Menyang kontèn

Hamengkubuwana IX

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sri Sultan
Hamengkubuwana IX
Wakil Présidhèn Indonésia 2
Linggih
24 Maret 1973  23 Maret 1978
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéMohammad Hatta
Kang sawiséAdam Malik
Menteri Koordinator Babagan Perekonomian Républik Indonésia 1
Linggih
25 Juli 1966  17 Oktober 1967
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéOra ana
Kang sawiséAli Wardhana
Pratélan Wakil Mahamantri Indonésia
Linggih
6 September 1950  27 April 1951
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéAbdul Hakim
Kang sawiséSuwiryo
Mentri Pertahanan Républik Indonésia 5
Linggih
4 Agustus 1949  20 Dhésèmber 1949
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéMohammad Hatta
Kang sawiséAbdul Halim
Linggih
3 April 1952  30 Juli 1953
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéSukiman Wirjosandjojo
Kang sawiséIwa Kusumasumantri
Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta 1
Linggih
17 Agustus 1945  1 Oktober 1988
PrésidhènSoekarno
Soeharto
Kang sadurungéOra ana, kalungguhan anyar
Kang sawiséPaku Alam VIII (Pejabat Gubernur)
Raja Kasultanan Yogyakarta 9
Linggih
18 Maret 1940  1 Oktober 1988
Kang sadurungéHamengkubuwana VIII
Kang sawiséHamengkubuwana X
Rerincèn dhiri
Lair(1912-04-12)12 April 1912
Nèderlan Ngayogyakarta Hadiningrat
Pati2 Oktober 1988(1988-10-02) (umur 76)
Amérika Sarékat Washington, D.C., Amérikah Sarékat
Bangsa Indonésia
Parté pulitikNon parté
AnakAdipati Anum, lsp
AgamaIslam

Sri Sultan Hamengkubuwana IX (lair ing Sompilan Ngasem, Ngayogyakarta, 12 April 1912  pati ing Washington, DC, AS, 1 Oktober 1988 ing umur 76 taun) punika satunggaling Raja Kasultanan Ngayogyakarta kaliyan Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta. Panjenenganipun punika satunggaling Ratu wonten ing Kasultanan Ngayogyakarta watawis taun 1940-1988, ugi naté dados Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta ingkang sapisan sak bibaripun kamardikan.

Panjenenganipun Wakil Présidhèn Indonésia ingkang kaping kalih. Panjenenganipun jumeneng dados Wakil Présidhèn antawis taun 1973-1978.Sri Sultan Hamengkubuwana IX inggih punika ugi Ketua Kwartir Nasional Pramuka ingkang sapisan.[1][2]

Riwayat

[besut | besut sumber]

Sri Sultan Hamengkubuwono IX miyos ing Ngasem, Sompilan, Yogyakarta kanthi asma lair Gusti Raden Mas Dorodjatun. Panjenenganipun punika putra kaping sanga saking Gusti Pangeran Puruboyo kaliyan garwa utamaipun, Raden Ajeng Kustilah. Ing taun 1914, nalika Dorodjatun dereng ngancik yuswa tiga taun, Gusti Pangeran Puruboyo kaparingan kalenggahan dados Putra Mahkota Yogyakarta. Kanthi pangangkatan punika, Raden Ajeng Kustilah pikantuk gelar Kanjeng Raden Ayu Adipati Anom ing taun 1915.[3][4][5]

Nanging mekaten, KRA Adipati Anom boten kasempatan dados Ratu Yogyakarta. Ing antawisipun taun 1918 dumugi 1919, piyambakipun kapulangkaken dhateng griya ramaipun. Sawetara panaliti, kados Monfries saha Roem lan rencangipun, nyerat bilih kapulangan punika dipunsebabaken déning renggangipun sesambetan antawisipun KRA Adipati Anom kaliyan eyang kakungipun saking pihak kakung. Dene miturut Romo Tirun, sebab sanèsipun amargi KRA Adipati Anom kagolong turunan Untung Surapati, tokoh ingkang dipunanggep dados mungsuh déning pamaréntah Walandi, saéngga kaputusan punika dipunmaksudaken kanggé nglindhungi piyambakipun saking kahanan politik ingkang rawan nalika semanten.[6][7][8]

Priksani ugi

[besut | besut sumber]


Dipunrumiyini
déning:
Hamengkubuwana VIII
Raja Kasultanan Yogyakarta
1940-1988
Dipunlajengaken
déning:
Hamengkubuwana X
Dipunrumiyini
déning:
Mohammad Hatta
Wakil Présidhèn Républik Indonésia
1973-1978
Dipunlajengaken
déning:
Adam Malik
  1. http://www.pramukanet.org/ Archived 2012-01-11 at the Wayback Machine.(diunduh tanggal 17 Juli 2011)
  2. Tempo, Pusat Data Dan Analisa. Sultan Hamengku Buwono IX Jilid II (ing basa Indonesia). Tempo Publishing. ISBN 978-623-344-457-6.
  3. Santoso, Hieronymus Budi; Soedarmanta, J. B. (2024-09-01). Sri Sultan Hamengku Buwono IX: Mengabdi Republik untuk Rakyat (ing basa Indonesia). Pohon Cahaya. ISBN 978-623-442-381-5.
  4. Kutoyo, Sutrisno (1996). Sri Sultan Hamengku Buwono IX: riwayat hidup dan perjuangan (ing basa Indonesia). Mutiara Sumber Widya. ISBN 978-979-8011-30-6.
  5. Suharmaji, Lilik (2019). Sultan Hamengku Buwono IX: keteladanan sang penjaga gawang RI (ing basa Indonesia). Ombak. ISBN 978-602-258-553-4.
  6. Musyafa, Haidar (2017). Api republik: novel biografi Hamengku Buwono IX (ing basa Indonesia). IIman Real. ISBN 978-602-7926-38-7.
  7. Nusa, R. B. (2026-02-07). Serial Teladan Pahlawan Nasional: Sri Sultan Hamengku Buwono IX (1912-1988) (ing basa Indonesia). Hi-Kids. ISBN 978-623-135-149-4.
  8. Yusra, Abrar (1995). Komat-kamit Selo Soemardjan: biografi (ing basa Indonesia). Gramedia Pustaka Utama & Yayasan Ilmu-Ilmu Sosial. ISBN 978-979-605-329-2.