Hasyim Asy'arie

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Hasyim Asyari)
Kyai Haji Hasyim Asy'arie
Lair10 April 1875
Jombang, Jawa Wétan
Pati7 September 1947
Jombang, Jawa Wétan
Kondhang ingPendiri Nahdlatul Ulama
dan Pahlawan Nasional
Hadratusy Syaikh
BojoNyai Nafiqoh
Nyai Masruroh
AnakHannah, Khoiriyah, Aisyah, Azzah, Abdul Wahid, Abdul Hakim (Abdul Kholiq), Abdul Karim, Ubaidillah, Mashurroh, Muhammad Yusuf
Abdul Qodir, Fatimah, Chotijah, Muhammad Ya’kub

KH. Hasyim Asy'ari yaiku kyai kang nggawé (Basa Indonésia: organisasi massa Islam) gedhé dhéwé ing Indonésia, yaiku Nahdlatul Ulama utawa ing masarakat ingaran NU.[1] Hasyim Asy'ari lair ing Gedang, désa Tambakrejo Jombang nalika 10 April 1875 lan séda ing dukuh Tebu Ireng, désa Cukir kabupatèn Jombang tanggal 25 Juli 1947.[1] Lan uga dimakamké ing Désa Tebu Ireng ing lingkungan Pondok Pesantrèn Tebu Ireng.[1] Kyai Hasyim Asy'ari uga kalebu ing pratélan Pahlawan Nasional, kajaba iku piyambaké kalebu salah sawijining tokoh gedhé ing Indonésia ing abad 20.[1]

Kulawarga[besut | besut sumber]

KH. Hasyim Asy'ari yaiku anak kang nomer 3 saka 11 dulur.[2] Bapaké gadhah asma Kyai Asy'ari, pengasuh Pesantrèn Keras ing Désa Seblak, Kacamatan Diwek, Jombang lan Ibuné gadhah asma Halimah.[2] Miturut garis turunipun ibuné, KH. Hasyim Asy'ari iku kalebu turunan kaping wolu saka Jaka Tingkir.[2]

Wiyata[besut | besut sumber]

KH. Hasyim Asy'ari sinau dhasar-dhasar ngèlmu agama saka bapak lan simbahé, Kyai Utsman simbahé Hasyim Asy'ari uga duwé pesantrèn ing Nggedang Kabupatèn Jombang.[3] Wiwit cilik, Hasyim Asy'ari wis katon cerdasé.[1] Mula saka iku nalika isih umur 13 taun dhèwèké wis bisa mbiyantu bapakè ngajar para santri kang umuré luwih tuwa tinimbang Hasyim.[1] Saliyané cerdas, Hasyim Asy'ari uga sregep nyambut gawé.[1] Watak iku kang ngajarké simbahé, mula ndadékaké dhèwèké swatantra.[1] Saben ana wektu sela Hasyim Asy'ari nyempetna tani lan dodolan, mula saka iku kabéh kebutuhané dicukupi dhéwé tanpa njaluk wong tuwané kalebu tuku kitab-kitab kanggo pasinaonan.[1] Nalika umur 15 taun, Hasyim rumaja wis pisah karo wong tuwané saperlu ngulandara nuntut ngèlmu.[1] Kang sapisan dadi santri ing Pesantrèn Wonorejo Jombang, banjur nerusaké ing pesantrèn Wonokoyo Prabalingga, trun ing Pesantrèn Langitan Tuban, lan Pesantrèn Trenggilis Surabaya. Amarga durung rumangsa pinter karo ilmuné, Hasyim banjur nutukaké rihlah ilmiyah ning Pesantrèn Kademangan, Bangkalan, Madura, asuhan Kyai Kholil bin Abdul Latif kang kondhang waliyullah.[1] Sawisé nyantri limang taun ing Bangkalan, ing taun 1307 H/1891 M., Kiai Hasyim mulih ing tanah Jawa lan nyantri manèh ing pesantrèn Siwalan, Panji, Sidoarjo, asuhan Kyai Ya’qub.[1] Hasyim nyantri limang taun ing kana.[1] Nalika umur 21 taun, Hasyim di rabiaké karo Nafiqah, salah sawiji puteri Kiai Ya'qub taun 1892 M/1308 H.[1] Ora wetara suwé, Hasyim lan garwané uga mara tuwané saperlu nindakaké ngibadah haji ing tanah suci makkah.[1] Kanggo ngisi wektu ing sela-selané ngibadah haji kanggo sinau karo para alim ulama ing makkah.[1] Kabèh ngèlmu agama disinauni, mligi ngèlmu hadist.[1] 7 wulan lawasé ing makkah nyai Nafisah nglairaké jabang bayi trus diwènèhi aran Abdullah, Kyai Hasyim, Nafisah lan maratuwané seneng banget.[1] Lakuning urip iku isiné ora mung seneng, nanging uga ana susahé.[1] Ing atasé nembé bungah amarga lairé jabang bayi, nyai Nafiqah lara nganti séda ing Makkah.[1] 40 dinané nyai Nafiqah, Abdullah uga nyusul ibuné ing ngarsané Allah.[1] Nanging kabèh iku mau ora ndadèkakè kyai Hasyim kendho anggoné sinau lan ngibadah ing Makkah, kyai Hasyim uga tetep iling marang gusti kanthi nglakoni thawaf lan ngibadah liyané.[1] Sawisé iku Kyai Hasyim bali ning Indonésia saperlu ngeteraké mulih mara tuwa.[1] Ing taun 1309 H/1893 M kyai Hasyim balik manèh ing Makkah saperlu sinau bab agama karo adhiné Anis.[1]

Perjuangan[besut | besut sumber]

Nalika taun 1899, sak kunduré saka Makkah Kyai Hasyim Asy'ari nggawé pondhok pesantrèn ing Désa Tebuireng.[4] Wiwit taun 1900, kyai Hasyim ndadèkaké Pesantrèn Tebu Ireng minangka punjering pengajaran Islam tradhisional.[4] Pesantrèn Tebu Ireng dadi masyhur nalika para santri angkatan sapisan wis lulus lan bisa ngembangaké pesantrèn ing laladan-laladan lan uga bisa dadi masyhur.[4] Ing tanggal 31 Januari 1926, bareng tokoh-tokoh Islam tradhisional, Kyai Hasyim Asy’ari gawé Nahdlatul Ulama, kang artiné kebangkitan ulama.[4] Saya suwé NU saya maju lan saya akèh anggotané, kabèh iku amarga prabawa positif kyai Hasyim lan panjurung saka kanca-kancané.[4] Sanajan nduwé golongan dhéwé kyai Hasyim uga tetep ngormati ilèn-ilèn liyané, malah kepara tansah ngraketaké ukhuwah islamiyah.[4] Kyai Hasyim ora seneng gawé crah.[4] Kanthi alasan kang ora genah, nalika Indonésia ana ing panguasané Jepang kyai Hasyim dicekel karo prajurit Jepang.[4] Amarga pambiyantuné anaké KH. A. Wahid Hasyim, Kyai Hasyim bisa metu saka tahanané bangsa Jepang.[4] Banjur sawisé iku kyai Hasyim diangkat minangka kepala urusan agama, kalungguhan iku ditampa amarga kapeksa.[4] Sanajan wis dadi kepala urusan agama, kyai Hasyim tetep dadi pengasuh pesantrèn Tebu Ireng.[4] Sawisé Indonésia mardika, liwat pidatoné kyai Hasyim Asy'ari ngangkat semangaté para mudha taruna supaya gelem lan wani mbela nagara.[4]

Karya[besut | besut sumber]

Karya Sang Ulama Ing sak gesangé, KH Hasyim Asy'ari wis akèh gawé karya. [5] Ing antarané:

  1. Al-Tibyan fi al-Nahy ‘an Muqatha’ah al-Arham wa al-Aqarib wa al-Ikhwan. isiné bab tata caca silaturahmi lan wigatiné gayutan sosial (1360 H).[5]
  2. Mukaddimah al-Qanun al-Asasy Li Jam’iyyah Nahdhatul Ulama. Pambuka undang-undang dhasar organisasi Nahdhatul Ulama’ (1971 M).[5]
  3. Risalah fi Ta’kid al-Akhdz bi Madzhab al-A’immah al-Arba’ah. Risalah madzhab papat.[5]
  4. Mawaidz (Babagan Nasihat). isiné bab fatwa lan wejangan kanggo umat (1935).[5]
  5. Arba’in Haditsan Tata’allaq bi Mabadi’ Jam’lyah Nahdhatul Ulama’. isiné 40 hadis Nabi kang ana gegayutane karo dhasar-dhasar Nahdhatul Ulama’.[5]
  6. Al-Nur al-Mubin fi Mahabbah Sayyid al-Mursalin, 1346 H.[5]
  7. At-Tanbihat al-Wajibat liman Yashna’ al-Maulid bi al-Munkarat. 1355 H.[5]
  8. Risalah Ahli Sunat Wal Jama’ah fi Hadits al-Mauta wa Syarat as-Sa’ah wa Bayan Mafhum al-Sunat wa al-Bid’ah.[5]
  9. Ziyadat Ta’liqat a’la Mandzumah as-Syekh ‘Abdullah bin Yasin al-Fasuruani.[5]
  10. Dhau’ul Misbah fi Bayan Ahkam al-Nikah.[5]
  11. Ad-Durrah al Muntasyiroh Fi Masail Tis’a ‘Asyarah.[5]
  12. Al-Risalah fi al-’Aqaid. basa Jawa, isisné bab tauhid 1356 H/1937 M.[5]
  13. Al-Risalah fi at-Tasawwuf. isiné bab tashawuf.ditulis nganggo basa Jawa.[5]
  14. Adab al-‘Alim wa al-Muta’allim fima Yahtaju ilaih al-Muta’allim fi Ahwal Ta’limih wama Yatawaqqaf ‘alaih al-Muallim fi Maqat Ta’limih.[5]

Saliyané kitab-kitab ing dhuwur iku mau, uga ana manèh naskah manuskrip karya KH. Hasyim Asy'ari kang nganti saiki durung diterbitaké. [5] yaiku:

  1. Hasyiyah ‘ala Fath ar-Rahman bi Syarh Risalah al-Wali Ruslan li Syeikh al-Islam Zakariya al-Anshari.[5]
  2. Ar-Risalah at-Tawhidiyah.[5]
  3. Al-Qala’id fi Bayan ma Yajib min al-Aqa’id.[5]
  4. Al-Risalah al-Jama’ah.[5]
  5. Tamyiz al-Haqq min al-Bathil.[5]
  6. al-Jasus fi Ahkam al-Nuqus.[5]
  7. Manasik Shughra.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x Hasyim Asy'ari Archived 2011-05-10 at the Wayback Machine. (07 Mèi 2011)
  2. a b c NU (07 Mèi 2011)
  3. news.okezone.com
  4. a b c d e f g h i j k l "KH. Hasyim Asy'ari". Diarsip saka sing asli ing 2010-12-24. Dibukak ing 2011-05-12.
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Pesantren karya