Abdul Halim

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Abdoel Halim
Abdul Halim

Mangsa jabatan
16 Januari 1950 – 5 September 1950
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Soesanto Tirtoprodjo
Diganti déning Muhammad Natsir

Mangsa jabatan
6 September 1950 – 27 April 1951
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Sri Sultan Hamengkubuwono IX
Diganti déning Sukiman Wirjosandjojo

Miyos 27 Desember 1911
Cithakan:Bendera belanda Bukittinggi, Sumatra Barat, Hindia Belanda
Tilar donya 4 Juli 1987 (umur 75)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonesia
Kabangsan Indonesia
Partai pulitik Non Partai
Profèsi Politikus, Dokter
Agami Islam

Abdul Halim (ejaan lawas: Abdoel Halim) (lair ing Kota Bukittinggi, Sumatra Kulon, 27 Desember 1911 – tilar donya ing Jakarta, 4 Juli 1987 kanthi umur75 taun) yaiku sawijining Perdhana Mentei Indonésia jaman Kabinèt Halim (1949) kang mrintah nalika Republik Indonesia isih dadi bagéyan saka Republik Indonesia Serikat kanthi Pejabat Presiden RI Mr. Assaat.[1]

Asal lan Sekolahé[sunting | sunting sumber]

Abdul Halim lair saka bapak kang asmané Achmad St. iyus lan ibu kang asmané H. Darama.[1] Halim sekolah ing HIS, MULO lan AMS B ing Jakarta, lan uga dadi lulusan GHS (Geneeskundige Hooge School - didirike taun 1924 - utawa Sekolah Kedokteran, saiki Fakultas Kedokteran Universitas Indonesia) ing Jakarta.[1]

Jaman perjuwangan1945-1949[sunting | sunting sumber]

Wiwit Proklamasi 1945 panjenengané dadi Wakil Ketua BP-KNIP bareng karo Mr. Assaat kang njabat Ketua BP-KNIP.[2] Kaya kang dimangertèni yèn Badan Pekerja (BP) kang nduwé anggota 28 wong iku badan pelaksana kang gawéyané saka Komite Nasional Indonesia Pusat kang duwé anggota 137 wong.[2] Jaman Revolusi Fisik 1945-1949 beliau ora tau praktek dadi dokter, sakliyane dadi politisi lan duwe hobi ngrumat mobil kesayangane kang ndadekake dheweke dijuluki dokter mobil alias dadi montir mobil kesayangané.[2]

Jaman RI lan sawisé RIS 1950[sunting | sunting sumber]

Jaman RI Abdul Halim dipercaya njabat dadi Perdhana Mentri, Mr. Assaat dadi Pejabat Presiden. Banjur sawisé RIS panjenengané mlebu ana ing Kabinèt Natsir.[1]

Perjuwangan[sunting | sunting sumber]

Abdul Halim lair kanthi jeneng Otong Sjatori nalika taun 1887 ing Majalengka, Jawa Kulon. Bali saka ngibadah kaji, jenenge diganti dadi Abdul Halim. Nalika umur 10 taun dheweke wis isa maca Al Quran lan dadi santri saka kyai Jawa Kulon lan Jawa Tengah nalika umur 22 taun. Abdul Halim banujur lunga menyang Mekkah kanggo ngibadah kaji lan sinau babagan agama suwene telung taun.Kemudian ia berangkat ke Mekah untuk menunaikan ibadah haji sekaligus mendalami ilmu agama selama tiga tahun. Ing kana dheweke sinau marang imam lan khatib Masjidil Haram kang namane Syeikh Ahmad Khatib lan Syeikh Ahmad Khayyat. Ing kana dheweke uga ketemu KH Mas Mansur saka Surabaya lan KH Abdoel Wahab Hasboellah.

Nalika taun 1911 dheweke bali ing Indonesia lan ngedekake Majelis Ilmu (ejaan lawas: Majlis Ilmoe). Ing tanah wakaf maratuwane, dheweke ngedekake madrasah kang dijangkepi mkaro asrama kanggo para santri.Ing taun 1912 dheweke ngedekake kumpulan utawa organisasi kang diarani Hajatoel Qoeloeb kang isine para tokoh masyarakat, santri, wong tani, wong dodolan. Saka organisasi kang dibentuk dening Abdul Halim iku kanggo ngrewangi para anggotane ing pasar nalika saingan karo wong Cina, lan ngendhekake kapitalisme kolonial.

Sithik mbaka sithik organisasi kang dipimpin Abdul Halim isa nggawe makmure warga kampung. Nalika taun 1915, organisasi kang dipimpin dibubarke merga oraganisasi iki dianggep dadi punjere kerusuhan antarane warga karo wong Cina.

Tanggal 16 Mei 1916 Abdul Halim ngedekake Jam'iyah I'anah al Muta'alimin mionangka usahane Abdul Halim kanggo majukake donya pendhidhikan. Jam'iyah iki uga ana gandheng cenenge karo Jamiat Khair lan Al-Irsyad ing Jakarta. Amarga masyarakat akeh kang seneng karo organisasi iki ndadekake pamarentah wedi banjur ing taun 1917 organisasi iki uga dibubarake.

Abdul Halim uga ngedekake pesantren ing wulan April 1942 ing desa Pasirayu, kècamatan Sukahaji, Majalengka.

Santi Asromo (basa Kawi, Jawa kuna: panggon sinau kang sepi lan tentrem), pesantren iki dadi pesantren moderen kang pisanan ing jaman iku. Pesantren iki dibangun ana ing papan kang adoh saka panggon rame ing Majalengka. Ora mung babagan agama kang diajarake ing pesantren iki, ana uga perkara nandur, tukang kayu, lan sapanunggalane. Murid ing pesantren iki diwajibake urip ing asrama suwene 5 nganti 10 taun.

Nalika tahun 1942 dheweke ngganti PO dadi Perikatan Umat Islam kang banjur ing taun 1952 dadi siji karo Persatuan Umat Islam Indonesia (PUII), lan jenenge dadi Persatuan Umat Islam (PUI), kang punjere ana ing Bandung.

Berjuwang nganggo Senjata[sunting | sunting sumber]

Nalika ana agresi Belanda nalika taun 1947, Abdul Halim lan para warga lan tentara mundur ing pelosok desa kanggo nyusun rencana kanggo nyerang Belanda. Dheweke ora setuju yen ana Negara Pasoendan kang didekake taun 1948 dening Belanda.

Nalika jaman perang kamardikan, Abdul halim asring nglakoni gerilya kanggo nglawan para walanda, lan punjere ana ing Gunung Ciremai. Dheweke dadi ketuwa saka pasukane nalika mungsuh karo militere Belanda NICA. Nalika iku dheweke dadi bupati masyarakat Majalengka lan nglawan NICA.

Papan pesantrene Abdul Halim dianggep dadi markase TNI dening NICA, mula NICA banjur nyerang Santi Asromo iku. Abdul Halim lan many=tune dicekel dening NICA. Nanging dheweke ora gelem nyerah, lan isa mlayu. Dheweke diangkat dadi panitoya kang nduweni tugas nyerang Negara Pasoendan kang dibentuk dening Van Mook.

Sawise perang kamardikan rampung lan negara aman, taun 1952 Persatuan Umat Islam (PUI) lan Persatuan Umat Islam Indonesia (PUII) gabung dadi siji, sanajan KH Ahmad Sanoesi kancane abdul halim wis kapundhut. Kedadean iku kalaksanan nalika tanggal 5 April 1952, ing Bogor. Asile yaiku lair Persatuan Ummat Islam (PUI) lan KH Abdul Halim kapilih dadi Ketuwa. Nalika tanggal 17 Mei 1962, Abdul Halim kapundhut ing Santi Asromo.

Berjuang dengan Tulisan[sunting | sunting sumber]

Abdul Halim iku uga dadi penulis kang akeh gawe tulisan. Tulisane akeh kang diterbitake. Tulisan-tulisane diwaca dening anggota PO kanthi wujud brosur lan buku cilik. Nanging tulisan-tulisane akeh kang wis diobong nalika ana Agresi Belada II.

Dheweke uga dadi pimpinan redaksi lan dadi penanggung jawab majalah Soeara PO, majalah As Sjoero, majalah Pelita. Tulisane akeh kang dimuat ing Soeara Moeslimin Indonesia, Al Kasjaaf, Pengetahoen Islam.

Saka tulisane Abdul Halim nduweni ekeh ide lan pamikiran kang isine cita-citane. Dheweke nganut konsep As Salam, yaiku keselametan ing donya lan akherat.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Abdul_Halim&oldid=830609"