonésia), lan Tunku Tan Sri Abdullah (ingkang gadhah Melewar Corporation Malaysia).[21]

Kathah ugi tiyang Minangkabo ingkang suksès ing jagad entertainment, kados dados sutradara, prodhuser, penyanyi, lan artis.[21] Minangka sutradara lan prodhuser wonten Usmar Ismail, Asrul Sani, Djamaludin Malik, lan Arizal.[21] Arizal ngantos dados sutradara lan prodhuser ingkang kathah piyambak ngasilaken karya. Kinten-kinten wonten 52 filem lan 8 sinétron kanthi 1.196 épisode.[21] Film-filem karyanipun sineas Minangkabo, kados Lewat Djam Malam, Gita Cinta dari SMA, Naga Bonar, Pintar Pintar Bodoh, lan Maju Kena Mundur Kena dados filem ingkang saé piyambak ingkang kathah dipunremeni déning masarakat.[21]

Aktris kaliyan penyanyi Minangkabo ingkang misuwur ing antawisipun inggih punika Ade Irawan, Dorce Gamalama, Eva Arnaz, Nirina Zubir, lan Titi Sjuman.[21] Sasanèsipun punika wonten Ani Sumadi ingkang jejuluk "ratu kuis", dados panyurung jagad kuis ing Indonésia.[21] Karya panjenenganipun kados kuis Berpacu Dalam Melodi, Gita Remaja, Siapa Dia, lan Tak Tik Boom dados salah satunggalipun acara ingkang dipunremeni kulawarga Indonésia.[21] Sanèsipun wonten ugi Soekarno M. Noer lan putranipun Rano Karno, kadosipun dados tiyang ingkang paling suksés ing jagad filem Indonésia.[21] Nalika taun 1993, Karno's Film parusahanipun filem kagunganipun kulawarga Soekarno, mrodhuksi filem seri paling inggil peringkatipun sadangunipun sajarah filem Indonésia.[21] Film kasebat inggih punika filem Si Doel Anak Sekolahan.[21]

Ing mancanegari, tiyang Minangkabo ugi misuwur amargi lelabetanipun.[43] Ing Malaysia lan Singapura, ing antawisipun inggih punika Tuanku Abdul Rahman (Yang Dipertuan Agung kapisan Malaysia), Yusof bin Ishak (présidhén kapisan Singapura), Zubir Said (komposer lagu kabangsan Singapura Majulah Singapura), Sheikh Muszaphar Shukor (astronot kapisan Malaysia), Tahir Jalaluddin Al-Azhari, lan Adnan bin Saidi.[43] Ing nagari Walanda, Roestam Effendi ingkang makili Parté Kuminis Walanda, tiyang Indonésia ingkang dados anggota parlemèn Walanda.[44] Ing Arab Saudi, namung Ahmad Khatib Al-Minangkabawi, tiyang non-Arab ingkang naté dados imam ageng Masjidil Karam, Mekah.[43]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Kewarganagaraan, Suku Bangsa, Agama dan Basa Sehari-hari Penduduk Indonésia Hasil Sensus Penduduk 2010. Badan Pusat Statistik. 2011. ISBN 9789790644175. Dibukak ing 2012-08-24.
  2. "Laporan Kiraan Permulaan 2010". Jabatan Perangkaan Malaysia. kc. iv. Diarsip saka sing asli ing 2010-12-27. Dibukak ing 2011-01-24.
  3. a b [Josselin de Jong, P.E. de, (1960), Minangkabau and Negeri Sembilan: Socio-Political Structure in Indonésia, Jakarta: Bhartara]
  4. a b [Kingsbury, D., Aveling, H., (2003), Autonomy and disintegration in Indonésia, Routledge, ISBN 0-415-29737-0]
  5. a b c d e f [Navis, A.A., (1984), Alam Terkembang Jadi Guru: Adat dan Kebudayaan Minangkabau, Jakarta: PT. Grafiti Pers]
  6. a b c d e f g h [Batuah, A. Dt. & Madjoindo, A. Dt., (1959), Tambo Minangkabau dan Adatnya, Jakarta: Balai Pustaka.]
  7. a b c d e f g h i j [Reid, Anthony. 2001. Journal of Southeast Asian Studies: Understanding Malayu (Malay) as a Source of Diverse Modern Identities.kaca 295-313;doi=10.1017/S0022463401000157] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku28" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  8. a b c [Jones, Gavin W., Chee, Heng Leng, and Mohamad, Maznah, (2009), Muslim-Non-Muslim Marriage: Political and Cultural Contestations in Southeast Asia, Chaptep 6: Not Muslim, Not Minangkabau, Interreligious Marriage and its Culture Impact in Minangkabau Society by Mina Elvira, Institute of Southeast Asian Studies, ISBN 978-981-230-874-0]
  9. a b [Graves, Elizabeth E. 1981. The Minangkabau Response to Dutch Colonial Rule Nineteenth Century. Itacha, NY:Cornell Modern Indonésia Project]
  10. a b c Orang Minang, Peran, dan Pencapaiannya Archived 2011-03-17 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
  11. a b [Ramli, Andriati, (2008), Masakan Padang: Populer & Lezat, Niaga Swadaya, ISBN 978-979-1477-09-3.]
  12. a b c d e f g h i [Djamaris, Edwar, (1991), Tambo Minangkabau, Jakarta: Balai Pustaka]
  13. a b [Robson, S. O., (1995), Desawarnana (Nagarakrtagama) by Mpu Prapanca, ed. and trans, Leiden: KITLV Press.] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku18" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  14. [Brandes, J.L.A., (1902), Nāgarakrětāgama; Lofdicht van Prapanjtja op koning Radjasanagara, Hajam Wuruk, van Madjapahit, naar het eenige daarvan bekende handschrift, aangetroffen in de puri te Tjakranagara op Lombok]
  15. a b [Cœdès, George, (1930), Les inscriptions malaises de Çrivijaya,BEFEO]
  16. a b [Purbatjaraka, R.M. Ngabehi, (1952), Riwajat Indonésia, I, Djakarta: Jajasan Pangyasa]
  17. [Casparis, J.G. de, (1956), Prasasti Indonésia II, Dinas Purbakala Républik Indonésia, Bandung: Masa Baru]
  18. [Summerfield (1999), kaca 48-49]
  19. a b c [Graves (1981), p. 4.]
  20. a b [Andaya, L.Y., (2008), Leaves of the same tree: trade and ethnicity in the Straits of Melaka, University of Hawaii Press, ISBN 0824831896]
  21. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al Suku Minangkabau dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)
  22. a b c d e f g [Westenenk, L. C. 1918. De Minangkabausche Nagari. Weltevreden:Visser; kaca:59]
  23. a b [Garry, J., Carl R., Rubino, G., (2001), Facts about the world's languages: an encyclopedia of the world's major languages, past and present, H.W. Wilson, ISBN 0-8242-0970-2.]
  24. [Medan, Tamsin, (1985), Basa Minangkabau dhialèk Kubuang Tigo Baleh, Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa, Departemen Wiyata dan Kebudayaan.]
  25. a b c [Pauka K., (1998), Theater and martial arts in West Sumatra: Randai and silek of the Minangkabau, Ohio University Press, ISBN 978-0-89680-205-6]
  26. a b [Phillips, Nigel, (1981), Sijobang: sung narrative poetry of West Sumatra, Cambridge University Press, ISBN 978-0-521-23737-6.]
  27. a b c [Suryadi (2010), Masa Depan Seni Bersilat Lidah Minangkabau, Padang Ekspres.]
  28. [Graves, Elizabeth E., (2007), Asal-usul elite Minangkabau modhèren: respons terhadap kolonial Walanda abad XIX/XX, Jakarta:Yayasan Obor Indonésia, ISBN 978-979-461-661-1.]
  29. [Azinar Sayuti, Rifai Abu, (1985), Sistem ékonomi tradhisional sebagai perwujudan tanggapan aktif manungsa terhadap lingkungan laladan Sumatra Kulon, hlm. 202, Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Laladan.]
  30. a b [Navis, A.A., Cerita Rakyat dari Sumatra Kulon 3, Grasindo, ISBN 979-759-551-X.]
  31. a b c d e f g h i j [Idris, Soewardi. 2004. Sekitar Adat Minangkabau. Jakarta: Kulik-Kulik Alang]
  32. a b c d e f g [de Jong, P.E de Josselin. 1960. Minangkabau and Negeri Sembilan: Socio-Political structure in Indonésia. DJakarta: Bhartara; kaca 10]
  33. a b c d e f g h [Stibbe. 1869. Het Soekoebestuur in de Padangsche Bovenlanden.]
  34. a b [Graves (1981), p. 25.]
  35. [Laporan kepada Gubernur Jendral, 30 Agustus 1825, Exhibitum, 24 Agustus 1826, No. 41.]
  36. a b [Bonner, Robert Johnson. 1933. Aspects of Athenian democracy Vol 11. California: University of California Press]
  37. a b [Kato, Tsuyoshi. 2005. Adat Minangkabau dan merantau dalam perspektif sajarah. Jakarta: Balai Pustaka; isbn=979-690-360-1]
  38. [Majalah Tempo Edisi Khusus Tahun 2000, Dhésèmber 1999]
  39. [Tim Wartawan Tempo, "4 Serangkai Pendiri Républik", Kepustakaan Populer Gramedia, Jakarta (2010)]
  40. Tiyang sekawan ingkang njumenengaken nagari Républik Indonésia inggih punika Soekarno, Hatta, Sutan Sjahrir, lan Tan Malaka
  41. a b c d e f g h i j k l m n o p q Merantau Orang Minang (1) Kalaulah di Bulan Ada Kehidupan dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)]
  42. Kerajaan Siak Sejarah Kerajaan Siak dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)]
  43. a b c Mengingat Prestasi Orang Minang Archived 2012-02-03 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)
  44. Mengenang Sastrawan Rustam Effendi dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]