Menyang kontèn

Karajan Pagaruyung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pagaruyung Dārul Qadār
Pagaruyuang
Malayapura
1347–1833
Flag
Flag
Cap Mohor
Cap Mohor
Pernahé Pagaruyung
Kutha krajan Pagaruyung
Basa Minang, Melayu,

Basa Sanskerta

Agama Saking Buda gantos dados Islam
Pamaréntahan Monarki
Sajarah
 •  Established 1347
 •  Perang Padri 1833
Sadurungé
Sawisé
Dharmasraya
Hindia Belanda
Warning: Value specified for "continent" does not comply

Karajan Pagaruyung inggih punika satunggalipun Karajan Melayu ingkang naté jumeneng ing provinsi Sumatera Kilèn lan laladan ing sakiwatengenipun.[1] Nami karajan punika dipunrujuk saking Tambo ingkang wonten ing masarakat Minangkabau, inggih punika satunggalipun nagari ingkang namanipun Pagaruyung.[1] Ing salajengipun, nama karajan punika ugi saged dipunrujuk saking inskripsi cap mohor Sultan Tangkal Alam Bagagar saking nagari Pagaruyung,[1] inngih punika wonten ing seratan kanthi aksara Jawi wonten ing bundheran ingkang ungelipun: Sultan Tangkal Alam Bagagar ibnu Sultan Khalīfatullāh ingkang gadhah takhta nagari Pagaruyung Dārul Qadār Johan dhaulatipun Zillullāh fīl 'Ālam.[1] Karajan punika pungkasanipun runtuh ing wekdal Perang Padri.[1] Amargi wonten prajanjen antawisipun kaum adat kaliyan Walanda ndadosaken Karajan Pagaruyung wonten ing panguwaosipun Walanda.[1]

Ing wekdal saderengipun dipunjajah Walanda, karajan punika mlebet karajan Malayapura, satunggalipun karajan ingkang wonten ing Prasasti Amoghapasa dipunsebataken dipunpimpin déning Adityawarman, ingkang dipunanggep minangka panguwaosipun Bhumi Melayu ing Suwarnabhumi.[2] Kalebet ing wewengkon karajan Malayapura inggih punika karajan Dharmasraya, sarta karajan utawi laladan ingkang sampun dipuntelukaken déning Adityawarman.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f [Amran, Rusli (1981). Sumatra Barat hingga Plakat Panjang. Penerbit Sinar Harapan]
  2. a b [Casparis, J.G. 1975. Indonesian palaeography: a history of writing in Indonesia from the beginnings to C. A, Part 1500. Panerbitan E. J. Brill; ISBN 978-90-04-04172-1]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]