Menyang kontèn

Ahmad Yani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jendral TNI Anumerta Ahmad Yani
Lair:Purworejo, Jawa Tengah, 19 Juni 1922
Tilar donya:Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965
Pasarean:TMP Kalibata-Jakarta

Jendral TNI Anumerta Ahmad Yani (uga dieja Achmad Yani; Purworejo, 19 Juni 1922Lubang Buaya, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional indonesia.

Ahmad Yani kaloka minangka sawijining wadya kang tansah sebrang-sebrangan karo PKI (Parté Kuminis Indonésia). Nalika mengku kalungguhan minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat wiwit taun 1962, Ahmad Yani nulak usul PKI kanggo nggawé Angkatan Kalima kang dumadi saka buruh lan tani (kang diwènèhi gaman). Awit saka iku Ahmad Yani, bebarengan karo pitu tokoh TNI, dadi target kang diculik lan diprejaya déning PKI, liwat G30S (Gerakan Tiga Puluh September). Ahmad Yani ditembak ing ngarep kamaré wektu subuh tanggal 1 Oktober 1965. Jasadé tinemu ing sajeroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.[1]

Jabatan pungkasan Ahmad Yani ya iku minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat(Men/Pangad) wiwit taun 1962.

Ahmad Yani disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]
  • HIS (satingkat karo SD) Bogor, tamat taun 1935
  • MULO (satingkat karo SMP) kelas B Afd. Bogor, tamat taun 1938
  • AMS (satingkat karo SMU) pérangan B Afd. Jakarta, mandheg taun 1940
  • Wiyata militèr ing Dinas Topografi Militer ing Malang
  • Wiyata Heiho ing Magelang
  • PETA (Wadya Pembela Tanah Air) ing Bogor
  • Command and General Staff College ing Fort Leaven Worth, Kansas, USA, taun 1955
  • Special Warfare Course ing Inggris, taun 1956

Bintang Pakurmatan

[besut | besut sumber]
  • Bintang RI Kelas II
  • Bintang Sakti
  • Bintang Gerilya
  • Bintang Sewindu Kemerdekaan I lan II
  • Satyalancana Kesetyaan VII, XVI
  • Satyalancana G: O.M. I lan VI
  • Satyalancana Sapta Marga (PRRI)
  • Satyalancana Irian Barat (Trikora)
  • Ordenon Narodne Armije II Reda Yugoslavia (1958) lll.
Kolonel Ahmad Yani

Karir Militèr

[besut | besut sumber]

Sawisé Proklamasi kamardikan Indonésia, Yani lumebu dadi wadya lan mèlu berjuang nglawan panjajah Walanda. Yani ngadegaké wadyabala mirunggan Banthèng Raiders kanggo nglawan pambrontak Darul Islam ing Pulo Jawa. Sawisé iku, Yani dipindhah menyang Markas Angkatan Dharat, lan banjur lumebu sekolah ing Command and General staff College, Fort Leavenworth, Texas, Amérika Sarékat. Nalika mulih ing sasi Agustus 1958, Yani banjur mimpin Operasi 17 Agustus nglawan pembrontak PRRI ing Sumatra Barat. Pasukané ditugasi kanggo ngrebut kutha Padang lan Bukittinggi, lan suksès mimpin operasi iki Yani banjur diangkat dadi Asisten Kasad ing tanggal 1 September 1962, lan sabanjuré dadi Kasad ing tanggal 13 November 1963, kang otomatis dadi anggota kabinèt nggantèkaké Jendral Nasution.

Nalika Présidhèn Sukarno tansaya raket karo Parté Kuminis Indonésia (PKI) ing wiwitan taun 60-an, Yani, kang anti banget marang kuminis, dadi kuwatir, mligi sawisé PKI ngusulaké "Angkatan Kalima" lan Sukarno nyoba nglebokaké dhoktrin Nasakom (Nasionalisme-Agama-Kuminisme) sajeroning militèr. Yani lan Nasution nyoba ngulur wektu nalika diprintah déning Sukarno tanggal 31 Mèi 1965 kanggo gawé rencana mempersenjatai rakyat (buruh lan tani).

Wektu subuh tanggal 1 Oktober 1965, Gerakan 30 September/PKI nyulik pitu perwira Angkatan Dharat. Nalika para penculik tekan dalemé Yani lan mènèhi weruh yèn ditimbali Présidhèn, Yani njaluk arep adus lan ganti klambi. Nalika panjaluké ora diidinaké Yani murka, lan nyoba nutup lawang ngarep. Salah siji penculik mbanjur mbedhil ngenani Yani nganti séda. Jasadé digawa menyang Lubang Buaya laladan ing sisih wétan Jakarta, lan bebarengan karo jendral kang diprejaya jasadé dilebokaké sajeroning sumur tuwa.

Wusanané jisim Yani lan para kurban liyané bisa diketemokaké ing tanggal 4 Oktober, lan disarèkaké kanthi paurmatan nagara ing Taman Makam Pahlawan Kalibata Jakarta. Ing dina iku uga, Yani lan para kurban liyané dikaruniani gelar Pahlawan Revolusi kanthi Kaputusan Présidhèn No. 111/KOTI/1965.

Dina iki, akèh kutha ing Indonésia duwé dalan kang dijenengaké nganggo asmané Yani, lan tilas dalemé ing Jalan Latuhahary No. 6, Menteng, Jakarta didadèkaké musiyum.

  • Bachtiar, Harsja W. (1988), Siapa Dia?: Perwira Tinggi Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat (Who is S/He?: Senior Officers of the Indonésian Army), Penerbit Djambatan, Jakarta, ISBN 979-428-100-X
  • Mutiara Sumber Widya (publisher) (1999) Album Pahlawan Bangsa (Albam of National Heroes), Jakarta
  • Riklefs (1982), A History of Modern Indonesia, Macmillan Southeast Asian reprint, ISBN 0-333-24380-3
  • Sekretariat Nagara Républik Indonésia (1975) 30 Tahun Indonésia Merdeka: Jilid 3 (1965-1973) (30 Years of Indonésian Independence: Volume 3 (1965-1973)
  • Secretariat Nagara Républik Indonésia (1994) Gerakan 30 September Pemberontakan Parté Kuminis Indonésia: Latar Belakang, Aksi dan Penumpasannya (The 30 September Movement/Communist Party of Indonésia: Bankgrounds, Actions and its Annihilation) ISBN 979-08300-025
  • Simanjuntak, P.H.H (2003) Kabinet-Kabinet Républik Indonésia: Dari Awal Kemerdekaan Sampai Reformasi (Cabinets of the Republic of Indonésia: From the Start of Independence to the Reform Era, Penerbit Djambatan, Jakarta, ISBN 979-428-499-8
  • Sudarmanto, Y.B. (1996) Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf), Penerbit Grasindo, Jakarta ISBN 979-553-111-5

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Jenderal Anti Komunis" Archived 2010-05-27 at the Wayback Machine., Tokoh Indonésia. URL diakses padha 1 April 2007

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Didhisiki déning:
Abdul Harris Nasution
{{{jabatan}}}
1962-1965
Diganti déning:
Soeharto