Gatot Soebroto
| Gatot Subroto | |
|---|---|
| Barkas:Gatot Soebroto 1969 Indonésia stamp.jpg | |
| Lair | 10 Oktober 1907 Banyumas, Jawa Tengah |
| Pati | 11 Juni 1962 (umur 54) Jakarta, Indonésia |
| Pakaryan | Militer, |
| Kondhang ing | Pahlawan Nasional Indonésia |
Gatot Soebroto (lair ing Banyumas, Jawa Tengah, 10 Oktober 1907– kapundhut ing Jakarta, 11 Juni 1962 nalika umur 54 taun) iku tokoh perjuangan militèr Indonésia.[1] Dhèwèké uga merjuangake kamardikan Indonésia.[1] Gatot Soebroto disarekake ing Ungaran, Kabupatèn Semarang.[1] Nalika taun 1962, Soebroto dianugrahi gelar Pahlawan Kamardikan Nasional miturut SK Présidhèn RI No.222 tanggal 18 Juni 1962.[1] dhèwèké uga bapak angkaté Bob Hasan, salah sijiné pengusaha kang misuwur lan tau dadi mantri ing jaman Soeharto.[1]
Nalika SD ing HIS, dhèwèké ora nerusaké ing sekolah kang Luwih dhuwur, nanging dhèwèké milih kerja. Nanging nalika taun 1923 dhèwèké lumebu sekolah militèr KNIL ing Magelang.[2] Bubar Jepang nguwasani Indonésia, Banjur Gatot Subroto sekolah manèh ing PETA kang ana ing Bogor.[2] Nalika wis merdheka, Gatot Subroto milih lumebu Tentara Keamanan Rakyat (TKR) lan dhèwèké diangkat dadi Panglima Divisi II, Panglima Corps Pulisi Militer, lan Gubernur Militer Laladan Surakarta lan kiwa tengene.[2]
Sabubare mèlu perang kamardikan, ing taun 1949 Gatot Subroto diangkat dadi Panglima Tentara & Teritorium (T&T) IV I Diponegoro.[2]
Nalika taun 1953, dhèwèké mundur saka dinas militèr, nanging telung taun sabubaré mundur, dhèwèké diangkat dadi Wakil Kepala Staf Angkatan Darat (Wakasad).[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |