Menyang kontèn

Nyai Ageng Serang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Nyi Ageng Serang)
Nyai Ageng Serang

Nyai Ageng Serang utawa Raden Ajeng (RA) Kustiyah Wulaningsih Retno Edhi.[1] Dhèwèké putri pangeran Natapraja, panguasa tlatah Serang, tlatah terpencil ning karajan Mataram, Jawa Tengah.[1] Pangeran Natapraja iku panglima perang Sultan Hamengkeu Buwono 1 kang bergelar panembahan Serang.[1] Kustiyah awit cilik wus meluni bapané perang ngelawan Walanda.[1]

Lair ing Serang, Purwodadi, taun 1752.[1] Tilar donya ing Yogyakarta, ing taun 1838.[1] Disarekaké ing Beku,Kalibawang, Kulon Praga.[1] Sawisa bapané ninggal dunya amarga lara.[1] Kustiyah nggantikaké bapané dadi junjungan ing laladan serang lan duwé gelar Nyai Ageng Serang.[1] Sasuwené mimpin sarta dadi ahli srategi perang ngelawan para panjajah Walanda, Nyai Ageng dikenal cedhak karo rakyat-rakyate.[1] Dhèwèké asring bantu kasukaran masarakat, mbagi-mbagi pangan.[1] Nyai Ageng, asring migunakaké strategi perang marang panjajah Walanda kanthi cara meneng-menengan, nganggo taktik utawa strategi perang gerilya.[1] Nalika Perang Diponegoro, Nyai Ageng Serang kaliyan Raden Mas (R.M) Pak – Pak, mantuné lan wadyabala Natapraja kanggo nglawan para panjajah Walanda.[1] Nyai Ageng kang umuré wis tuwa iku (73 taun), nyerang para panjajah ning dhuwuring tandu.[1] Nalika Nyai Ageng Serang nyudai anggoné dadi pamimpin perang, parjuangan saterusé dilakoni déning mantuné, R.M. Pak-Pak.[1]

Nyai Ageng Serang tilar dunya ing umur kaping 86 taun ning tlatah Serang, sanajan ditinggal déning Nyai Ageng Serang tlatah mau tetep merdeka.[1] Ing taun 1833, pamarintah Walanda, mènèhi panghargyan lan tunjangan nganti 100 gulden kanggo dina tuané Nyai Ageng Serang.[1] Nyai Ageng punika sajatiné katurunan saka Sunan Kalijaga.[1] Dhèwèké uga duwé putu kang dadi pahlawan uga.[1] Ya iku R.M. Soewardi Surjaningrat utawa lebih kondhang karo jeneng Ki Hadjar Dewantara.[1] Nyai Ageng Serang disahaké dadi Pahlawan nasional, Présidhèn RI No.084/TK/1974.[1][2][3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 Biografi Nyai Ageng Serang Archived 2014-08-08 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 25 Juni 2011
  2. Biografi tokoh Indonésia Archived 2010-12-29 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 25 Juni 2011
  3. Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 31–35. ISBN 978-623-7254-10-2.