Pangeran Antasari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pangeran Antasari
Panembahan Amiruddin Khalifatul Mukminin
Pangeran Antassarie
Gusti Inu Kartapati
Gambar Pangeran Antasari kang ana ing duit
Mréntah 14 Maret 1862-11 Oktober 1862
Miyos 1809
Martapura, Banjar
Tilar donya 11 Oktober 1862 (umur 53 taun)[1]
Bayan Begok, Kalimantan Tengah
Pendahulu Sultan Hidayatullah Khalilullah
Pangganti Sultan Muhammad Seman
Consort Ratu Antasari
Nyai Fatimah
Wangsa Dinasti Banjarmasin
Bapa Pangeran Masohut (Mas'ud) bin Pangeran Amir
Ibu Gusti Khadijah binti Sultan Sulaiman

Pangeran Antasari (lair ing Kayu Tangi, Kasultanan Banjar, 1797[2] utawa 1809[3].[4][5][6] – tilar donya ing Bayan Begok, Indhiya Nèderlan, 11 Oktober 1862) yaiku kagolong piyantun pajuang Pahlawan Nasional Indonésia.

Panjenengané misuwur karan jeneng Sultan Banjar.[7] Pada 14 Maret 1862, uga dinobatake kanggo mandhegani pamrèntahan Ndhuwur ing Kasultanan Banjar (Sultan Banjar) kanthi nyandang gelar Panembahan Amiruddin Khalifatul Mukminin ing ngarepan suku dayak lan adipati (gubernur) panguasa tlatah Dusun Ndhuwur, Kapuas lan Kahayan yaiku Tumenggung Surapati/Tumenggung Yang Pati Jaya Raja.[8]

Silsilah[besut | besut sumber]

Nalika isih nom panjenengané karan jeneng Gusti Inu Kartapati.[9] Ibune Pangeran Antasari yaiku Gusti Hadijah binti Sultan Sulaiman. Bapaké Pangeran Antasari yaiku Pangeran Masohut (Mas'ud) bin Pangeran Amir. Pangeran Amir iku putrane Sultan Muhammad Aliuddin Aminullah kang ora bisa munggah singgasana ing taun 1785. Panjenengane diusir déning waline dhéwé, Pangeran Nata, kang kanthi panjurung Walanda nganggep panjenengané minangka Sultan Tahmidullah II.[10][11][12] Pangeran Antasari duwé putra cacahé 3 lan putri kang cacahé 8.[13] Pangeran Antasari duwé adhi wadon karan jeneng Ratu Antasari utawa Ratu Sultan Abdul Rahman kang nikah karo Sultan Muda Abdurrahman bin Sultan Adam nanging séda dhisik sadurungé duwé katurunan.

Pati[besut | besut sumber]

Pangeran Antasari séda tanggal 11 Oktober 1862 ing Tanah Kampung Bayan Begok, Sampirang. Sadurungé séda, panjenengané lara paru-paru lan cacar sawisé pertempuran ing ngisor Bukit Bagantung, Tundakan. Menjelang wafatnya, beliau terkena sakit paru-paru dan cacar yang dideritanya setelah terjadinya pertempuran di bawah kaki Bukit Bagantung, Tundakan.[14] Perjuangane ditrusake déning putrane kang jenenge Sultan Muhammad Seman.[15]

Sawisé dikubur suwéné kurang luwih 91 taun ing laladan kali Barito, déning rakyat Banjar lan pasarujukan kaluwargane, tanggal 11 November 1958 kerangkane Pangeran Antasari diangkat. Sing isih wutuh yaiku balung cumplung, tempurung dhengkul, lan rambut kang cacahé mung pirang iji. Banjur kerangka iki dikubur manèh ing Taman Makam Perang Banjar, Kalurahan Surgi Mufti, Banjarmasin.

Pangeran Antasari kanugrahan bebungah minangka Pahlawan Nasional lan Kamardhikan déning pamaréntah Republik Indonesia dhedhasar SK No. 06/TK/1968 ing Jakarta, tanggal 27 Maret 1968.[16] Jeneng Antasari diabadikake ing Korem 101/Antasari lan sesebutan kanggo Kalimantan Kidul yaiku Bumi Antasari. Kanggo manuhaké Pangeran Antasari marang masarakat nasional, Pemrentah mawi Bank Indonésia (BI) nyithak lan ngabadikake jeneng uga gambar Pangeran Antasari ing dhuwit kertas nominal Rp 2.000.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Ajisaka, Mengenal Pahlawan Indonésia (ed. Revisi), Kawan Pustaka, ISBN 979-757-278-1, 9789797572785
  2. Kisah Heroik Pahlawan Nasional Terpopuler. Galangpress Group. ISBN 6028620106.ISBN 9786028620109
  3. Wahana Ips Iimu Pengetahuan Sosial. Yudhistira Ghalia Indonésia. ISBN 9797467139.ISBN 9789797467135
  4. Sudarmanto, J. B. (2007). Jejak-jejak pahlawan: perekat kesatuan bangsa Indonésia. Grasindo. kc. 159. ISBN 9797597164.ISBN 9789797597160
  5. Helius Sjamsuddin; Antasari, Balai Pustaka, 1982
  6. Iskandar, Salman. 99 Tokoh Muslim Indonésia. PT Mizan Publika. ISBN 9797526828.ISBN 9789797526825
  7. "Regnal Chronologies Southeast Asia: the Islands". Diarsip saka sing asli ing 2018-01-11. Dibukak ing 2011-07-07.
  8. Basuni, Ahmad (1986). Pangeran Antasari: pahlawan kemerdekaan nasional dari Kalimantan. Bina Ilmu. kc. 57.
  9. (1971)Artha, Artum. Pangeran Antasari Gusti Inu Kartapati.
  10. Sudrajat, A Suryana (2006). Tapak-tapak pejuang: dari reformis ke revisionis (Seri khazanah kearifan). Erlangga. kc. 19. ISBN 9797816109.ISBN 978-979-781-610-0
  11. Komandoko, Gamal (2006). Kisah 124 pahlawan & pejuang Nusantara. Pustaka Widyatama. kc. 54. ISBN 9796610906.ISBN 978-979-661-090-7
  12. (ing basa Walanda) (1899)De Indische gids. Vol. 21 (édhisi ka-1). kc. 277.
  13. (ing basa Walanda) Rutte, J. M. C. E. Le (1863). Episode uit den Banjermasingschen oorlog. A.W. Sythoff.
  14. 100 Pahlawan Nusantara: Mengenal Dan Meneladani Para Pahlawan Melalui Kisah Perjuangan Mereka Dalam Mewujudkan Dan Mempertahankan Kemerdekaan Indonésia. AgroMedia. kc. 6. ISBN 6028526347.ISBN 978-602-8526-34-0
  15. IPS:-Jilid 5. ESIS. kc. 70. ISBN 9797346013.ISBN 978-979-734-601-0
  16. Pahlawan Indonésia. Niaga Swadaya. kc. 12. ISBN 979-1481-60-1.ISBN 978-979-1481-60-1



Didhisiki déning:
Hidayatullah II
{{{jabatan}}}
1862
Diganti déning:
Muhammad Seman