Wong Alas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Suku Alas)
Suku Alas, salah sawijining Suku ing Acèh
Suku Alas
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 60.000 JIwa.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Acèh Tenggara: 51.240 Jiwa
Basa
basa Alas.
Agama
Islam.
Golongan ètnik magepokan
suku Gayo, dan suku Karo.

Wong Alas minangka salah sawijining suku ingkang papan dunungipun ing Kabupatèn Acèh Tenggara, Provinsi Acèh (ingkang ugi asring dipunsebut Tanah Alas). Tembung "alas" ing basa Alas ateges "tiker". Bab punika wonten gegayutanipun kaliyan kahanan wewengkon ing wekdal punika ingkang papanipun mbentang rata kados déné tiker ing sela-sela Bukit Barisan. Laladan Tanah Alas dipunlangkungi kathah kali, salah satunggalipun inggih punika Lawe Alas (Kali Alas).[1]

Sapérangan ageng Suku Alas dumunung ing désa lan gesang saking tetanén lan ternak. Tanah Alas minangka lumbung pari kanggé wewengkon Acèh. Ananging kejawi punika, Suku Alas ugi ngandhelaken kasil saking kebon karèt, kopi, lan kemiri, sarta pados manéka jinis kasil alas, kados ta kayu, rotan, damar lan kemenyan. Déné kéwan ingkang dipunternak inggih punika turangga, menda, kebo, lan sapi.[1]

Kampung utawi désa Tiyang Alas dipunwastani kute. Sawijining Kute limrahipun dipunangge déning satunggal utawi langkung klan, ingkang dipunsebut merge. Anggota satunggal merge asalipun saking satunggal nenek moyang ingkang sami. Pola gesang kekaluwargan inggih punika kebersamaan lan persatuan. Suku punika narik garis keturunan patrilineal, tegesipun garis keturunan kakung. Suku Alas ugi nganut adat eksogami merge, tegesipun jodhoh kedah dipunpadosi ing merge sanés.[2]

Suku Alas 100% minangka penganut agama Islam. ananging taksih ingkang wonten pitados kaliyan praktik perdhukunan kados ta ing kegiyatan tetanén. Suku Alas nindakaken upacara-upacara kanthi latar belakang kepercayaan tartamtu supados tetanenipun gadhah kasil ingkang saé ugi boten kénging hama.[3]

Marga[besut | besut sumber]

Miturut buku (Sanksi dan Denda Tindak Pidana Adat Alas, Dr Thalib Akbar MSC 2004) wonten marga–marga ètnis Alas inggih punika: Bangko, Deski, Keling, Kepale Dese, Keruas, Pagan, lan Selian lajeng wonten malih marga Acih, Beruh, Gale, Kekaro, Mahe, Menalu, Mencawan, Munthe, Pase, Pelis, Pinim, Ramin, Ramud, Sambo, Sekedang, Sugihen, Sepayung, Sebayang lan marga Terigan.[4]

Seni Tari[besut | besut sumber]

Wonten kesenian saking ètnis suku Alas (Musyawarah Adat Alas dan Gayo, 2003):

1. Tari Mesekat

2. Pelabat

3. Landok Alun

4. Vokal Suku Alas

5. Canang Situ

6. Canang Buluh

7. Genggong

8. Oloi-olio

9. Keketuk layakh

[5]

Kerajinan[besut | besut sumber]

Punika minangka kasiling kerajinan tradisional saking ètnis alas kados ta:

1. Nemet (ngayam godhong rumbia)

2. Mbayu amak (tiker pandan)

3. Bordir ageman adat

4. Pande besi (pisau bekhemu)

[5]

Tetedhan Tradisonal[besut | besut sumber]

Punika jinising tetedhan tradisional saking suku alas:

1. Manuk labakh

2. Ikan labakh

3. Puket Megaukh

4. Lepat bekhas

5. Gelame

6. Puket Megaluh

7. Buah Khum-khum

8. Ikan pacik kule

9. Teukh Mandi

10. Puket mekuah

11. Tumpi

12. godekhr

13. puket sekuning

14. cimpe

15. getuk

[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]