Wong Toraja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Suku Toraja)
Tiyang Toraja
Toraja
Gunggung cacah jiwa
(650.000[1])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Sulawesi Barat, Sulawesi Kidul
Basa
Toraja-Sa'dan, Kalumpang, Mamasa, Ta'e, Talondo' dan Toala'.
Agama
Protèstan: 65.15%, Katulik: 16.97%, Islam: 5.99% dan Aluk To Dolo: 5.99%.[1]
Golongan ètnik magepokan
Bugis, Makassar

Tiyang Toraja inggih punika bangsa ingkang dumunung ing pagunungan pérangan lèr Sulawesi Kidul, Indonésia. Populasinipun dipunprakirakaken antawis 1 juta jiwa, kanthi 500.000 antawisipun taksih dumunung ing Kabupatèn Tana Toraja, Kabupatèn Toraja Utara, lan Kabupatèn Mamasa.[1] Mayoritas suku Toraja mlebet agama Kristen, déné sapérangan nganut Islam lan kepercayaan animisme ingkang kaloka minangka Aluk To Dolo. Pamaréntah Indonésia sampun minangkani kapitadisan punika minangka péranganing Agama Hindhu Dharma.

Tembung toraja asalipun saking basa Bugis, to riaja, ingkang ateges "tiyang ingkang dumunung ing nagari inggil". Pamaréntah kolonial Walanda maringi nama suku punika Toraja nalika taun 1909.[2] Suku Toraja misuwur amargi ritual pemakaman, griya adat tongkonan lan ukiran kayunipun. Ritual pemakaman Toraja minangka prastawa sosial ingkang wigati, limrahipun dipunrawuhi déning atusan tiyang lan kalangsungaken pirang-pirang dinten.

Sadèrèngipun abad ke-20, suku Toraja dumunung ing désa-désa otonom. Suku punika taksih nganut animisme lan dèrèng kasenggol déning dunya njawi. Nalika wiwitan taun 1900-an, misionaris Walanda rwauh lan nyebaraken agama Kristen. Sasampunipun samsaya kabikak tumrap dunya njawi ing taun 1970-an, kabupatèn Tana Toraja dados lambang pariwisata Indonésia. Tana Toraja dipunmanfaataken déning pengembang pariwisata lan dipunsinaoni déning antropolog.[3] Masarakat Toraja wiwit taun 1990-an ngalami transformasi budaya, saking masarakat kepercayaan tradisional lan agraris, dados masarakat ingkang mayoritas agama Kristen lan ngandelaken sèktor pariwisata ingkang terus mundhak.[4]

Identitas ètnis[besut | besut sumber]

Suku Toraja kagungan sakedhik pamanggih kanthi jelas babagan dhiri pribadinipun minangka sawijining golongan ètnis sadèrèngipun abad ke-20. Saederengipun penjajahan Walanda lan mangsa pengkristenan, suku Toraja, ingkang dumunung ing laladan dataran tinggi, dipunkenali adhedhasar désanipun, lan boten kagungan pamanggih minangka golongan ingkang sami. Ewadene ritual-ritual nyiptakaken gayutan antawisipun désa-désa, wonten kathah keragaman wonten dhialèk, hierarki sosial, lan manéka praktik ritual ing kawasan dataran tinggi Sulawesi. "Toraja" (saking basa pasisir ke, ingkang ateges tiyang, lan Riaja, dataran tinggi) pisanan dipun-ginakaken minangka sebutan penduduk dataran cendhèk kanggé penduduk dataran tinggi.[2] Akibatipun, nalika wiwitan "Toraja" langkung kathah kagungan gayutan dedagangan kaliyan tiyang njawi—kados ta suku Bugis lan suku Makassar, ingkang dumunung ing sapérangan ageng dataran cendhèk ing Sulawesi—tinimbang kaliyan sasama suku ing dataran tinggi. Rawuhipun misionaris Walanda ing dataran tinggi Toraja medalaken kesadaran ètnis Toraja ing wewengkon Sa'dan Toraja, lan idhèntitas ingkang sami punika tuwuh kanthi bangkitipun pariwisata ing Tana Toraja.[3] Wiwit punika, Sulawesi Kidul kagungan sekawan golongan ètnis utama—suku Bugis (kaum mayoritas, ngliputi penggawé kapal lan pelaut), suku Makassar (pedagang lan pelaut), suku Mandar (pedagang lan warigaluh), lan suku Toraja (tani ing dataran tinggi).[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c "Tana Toraja official website" (ing basa Indonésia). Dijupuk 2013-01-14. 
  2. ^ a b Nooy-Palm, Hetty (1975). "Introduction to the Sa'dan People and their Country". Archipel 15: 163–192. 
  3. ^ a b Adams, Kathleen M. (January 31, 1990). "Cultural Commoditization in Tana Toraja, Indonésia". Cultural Survival Quarterly 14 (1). Dijupuk 2013-01-14. 
  4. ^ Adams, Kathleen M. (Spring 1995). "Making-Up the Toraja? The Appropriate of Tourism, Anthropology, and Museums for Politics in Upland Sulawesi, Indonésia". Ethnology 34 (2): 143. doi:10.2307/3774103. Cithakan:ISSN. Dijupuk 2013-01-14.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  5. ^ Sutton, R. Anderson (1995). "Performing arts and cultural politics in South Sulawesi" (PDF). Bijdragen tot de Taal-, Land-en Volkenkunde 151 (4): 672–699. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]