Wong Padoé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Padoe)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Padoe

Suku Padoe (To Padoe), inggih punika suku ingkang papan dunungipun ing wewengkon kabupatèn Luwu Timur provinsi Sulawesi Kidul. Suku Padoe kasebar ing Wasuponda lan Sorowako. Suku punika kathah kapanggihaken ing laladan pagunungan lan lembah ing Luwu Timur. Populasi suku Padoe dipunprakirakaken antawis 18.000 tiyang.[1]

Asal-muasal[besut | besut sumber]

Suku Padoe dumunung ing laladan punika dipunprakirakaken wiwit abad XIV, ingkang migrasi saking laladan Sulawesi Tengah lan dumunung ing laladan pagunungan lan lembah ing laladan Luwu Timur Sulawesi Kidul. Nalika sapunika tiyang Padoe langkung kathah ingkang dumunung ing Wasuponda. Ing basa suku istilah "Padoe" ateges "tiyang tebih". Ing Luwu Timur suku punika dados salah satunggaling péranganing 12 anak suku ing sangandhapipun pamaréntahan Kedatuan Luwu (Karajan Luwu).[2]

Saking cariyos rakyat bilih suku Padoe punika aslipun saking suku bangsa Lili To Padoe Bangkano Kalende, ingkang kapérang dados 4 suku, inggih punika, Padoe, Lasaelawali, Kinadu lan Konde. Padoe sapunika dumunung ing laladan Matompi, Wawondula, Lioka, Tabarano, Tawaki, Tetenona lan Kawata.[3]

SAperangan cariyos rakyat babagan kathahipun para Pongkiari (ahli perang) saking suku Padoe ing jaman rumiyin, damel Datu Luwu maringi penghormatan piyambak dhumateng para Pongkiari lan sadaya suku Padoe. Saéngga, manawi pemimpin Kedatuan Luwu ngawontenaken sawijining hajatan, mesthi nyiapaken papan mligi kanggé tiyang-tiyang Padoe lan suku Padoe boten dipunsuwuni upeti dhumateng Datu Luwu. Cariyos rakyat babagan kasekten Pongkiari punika, jaréné tlaga Matano, tlaga Mahalona lan tlaga Towuti dumadi amargi paprangan para Pongkiari. Mekaten dahsyatipun paprangan punika, saéngga damel sawijining papan ingkang jembar lan dekok jero sanget saéngga damel sawijining tlaga. Nanging sesarengan kaliyan éwah-ewahaning jaman, eksistensi Pongkiari dangu-dangu ical.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika jaman pemberontakan DI/TII Kahar Muzakkar ing Sulawesi Kidul, kathah tiyang Padoe wangsul ing tanah nenek moyangipun ing Sulawesi Tengah kados ta Beteleme, Poso, Taliwan, Parigi, lan sanès-sanèsipun. Bab punika njalari suku Padoe kathah kasebar lan dumunung ing wewengkon Sulawesi Tengah dumugi sapunika.[4]

Rumiyin tiyang Padoe nganut agama kepercayaan Melahomua, sawijining ilèn kepercayaan ingkang mitadosi kakiyatan alam, wit ingkang dipunanggep keramat, gunung, bukit, dumugi bab-bab sanèsipun. Tiyang Padoe badhé nyukani sesembahan dhumateng barang ingkang dipunanggep saged mbekta berkah.

Nalika taun 1920-an para misionaris Kristen mlebet wewengkon suku Padoe lan nepangaken agama Kristen dhumateng wong Padoe. Wiwitanipun sakedhik sanget ingkang mlebet ajaran Kristen. Nanging dangu-dangu kathah ingkang purun nampi agama Kristen, lan sapunika sampun dados penganut agama Kristen ingkang tangat.

Ing taun 1965 kathah tiyang Padoe ingkang wangsul malih ing kampung halamanipun ing Sulawesi Tengah, amargi wontenipun owahan Darul Islam Wadya Islam Indonésia (DI/TII) ingkang dipunpimpin Kahar Muzakkar wiwit 1950 dumugi 1965 minangka mangsa suram ingkangdamel suku padoe kapisah-pisah ing kathah wewengkon.[4]

Taun 1968 nalika perusahan tambang nickel PT Inco mbikak eksplorasi, kanthi alon para penduduk ingkang kasebar wiwit wangsul malih dhateng papan dunungipun.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]