Sutan Syahrir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sutan Syahrir
Sutan Syahrir


Mangsa jabatan
14 November 1945 – 3 Juli 1947
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Ora ana, kalungguhan anyar
Diganti déning Amir Sjarifoeddin

Mangsa jabatan
14 November 1945 – 12 Maret 1946
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning R.A.A. Wiranatakusumah
Diganti déning Sudarsono

Mangsa jabatan
14 November 1945 – 3 Juli 1947
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Achmad Soebardjo
Diganti déning Agus Salim

Miyos (1909-03-05)Maret 5, 1909
Nèderlan Padangpanjang, Sumatra Kulon, Hindhia Nèderlan
Tilar donya April 9, 1966(1966-04-09) (umur 57)
Switserlan Zurich, Swiss
Kabangsan  Indonésia
Partai pulitik PSI
Garwa Maria Duchateau
Siti Wahyunah
Profèsi Pulitikus
Agami Islam
Tapak asma Sutan Syahrir's signature

Sutan Syahrir (éjaan biyèn:Soetan Sjahrir) (lair ing Padangpanjang, Sumatra Kulon, 5 Maret 1909 – pati ing Zürich, Swiss, 9 April 1966 ing yuswa 57 taun) ya iku pulitikus lan mahamantri pisanan ing Indonésia.[1] Dhèwèké njabat dadi Mahamantri Indonésia saka 14 November 1945 nganti tekan 20 Juni 1947.[1] Syahrir ngedegaké Parté Sosialis Indonésia ana ing taun 1948.[1] Sutan mati ana ing pangasingan nalika dadi tawanan pulitik lan dikubur ing TMP Kalibata, Jakarta.[1]

Babad slira[besut | besut sumber]

Sekolah MULO ing Medan (watara taun 1925)

Syahrir lair saka pasangan Mohammad Rasad gelar Maharaja Soetan bin Soetan Leman gelar Soetan Palindih lan Puti Siti Rabiah kang asalé saka Koto Gadang, Agam.[2][3] Bapak saka Syahrir njabat dadi penaséhat sultan Deli lan kepala jaksa (landraad) ing Medan.[2] Syahrir seduluran tunggal bapak karo Rohana Kudus, aktivis lan wartawan wadon kang misuwur.[2] Syahrir sekolah ana ing (ELS) lan sekolah menengah (MULO) paling apik ing Kutha Medan, lan mbetaheken kumpul karo wong Walanda lan buku-buku asing lan atusan novèl Walanda.[2] Mbengine Sutan ngamèn ing Hotèl De Boer (saiki Hotèl Natour Dharma Deli), hotèl mirunggan kanggo tamu-tamu kulit putih.[2]

Akir urip[besut | besut sumber]

Taun 1955 PSI gagal ngumpulaké swara sajeroning pilihan umum pisanan ing Indonésia. Sawisé kasus PRRI taun 1958[4], gegandhèngan Sutan Syahrir lan Présidhèn Soekarno saya ala nganti akiré PSI dibubaraké taun 1960. Taun 1962 tekan taun 1965, Syahrir dicekel lan dikunjara tanpa diadili nganti nandhang stroke. Sawisé iku Syahrir diidinaké kanggo tetamba menyang Zürich, Swiss, salah sawijining kanca cerak sing tau njabat wakil ketua PSI Sugondo Djojopuspito ngeteraké dhèwèké menyang Papan Anggegana Kemayoran lan Syahrir ngekep Sugondo kanthi luh, lan akiré ninggal ing Swiss nalika tanggal 9 April 1966.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]