R. Suprapto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Letnan Jenderal R. Suprapto
Lair:Purwokerta, Jawa Tengah, 1 Oktober Agustus 1965
Tilar donya:Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965
Pasarean:TMP Kalibata-Jakarta

Letnan Jenderal R. Suprapto (Purwokerto, 20 Juni 1920Lubangbuaya, Jakarta, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional Indonésia. Suprapto minangka salah siji kurban sajeroning Gerakan 30 September lan disrèkaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta.

Karir Militer[besut | besut sumber]

Sawisé Proklamasi kamardikan, Soeprapto gabung dadi Tentara keamanan Rakyat (TKR), bibit kawité militèr Indonésia. Suprapto uga mèlu ngayahi operasi pelucutan senjata Jepang. Suparpto sabanjuré dadi ajudan saka Panglima pisanan yaiku Jenderal Sudirman, kalungguhan kang diwengku saka taun 1946 nganti 1947.[1] Ing September 1949, Suprapto dadi Kepala Staf Kodam Diponegoro ing Jawa Tengah, banjur pindhah menyang Markas Besar AD ing taun 1951. Tanggal 7 Mèi, 1960 dipindhah menyang Medan, Sumatra dadi Kasdam ing Sumatra. Jabatan pungkasan yaiku minangka Asisten ing Markas Besar AD saka tanggal 1 Juli 1962 nganti sédané.

Séda[besut | besut sumber]

Subuh tanggal 1 Oktober 1965, anggota G 30 S PKI teka ing dalemé Soeprapto ing Jalan Besuki No. 9, Menteng, Jakarta. Para penculik mau asal saka Pasukan pengawal Présidhèn "Tjakrabirawa", kang ngandhani yèn Suprapto ditimbali déning Présidhèn Sukarno. Nalika pamit arep ganti klambi ora diidinaké, lan Suprapto digawa ngangggo truk menyang Lubang Buaya, kang dadi markasé G30S/PKI.[2] Wenginé Suprapto dibedhil bareng karo para jendral TNI liyané kang diculik. Kabèh jasadé para jendral mau dilebokaké sajeroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.

Perwira TNI sing diculik nalika iku yaiku: Jenderal TNI Anumerta Ahmad Yani, Letnan Jenderal TNI Anumerta Suprapto, Letnan Jenderal TNI Anumerta Siswondo Parman, Letnan Jenderal TNI Anumerta M.T. Haryono Mayor Jenderal TNI Anumerta D.I. Panjaitan, Mayor Jenderal TNI Anumerta Sutoyo Siswomiharjo, lan siji perwira pertama yaiku Kapten CZI Anumerta Pierre Tendean.

Jasad para pahlawan mau pungkasané bisa tinemu lan sabanjuré disarèkaké kanthi upacara pakurmatan nagara ing Taman Makam Palawan Kalibata, Jakarta Selatan.

Liwat Kaputusan Présidhèn No. 111/KOTI/1965, Présidhèn Sukarno ngangkat Suprapto minangka Pahlawan Revolusi.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

Umum[besut | besut sumber]

  • Bachtiar, Harsja W. (1988), Siapa Dia?: Perwira Tinggi Tentara Nasional Indonésia Angkatan Darat (Who's Who?: Senior Officers of the Indonésian Army), Penerbit Djambatan, Jakarta, ISBN 979-428-100-X
  • Mutiara Sumber Widya (publisher) (1999) Album Pahlawan Bangsa (Albam of National Heroes), Jakarta
  • Sekretariat Nagara Républik Indonésia (1994) Gerakan 30 September Pemberontakan Parté Kuminis Indonésia: Latar Belakang, Aksi dan Penumpasannya (The 30 September Movement/Communist Party of Indonésia: Background, Actions and its Annihilation) ISBN 979-08300-025
  • Sudarmanto, Y.B. (1996) Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf), Penerbit Grasindo, Jakarta ISBN 979-553-111-5

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Bachtiar (1988)
  2. Sekretariat Nagara Républik Indonésia (1994)
  3. Mutiara Sumber Widya (publisher)(1999)

Pranala njaba[besut | besut sumber]